Sabtu, 03 September 2011

BABAD ARUNGBINANG pupuh 1 dumugi 2

Cariyos babad Arungbinang punika kasalin (transliterasi) saking  aksara Jawa dhateng aksara Latin dening Agus Budiono,S.S/agustbedhe, kawiwitan saking kaca 15 dumugi kaca 510'an  amargi kaca 1 dumugi 14 sampun ical/ suwek lan sasampunipun kaca 510'an inggih smpun risak/suwek.  Mekaten ugi menawi anggen kula 'nransliterasi' punika wonten kakiranganipun, nyuwun pambiyantunipun amrih sae lan leresipun kados punapa ingkang sampun kapacak wonten blog punika.
Koleksi Pribadi Penulis Naskah Babad Arungbinang Dalam Kondisi Tidak Lengkap.

Teks Babad Arungbinang.

PUPUH DHANDHANGGULA
(1)

1. sowan kawula paduka gusti, dinuta ing putra jêng Narendra, gusti ngaturan
    kundure, mring  nêgari mêntarum, jêng sinuwun sangêt rudatin, tinilar
    panêmbahan, praja harahuru, dhawuh putra padukendra, sakathahing lêpat
    samar miwah lahir, putra nuwun aksama.

2. wantos - wantos gusti jêng putra ji, ulun kinen andherek sarênga, mênawi
    botên kadherek, sanisdhaya pinugut, cagak kopyah kawula gusti, dhuh gusti
    kuwêlasa, ing kawulanipun, engêta mring putra Nata, tur kawula tumuntên
    kundura gusti, wisuda among putra.

3. paranbaya drêsananing runtik, tilar praja manglena sarira, anampik pan duk
    kamukten, nêpsu têmah kêlurung, tan wun raga katêmpah lalis, prayogi ulatana,
    kanitya …… (sêratan kabusak/rumpang)…… , tama utameng dumadya,
    taralan muhung rukun lan kulit daging, otot bêbalung …… (sêratan kabusak/
    rumpang)……

4. mugya mulya ningalam dunyeki, ing …… (sêratan kabusak/rumpang) ……
    raja Nara Nata, pikantuk  lahir batine, amranani rahayu, putra wayah sawuri wuri, 
    ruwiya malak mandar, kadarmanya wimbuh, bubuka sangking paduka, pintên
    pintên kanugrahaning Suksma di, sirik yen tinolaka.

5. kathah kathah atur duta dwi, manohara amrih liliya, ing pênggalih sang wirage,
    jêng pangran aswa muwus, lah ta uwis mênênga kalih, ing reh aja dinawa, têmah
    murung laku, ywa ngucap kang ngora ora, luput apa sinuwun dhumatêng kami,
    mandraweng wiwilangan.

6. balik dhewe kang angrasa sisip, marang ratu keh kapiutangan, bênêr aturira
    kuwe, wit keringan wak ingsun, ya margane sangking Nrêpati, kang sun sandhang
    sun pangan, pasiyaningratu, durung bisa amalêsa, wong pinanggul enak enak
    mangan goling, gêgolongan
    duraka.


7. leh sun lunga sangking praja iki, nora marga sêrik miwah mrina, mung sêtya malês
    sih rajeng, mumuji ring ywang agung, rahayune gri Narapati, upama sun mujiya,
    neng praja tyas bawur, kaurugan mutya boga, mutyasmara brastha prabawaning
    puji, bonggan gawe linakyan.

8. bêcik ngasowa sireku kalih, yen wis aso lah nuli baliyo, matura maring sang
    rajeng, manira nyuwun bêndu, durung bisa seba wak mami, iya tapi rang bara,
    sawêtawis taun, pinarêng bisa sewaka, ora beda ing kana kene pan sami,
    kagungane Sri Nata.

PUPUH SINOM
(2)


1. angabehi wirayuda, lan ngabehi wirasari, kewêd kaungkungkulan  sabda, tan
    bangkit amarna malih, ciptanya nora bali, jrih pêpacuh sanga Prabu, wau
    sakehing  jalma, sakala ngungun ningali, dene datan nyana yen iku Kusuma.


2. Kusuma têrah mêntaram, amindha mindha wong cilik, samya lumungsur
    linggihnya, nêmbah matur angrêrintih, kang ngabdi sewu sisip, kasamaran
    ing pandulu, gusti angapuntêna, rila sarira ginitik, langkung awon ingkang ngabdi
    tiyang karang.


3. sêmangke sampun pratela, jêng paduka gusti mami, mongsa purun linggih jajar,
    rinêksaha boten wani, yen mêngkaten kang ngabdi, ing karang katiban daru,
    karob samudra kilang, kagunturan wukir sari, …… (sêratan kabusak/
    rumpang) …… tyas.


4. ngandika sang mindha sudra, kang beneh …… (sêratan kabusak/rumpang) 
    dêling,  jêr iradating hyang  Suksma, lalakone wong ngaurip, sira nak putu
    mami, kadang mitra wong tuwaku, …… (sêratan  kabusak/rumpang)
    tatrap, têrusna kaya kang nguwis, ngaraha …… (sêratan kabusak/rumpang) 
    …… dunya.


5. padha asal saking Adam, payo kene prak lan mami, gumrumung matur
    anêmbah, gusti nuwun nuwun ajrih, ya ta jalma sawiji, prênagati wastanipun, 
    matur apundirangan, dhuh mongsa inggiya gusti, kula ingkang angawisi tiyang
    kathah.


6. upami wontên puruna, mêndonong jajari gusti, kawula kang amêlathas, 
    têrtamtu titiyang baring, dhasar tiyang ing ngriki, kathah botên sumrap ngurus, 
    awit rumiyin mila, sampun kawula sanjangi, yen paduka trah Kusuma witarêdya.


7. nanging sami botên gêga, malah sami nyênthulani, nuruti bongsa luhamah,
    plênthing wêtêng lambe klimis, tan uning tata krami, pratingkah clala calulu,
    gya sumaur cumlalak, pun jugil lalinggih wuri, jaka tuwa bêdhigul punuk trajumas. 


8. si biyang ngameki prang, adol tuwa adol bangkit, wong karang kabeh dicacad,
    têsmak bathok tan wruh gusti, mung dheweke pribadi, mangêrti weruh ing
    ngurus, kapan nggone wêwarah, kiprênasa jêge urip, mung angempol amurih
    den mulenana.


9. gumampang arêp mêlathas, jajal pêlathasên mami, mumpung neng ngarsa
    bêndara, kang kathah samya ngojongi, angilonipun jugil, gumrumung anguwus
    uwus, prênagati kewêdan dhalêlêg tan bisa angling, angabehi wirasari lon mêdun.


10. sanak aja kêkêrêngan, wêleh wêlehan pakarti, kang nguwis aja kinocap,
      pan wis karsane jêng gusti, namur mindha wong cilik, rehning samêngko wis
      wêruh, jêng Pangeran Bumidirja, iku kêng paman sang aji, kangjêng Sunan
      kang ngêdhaton ing mentaram.


11. padha den bêcik rumêksa, turutên sakarsaneki, bisuk yen sira kapriksa,
      ing kangjêng Sri Narapati, kaya uga maringi, panarima mring ngawakmu,
      umyang matur kikila, sandika têmtu nglampahi, siyang dalu cumadhong
      reh sang bêndara.


12. tan winarna laminira, wau ta gandhek kêkalih, sabên dina ngela ela, supadi
      jêng pangran lilih, kêrsaha anuruti, kundur dhumatêng mêntarum, ananging
      jêng pangeran, ing tyas lir prabata wêsi, nora kiguh mring atur pamanohara.


13. putêk barubah wêrdaya, nekad datan sêdya mulih, yen wangsula pêsthi lena,
      angur nungku aneng ngriki, ngabehi wirasari, wirayuda tan mamatur, gusti
      inggih kawula, andherek  tumameng ngriki, kalilana mangestu pada paduka.


14. ulun têmah tilar semah, pangran Bumidirja angling, lah iya sakarêpira,
      sêraya nata kitaki, pira lawasing ngurip, mung sêpanguneng dunyeku, sênadyan
      ta muktiya, keringana aneng nagri, nora enak suwita ratu ruhara.


15. akarya sawêning wêning, mateni wong tanpa titi, apa ta nora intuka,
      wawalêsing reh durniti, dumeh dadi Nrêpati, wasesa ngugung sakayun,
      wirasari anêmbah, lêrês jêng paduka gusti, lir angandika agraning ri tistheng praja.


16. gusti sêpangkêr paduka, punggawa kêkês ngranuhi, rumaos tan darbe gêsang,
      ming mêmplak mêmplak ing galih, inggih wêtawis mami, mbok mênawi botên
      dangu, rêngka nagri mêntaram, ningali oyaging jalmi, amyang datan eca nadhah
      eca nendra.


17. angling pangran Bumidirja, kang mêngkana wirasari, lah iya wallahuaklam,
      kawula nora udani, tan lena pamuji mami, rahayune sang ngaprabu, mêngku nagri
      mêntaram, ngaubi kawula wargi, ngêmungêna manira dhewe cintraka.


18. winursita jêng pangran, Bumidirja lalu lami, dêdalêm Kêbumen karang, tarak
      brongta among tani, kasub tinuwi tuwi, wangsul asmanireng dangu, pangran
      Bumidirja, akathah tiyang babêkti, angyaksakên dalêm sawêtawis gora.


19. rinênggo ing dutya boga, anging jêng pangeran maksih, karêm titi kariya lat,
      cinipta tumêkeng ngakir, umahyakên wawêling, yen têmbe praptaning surud,
      mundhut kinubur desa, ing lundhong lan dhatan apti, cinungkuba sêtya nutugkên
      riyalat.


20. angabehi wirayuda, sakaliyan wirasari, anuwun mêthal tarukah, jêng pangeran
      anglilani, wêragad den paringi, karya sangu yasa dhukuh, ngidul genirta kentar,
      ngupaya kang den sênêngi, ri sampuning manggih nulya linêksanan.


21. yasa dhukuh tuwin pêcal, lami dados rêngkêd keksi, kathah lumiring tarukah,
      tan kirang sandhang bukti, barang tinanêm dadi, wang wang katêlah ran dhusun,
      nênggih ing pêgandhekan, ewa mangkana gandheki, sabên ratri sowan marang
      desa karang.


22. ubayanireng wardaya, mênawi ing têmbe lalis, nuwun kinubur ywa têbah,
      lawan pasareyan gusti, data tita ginupit, jêng pangeran têdhakipun, kang winarna
      sajuga, jalu tistheng lundhong, desi anguyuni wong desa lundhong mandhala.


23. wit parentahing sudarma, pangran Bumidirja nenggih, kang putra datan kalilan,
      pasêbatan lir priyayi, raden tuwin mas aming, kiyahi sêbatanipun, kyai bêkêl
      namanya, murih ywa ngêgêt ngêgêti, mung ngesthiya tata pakarti wong desa.


24. saprandene nora kêna, tinolak anggêping jalmi, pangabêktinya wisuda,
      mring kyai bêkêl langkung jrih, angluri linêstari, kadya mring kang rama wau,
      kuneng gênti winarna, kanjêng susunan mêntawis, sampun mirêng, pawartaning
      sambewara.


25. yen kang paman tistheng tanah, bêgêlen pasti madesi, karang kêbumen
      tinêngran, nglugas raga among tani, nulya utusan dasih, kapêdhak kalih lumaku,
      ngaturi ingkang paman, kundur mring nagri mêntawis, kang ing ngagya kapêdhak
      ran udakara.


26. surakarti kalihira, sarta pinaringan esthi, nêm sêrati lumaksana, kanang
      matêngga kinardi, titihanya lumaris, kang paman ing badhenipun, kapêdhak
      pinitungkas, angrapusa enggal lilih, wanti wanti dhawuh wêlinge jêng Sunan.


27. sanggya duta lumaksana, dadya tontonan samargi, tigas umiyat mirada,
      ing ngênut datan winarni, meh prapta gyaning desi, dhukuh alit wetanipun,
      esthi ngêntu neng dhakah, dêmang desa den dhawuhi, karya pathok kayu
      kang kangge wantilan.


28. dêmang desa gurawalan, nulya ngêrigakên kuli, akarya pêpathok kêkah,
      sinung wis makaduk inggil, rampung esthi winantil, tan kapintên panganipun,
      wong wong desa kagawokan, asêlur  sami ningali, ingkang cakêt têbih warta
      winartanan.


29. sêrati karya pacakan, sarupane wong ningali, tinamtu ambêkta klapa,
      kalih satunggil ing jalmi, artane tigang dhuwit, linarangan yen tan angsun,
      sangking kadrêng umiyat, diradatipun lakoni, yayah pasar wong ningali yêl
      uyêlan.


30. dêmang desa saprabotnya, kinêmpale jagi esthi, sarta sudhiya sugata,
      buktine para sêrati, sêkul mêgana tuwin, wedang saka puranteku, sêrati
      sênênging tyas, anyêret sarya mêmacit, mêrêm mêlek nglêgeweh liyangan
      bantal.


31. kapêdhak kalih lumampah, sowan mring karang wus prapti, pinanggihan
      ing jêng pangran, Bumidirja neng pêndhapi, sugata sawêtawis, pinapantês
      traping dhusun, wedang lan palawija, kêtela uwi kêmbili, sawusira palastha
      liring samirana.


32. udangkara matur nêmbah, gusti kawula tinuding, putra paduka jêng Sunan,
      paduka dipun aturi, kundur dhatêng mêntawis, langkung satistis sinuwun,
      lan ngaturi titihan, dirada karya lumaris, jêng paduka kering ngalampah kawula.


33. angling pangran Bumidirja, têka susah nganggo esthi, yen tu wis pinarêng seba,
      pira suwene lumaris, lah baliya wong kalih, manira anuwun bêndu, Allah
      durung marêngna, gampang masalah ing benjing, namung kita nuwun pangestu
      Narendra.


34. kangnek tyas lalih caraka, puguh pangran Bumidirja, pasthi tan arsa lumiring,
      gandhek kalih lalu jrih, wangsula dhatêng mêntarum, têrtamtu pinatenan,
      adat siyasat Nrêpati, kanang duta nekad tan purun wangsula.


35. ri sampunya tigang dina, arêmbag lawan sêrati, sadaya kinen wangsula,
      mring mêntaram sang ta esthi, ing pangran Bumidirja, samongsa mongsa wus
      lilih, …… (sêratan kabusak/rumpang) …… kapêdhak andherekena.


36. sêrati nulya budhalan, wangsul mring nagri mêntawis, kapêdhak wangsul
      mring karang, angadhêp ngarsaning gusti, winarya kang lumaris, kaunjuk
      Sri Pamaca, purwa madya amêksi, duk miyarsa jêng Susunan arda klana.


37. rumaos tiwas ing kirtya, mênggah panjênêngan aji, binudi budi tan dadya,
      rinasa saya ngrinuhi, mupus karsanira ji, têmbe sawetara taun, den arsa
      ngutusana, ngaturi kang paman malih, mangke kendêl pinêrih mênêb wardaya.


38. kocapa kalih kapêdhak, udangkara surakarti, anjêpeh ngarsa jêng pangran,
      sêtya ndherek wakitaki, ing donya prapta akir, jêng pangran ngastuti kayun,
      among pun udangkara nuwun tarukah pribadi, surakarti sêdya angadhêp
      tan pisah.


39. udangkara ngulat ulat, ngetan ngidul tan têbih, wus manggih papan kinarya,
      anulya dipun yasani, laminya tan ginupit, ri sampune nadyan dhusun, kathah
      dhusun kapêdhak, de tilas mantilan esthi, amyanging wong katlah dhukuh
      kêpathokan.


40. wau ta kang winursita, antara lami alami, pangeran Bumidirja, anggung
      mrêdi ênir, muhung puwareng tumuwuh, cinêkak caritanya, kundur ing
      rahmatullahi, cinarekan desa lundhong ing ngastana.


41. nora cinungkub sumarma, duk jumênêng wus wêwaling, apan namung
      piniyara, pinacakan juru kunci, dening putra kiyai, bêkêl kang anyêpêng dhusun,
      rukun tiyang sadaya, pêpundhen tineki teki, sumawana gandhek kapêdhak
      mêntaram.


42. ajale kinubur uga, neng desa lundhong lêstari, tumus susêtyane kala,
      gêsange mene sampun apuputra, anama kyai wuragil, kyai ragil putra kyai
      honggayuda. 


43. sayasa ing desa kutho, sudarma eyang wus lalis, wau kyai Honggayuda,
      linulut tinuwi tuwi, marang sakehing jalmi, tan kirang niskaranipun, wit
      panjurunging kathah, nging kaetang bangsa alit, ing bangsaning kapriyayen
      sampun sirna.


44. sinigêg gênti winarna, kangjêng susunan mêntawis, sayarda angambra ngambra,
      dera mangugung tyas runtik, worsuh traping widyasthi, sagung punggawa rahuru,
      wadya lit kasêrakat, wimbuh darajating bumi, pra satriya bupatya reh
      adhêdhangkan.


45. pangran dipati taruna, sudibya putra mêntawis, siyang latri binabana, mring
      sagung mantri bupati, pinintaha murwani, karya prang ngrêbat kaprabon,
      lênggahireng sudarma, ywa tanggêl margining pati, lalu rindhu pangran
      dipati taruna.


46. rumaos pragyaning kirtya, putra mêngsah lan sudarmi, mangu mangoneng
      nistuda, tandya minta tuduh maring, kang eyang mahamuni, pangran kajoran
      dupi wus, rêmbag saeka praya, ing pênêd ngangge kêkêlir, pangrat buta murih
      ywa kawistara.


47. manggih kêlir prang santosa, pan duk pirasat nêtêpi, binatang ngêntosi karya,
      sarta jangkaning nêgari, rusak nagri mêntawis, tarsiwah etanging taun, sang
      pangeran kajoran, putra mantunya pribadi, Trunajaya sutane dêmang malaya.


48. yeka pinangka bêbuka, kinen ambêdhah mêntawis, anging cinêkak kewala,
      mung gancare kang ginupit, pangrat buta andadi, gêmpuran praja mêntarum,
      jêng pangran purubaya, gula agul gri Bupati, prapteng janji kasambut asmareng
      laga.


49. liya punika akathah, para prawira mêntawis, kang pralena madyaning
      prang, Trunajaya jayeng jurit, sampan kêdhiri bali, mêkasar prajuritipun, pan
      wus karsaning suksma, bêdhah kêraton mêntawis, kangjêng Sunan mangkurat
      tilar prasada.


50. sinêngkalan lolosira, sirna ilang rasa jalmi, mangilen arêreyongan,
      garwa atmaja lumiring, jêng pangeran Dipati, anom lan sakadang jalu, pangran
      arya Singasari, atanapi pangran arya Martasana. 


51. wus têbih sangking mêntaram, jêng Sunan ngagya kêng siwi, pangran
      Dipati taruna, kinen wangsul ngrêbat nagri, mopo kêdah lumiring, sudarma
      satindakipun, wang wang Sri Nata ngatag, pangran pugêr lan kang rayi, pangran
      Singasari pangran martasana.


52. wangsula ngrêbat nêgara, titiga sandika sami, pangeran pugêr sêksana,
      pinaringan wasiyat adi, curiga kang satunggil, maesa nular ranipun, waos
      ingkang satunggal, kyai palered nami, putra katri nêmbah budhal saha bala.


53. pangran Dipati taruna, taksih andherek sudarmi, rawuh tanah Ajibarang,
      jêng Sunan grih prapteng jangji, kundur Rahmatullahi, sinare bumi ganda rum,
      pratistha tanah têgal, mila katêlah sawuri, Sri Mangkurat têgal arum ingkang
      têngran. 


54. sasedanipun jêng Sunan, wang wang jêng pangran Dipati, madêg Narendra
      neng têgal, martalaya mugareni, mundhut bantu kumpêni, ing eyang tuwan
      gurnadur, jendral ing Batawiyah, mangun prang ngrêbat nêgari, mêngsah
      Trunajaya cidra ing ngubaya.


55. estu panyiptaning driya, pangran Bumidirja nguni, mila pinelaur linggar,
      tilar wibaweng praja di, yêkti sampun kaling ling, lulungid praja ruhara,
      rahayuning kraton ênir, nêrak walêr sangker lawiyeng Narendra.


56. wusanane pêsthi ana, nahan dharita mangsuli, nênggih kyai Honggayuda,
      Kuthowinangun winarni, sapta putra winilis, ingkang nênêm somah sampun,
      ranya iwiranana, wismeng jrakah kang pangarsi, nuntên jalu ran kyai
      Honggadiwongsa.


57. ing bundêr sayasanira, malih arine pawestri, ranya linalamijaya, wismeng
      kutha nuntên malih, pawestri nama nyai, wirawongsa kang dinunung, desa
      ing blimbing nulya, ari jalu nama kyai, sutayuda malih pawestri anama.

58. Nyai Surajaya ngambal, sadaya ulah among tani, pangulate tan kirang bukti,
      rukun ing tyas tar sêling, amung putra kang waruju, jalu jaka tumala, pun
      Sangkrib namanireki, nandhang papa cintraka umagêng brangta.

 

1 komentar:

Teguh Hindarto mengatakan...

Salam Sejahtera,
Ijinkan kami share artikel berjudul:
MEMISAHKAN FAKTA DAN FIKSI SEPUTAR SEJARAH BERDIRINYA KEBUMEN

TANGGAPAN UNTUK ARTIKEL RAVIE ANANDA, “SEJARAH CIKAL BAKAL KABUPATEN KEBUMEN”

http://teguhhindarto.blogspot.com/2013/01/memisahkan-fakta-dan-fiksi-seputar.html

Blog Informasi Seputar Situs Sejarah di Wilayah Kebumen

http://historyandlegacy-kebumen.blogspot.com/

 
Design by Free WordPress Themes | Bloggerized by Lasantha - Premium Blogger Themes | cheap international calls