Naskah Babad Arungbinang Hal 20-21. |
PUPUH MEGATRUH
(5)
1. samantuke bujang nora tutur tutur, sinamar ajrih mênawi, kang nglêwat
tumêkeng lampus, mbok dadi sêksi prêkawis, mêngkana ciptaning batos.
2. nadyan mati jêr karêpe pribadyeku, inyong mung darma nuruti, anggêr
aja na wong wêruh, mongsa ta inyong tinarik, kuneng ingkang winiraos.
3. wau Surawijaya kang ngajab lampus, tapa ngluwat jroning bumi,
pêjuritan gyaning dhusun, estu datan malih kapti, têkad anggêlêng
gumolong.
4. anglanglangi wilangan lingling wulangun, nguni pariwara sangking,
kyai Mukhamad yusup, lan kyai jaiman warsit, tinêmên ngluwês suraos.
5. ya sarasa ngusakara kara murub, kang rumarab ngirib irib, rurupan
bang rêng pingul, kundhi kuning pinanduk kênapi, têgêse brastha
tan tinon.
6. krana rusak mungguh saka kehing luk, amung wajahe ywang
widi, langgêng ing kahananipun, iyeka isbat kinêsthi, ênir paningal
pasal ro.
7. jroning ngurip lir panjutaba swareku, tistheng kundha gêdhah rêmpid,
datan kanginan sapangu, sayêkti datan malêtik, wisuda denya
mêncorong.
8. pêncoronge amandêng wajibul wujud, byukta pamêjang rumiyin,
kyai Mukhamad yusuf, atarkumusiwalahi, illalah panuksmaning den.
9. dupi sampuning sal tri dasa nêm dalu, pitulunging ywang mranani,
pracihna bawa tumanduk, mring sujalma kang darbeni, pomahan
sinasmita non.
10. swara sidi murcita jroning ngaturu, eh eling eling den eling,
nalagati yen sira yun, ilang nggonira asakit, êntasên jalma kang
ngandon.
11. nglawat aneng karangmu sasirih kidul, ngingsor bendha agêng
inggil, wimba saranên satuhu, dadi sêrana usadi, purna jiwa anak
bojo.
12. nalagati kaget tangi tyas gêgêtun, apa ta andara dasih, sajroning
turu ngong krungu, swara pitutur dumêling, ing kono kidul ana
wong.
13. tapa ngluwat dak dêlênge alanganggur, sukur yen têmên kang
kêmpi, baya pitulung ywang agung, mênawa iya sayêkti, kêtara
sariraning ngong.
14. ngrasa entheng kyai naladipa gupuh, dandan pacule cinangking,
lendhang lendhang kesah ngidul, ngingsor wrêksa bêndha prapti,
ana siti anyar katon.
15. kang kinaryo ngurugi luwang wus têmtu, bungah kyai Nalagati,
andara dasih impenku, nulya urug urugan siti, binuwang wontên
sayêktos.
16. jalma siki angluwat tinon wus layu, sawang layon wondha putih,
Nalagati lon matur, shuh sang mangun tarak brangti, lilanana
sarira ngong.
17. yun mondhonge sampyan kula bêkta mantuk, mring wisma kawula
inggih, lan botên niyat cipta dur, ming sangking mirma ningali, mênawi
kêlajêng layon.
18. sawusira matur gya ingangkat mantuk, sinarekakên aririh, ing amben
sayana alus, kajang sirahnya rumanti, datan usik sang wirangrong.
19. nulya kinutugan kukus sêkul biru, lathi kinecer jruk bayi, palaling
ywang dangu dangu, purnêng bayu wus bisa sik, sang tapa gya
lênggah alon.
20. Nalagati sanalika sakitipun, waras lan saanak rabi, samya ngadhêp
munggeng ngayun, Surawijaya ngling aris, paman lir paran kang wados.
21. mangke badan neng ngriki dumunung, lan paman sintên kang nami,
alon denira umatur, kawula pun Nalagati, pêmahan ngriki kang manggon.
22. nuwun pirsa sampeyan sinten jujuluk, nauri kula tyang miskin,
Surawijaya nganingsun, ambêlayar tanpa panti, ngupaya marganing layon.
23. ngasih asih nalagati aturipun, angger sampun ngajap lalis, limrahing
titah tumuwuh, nandhang papa sawêtawis, mênawi karya panyepo.
24. sintên priksa kamulyan têmbe pinangguh, mila sayogya ginalih,
kang amurih reh rêhayu, pinuwun kawula mangkin, wontêna ngriki
kimawon.
25. amulihkên sarira ing risakipun, sakadar kula tyang alit, sakuwaos
kados gaclug, ngladosi saka puranti, kamirahan ywang sukmanon.
26. lamon sampun purna sumongga sakayun, kawula jumurung puji,
Surawijaya ngling arum, gih paman tarima mami, kawlasan dika
maring ngong.
27. moga Allah paring walês tyas kang tuhu, karahayon ngawal akhir,
luwih kapaotangan ingsun, gih pintên bara ing benjing, bisa
mangsulkên tyas batos.
28. ya ta lami Surawijaya dumunung, pêjuritan ngusadani, risake
sariranipun, nalagati jalu estri, sangêt nggenira gumatos.
29. winursita kalih condra pulih sampun, sarira sêksana amit, akarsa
nutugên laku, nalagati mangastuti, sarta ngaturi pisangon.
30. wêrni karan winadhahan usus usus, kolor saruwal rumanti, manis
jangan tunggilipun, kayu lêgine sakêdhik, saruwal sigra ing nganggo.
31. nulya mangkat Surawijaya lumaku, mangilen angambah têgil, tindakira
kapirangu, yatneng trêsna nalagati, ngungut sangêt ing gumatos.
32. nêkuk ngidul anjog kisik samudra gung, sêtya dereng niat mulih,
mring kutha sayaseng dangu, kacaryan reh ta kitaki, tumutur
têlênging batos.
33. malak mandar wimbuh ardanireng kayun, sumuksa mêrtapeng
wukir, sêdene gutho kasamun, mangayu bagyanig budi, dadiya
lena linakon.
34. nurut kisik mangilen lumampah darung, ngemut karag tomba salit,
surating baskara mepu, wanci madya lir gêsangi, sangsareng jiwa
tan tinon.
35. langkung denya amêmati raganipun, wus liwat ing cingcing guling, trus
pasthi maminggah gunung, anrang pringga wukir kancik, kathah
kapranggul buburon.
36. sato wana anggiwar tan ana ganggu, sarpa lodra jalu jalu, kapêthuk
nyimpang lumayu, mong bantheng mênjangan kancil, katêrak malumpat
bêkos.
37. yen kalêson reren sangisor wrêksa gung, yen arip turu gumlinting,
ngangge karang ngulu watu, jroning tyas cinipta guling, sanêngti
lampus pakaot.
38. sota nikmat mahywa panarima mungguh, tangi turu gya lumaris, tan ngangge milih dêlanggung, nasak wit saparan sikil, mungguh
tumurun jurang jro.
39. murang marga angambah kang siluk siluk, kesangsang sangsang
pênjalin, tarwiyang tansaya wimbuh, giranging tyas tandu ngancik,
laladan ing karang bolong.
40. kehing guwa guwa den ungak sêdarum, tan ana den kasênêngi,
karya asrama manungku, de guwa ngungkung udadi, dêdalane
gawat elok.
41. guwa karangbolong writ angkêr kêlangkung, keh durbiksa mrih
durniti, gêgodha mêmurung tuwuh, yen wantah sayêkti baring,
binabidhung ing gêndruwo.
42. rêhayune kêneng mala budheg bisu, suwung ati tuna budi, badan
kurus wêtêng busung, bosok kulit daging mamring, kari tulang dadi
jrangkong.
43. nanging mungguh manungsakang ingsi ngelmu, ngelmu makripatullahi,
dhasar nistuda tawajuh, binusanan tarak brangti, tarbukeng tyas
waskitheng don.
44. sinung kalis durmalaning setan juhud, sasêdyanira lêstari, prabawa
bakuh tumangguh, was kêtir kêtir swuh ênir, nêrak pringga baya wutoh.
45. lajêng denya lumaksana alas rungkud, ing blang konang den
unggahi, dangu lumingling mangkya wruh, guthoko jro tinon dani,
wenimbukên kêncana los.
0 komentar:
Posting Komentar