Minggu, 14 Agustus 2011

BABAD KEBUMEN #2


Ki Surawijaya sanget bingah lan mongkoging manah, boten nginten pisan-pisan bilih taksih dharahing ngaluhur, mila badhe sinengkud tapabratanipun, murih sageda wangsul kaluhuranipun tumut anyepeng panguwaosing praja. Sadalu muput Ki Surawijaya boten saged angliyep sakedhap-kedhapa, margi raosipun kebak kabingahan, sarta angangen-angen kados pundi prayoginipun ingkang badhe dipun lampahi murih enggala kadumugen punapa sasedyaipun.

Salebetipun anggagas makaten punika, mireng ocehing peksi-peksi cingcinggoling lan peksi sanes-sanesipun malih, anyasmitani bilih sampun ngajengaken gagat rahina miyosing Hyang Bagaskara, sanyata boten antawis dangu ing mbang wetan katonton trontong-trontong Hyang Surya amadhangi bumi, ing ngriku Ki Surawijaya enggal lumampah mangetan, ing wanci wisan garu sampun medal saking wana, dumugi ing ereng-erenging redi Bercong, kendel ngasokaken sarira, sasampunipun sawatawis aso, nglajengaken lampahipun, sareng dumugi ing dhusun Gunaman, lajeng mangidul dhateng pasisir, lajeng tapa angen lampahing surya. Yen enjing lumampah mangetan, sonten lumampah mangilen. Makaten punika ngantos 21 dinten laminipun, tanpa nedha punapa-punapa, kajawi namung ngombe. Lajeng tapa mendhem ing satepining saganten, ingkang katingal namung wates dhadha sapanginggil. Sareng mendhemipun saweg angsal 15 dinten, kamanungsan kasumerepan tiyang, nama kabadharan, lajeng mudhar ngendeli tapa-bratanipun. Ingkang ngonangi wau tiyang dhusun Gunaman, nama Ki Nayadipa. Ki Surawijaya kaajak mampir ing griyanipun Ki Nayadipa, ugi mituruti. Wonten ing ngriku Ki Surawijaya angsal sawatawis dinten, nunten pamit badhe anglajengaken lampahipun.

Ki Surawijaya manahipun boten sakeca, tansah enget dhateng ibunipun, dhasar dereng nate sumerep, amargi wiwit alit tumut  uwakipun Ki Demang Honggayuda ing Kutawinangun. Lampahipun Ki Surawijaya sinengkut mangetan leres medal margi urut sewu ing pasisir. Ing wanci lingsir sonten sampun dumugi Wawar ing griyanipun Ki Demang Warganaya, Ki Surawijaya ngaken rumiyin nama Jaka Sangkrip. Kesahipun saking griyanipun Ki Demang Honggayuda margi sakit. Punapa lalampahanipun sampun katuraken sadaya. Dene dhatengipun ing Wawar, kapengin pinanggih kaliyan ingkang ibu, margi Ki surawijaya sampun mangertos bilih dede anakipun Ki Demang Honggayuda, nanging putranipun Kangjeng Pangeran Puger, ing Nagari Kartasura. Ki Demang Warganaya mireng aturipun Ki Surawijaya inggih Jaka Sangkrip, sakalangkung gawok, jentung sarta ngungun rumaos kados wonten salebeting pasupenan, sareng sampun enget, Jaka Sangkrip inggih Ki Surawijaya rinangkul gapyuk dipun tangisi, katungka ibunipun Ki Surawijaya dhateng murugi, lajeng dipun sukani sumerep bilih ingkang dhateng punika anakipun piyambak, inggih punika Jaka Sangkrip. Ibunipun boten saranta anjerit sarwi angekep-ngekep Ki Jaka Sangkrip. Sareng sampun enget sarta aso, lajeng sami linggih. Jaka Sangkrip inggih Ki Surawijaya nyariyosaken lalampahanipun sadaya miwiti amekasi, sarta pitaken dhateng ibunipun, punapa leres yen awakipun punika putranipun Kangjeng Pangeran Puger, ingkang lajeng jumeneng Nata ing Kartasura, jujuluk Ingkang Sinuwun Kangjeng Susuhunan Pakubuwana I, ing Nagari Kartasura.

Ibunipun amrasajakaken pancen leres. Ki Surawijaya lega manahipun, dene ibunipun sampun mrasajakaken yen temen putranipun wau ingkang ngukir Kangjeng Pangeran Puger ing Kartasura. Ingkang ibu mirengaken lalampahanipun ingkang putra sakalangkung trenyuh, nanging sanget suka sukuring Allah sarta aprasetya badhe atarakbrata, boten badhe kendel saderengipun ingkang putra Ki Surawijaya dereng kaabdekaken ing ratu dados agul-aguling praja, amargi pancen putraning Nata.

Anuju ing satunggaling dinten Ki Demang Warganaya kadhatengan anakipun Ki Demang Honggayuda ing Kutawinangun, ngaturi priksa bilih tiyang sepuhipun Ki Honggayuda kaplajeng ngungsi dhateng peperenging redi Kenap, margi ing Kutawinangun, ingeget ing prang, rinabasa dening Ki Demang Prawiragati ing Pakacangan. Ing Kutawinangun kaobrak-abrik, risak abosah-basih.

Dhatenging mengsah boten mawi panantang, andel-andelipun bala wonten sekawan ngirid bala atusan, katindhihan dening Ki Demang Prawiragati piyambak. Saking karisakaning Kademangan Kutawinangun, kula sumanggakaken dhateng panjenenganipun bapak ing ngriki. Ki Demang Warganaya lajeng rerembagan kaliyan Ki Surawijaya, kadospundi prayoginipun, punapa Ki Surawijaya wantun pupulih ing rana angungsir mengsah. Ki Surawijya sagah ambanda mengsah ijen tanpa bala. Saking anggenipun boten saged angampah kanepsonipun manah, Ki Surawijaya lajeng terus kesah mangkat dhateng Kutawinangun sareng-sareng kaliyan anakipun Ki Honggayuda, ugi sampun dumugi ing Kutawinangun, sarta sampun pinanggih kaliyan Ki Demang Prawiragati.

Ki Demang Prawiragati dipun tantang aben katiyasan, lajeng prang. Demang Prawiragati kasoran, punapadene andel-andelipun. Ki Demang Prawiragati inggih sampun sami kasoran sadaya. Ki Demang Prawiragati nungkul nyuwun pangapunten, ugi sampun ingapunten, lajeng kapurih wangsul dhateng Pakacangan.

Makaten ugi Ki Demang Honggayuda ingknag ngili dhateng ing ereng-erenging redi Kenap kapethuk mantuk dhateng ing Kutawinangun dening anakipun. Dumugi ing Kutawinangun pinanggih kaliyan Ki Surawijaya, ananging Ki Honggayuda pangling, Ki Surawijaya mrasajakaken anakipun piyambak nama Jaka Sangkrip ingkang kesah boten mawi paliwara. Ki Surawijaya lajeng karangkul sarwi tinangisan. Ki Surawijaya wonten ing Kutawinangun saweg angsal 5 dinten lajeng pamit wangsul dhateng Wawar, amargi taksih kangen dhateng ibunipun.

Ki Surawijaya wonten ing Wawar sampun sawatawis laminipun, lajeng enget wecanipun ratuning danyang Ki Kreta tuwin Ki Kombangaliali, tuwuh tekadipun badhe nglajengaken ambanting raga, lajeng pamit dhateng ibunipun tuwin embahipun Ki Demang Warganaya, sampun ngideni sarta mangestoni.

Ki Surawjaya sampun nilar ing Wawar, purugipun ngaler ngilen, lajeng minggah ing redi Bulupitu, ngupadosi papan ingkang ayom, ugi sampun manggih, papanipun sawatawis radin wonten sangandhaping wit Bulu tuwin Bendho, ing ngriku wonten bejinipun, toyanipun bening, Ki Surawijaya kendel wonten ing ngriku manungku puja, boten badhe wangsul sarta suka rila pejah ing enggen ngriku bilih dereng katurunan wahyuning kadarajatan suwiteng Nata. Ki Surawijaya boten nedha punapa-punapa, kajawi namung ndha ron-ronan ingkang wonten sacelakipun ngriku.

Sareng sampun angsal watawis kalih lapan laminipun, katarimah anuwunipun, kadhatengan ingkang mbahu reksa ing ngriku. Sang Dewi lajeng marepeki Ki Surawijaya boten osik taksih manuggalaken kawula gusti, mepet ingkang poncadriya. Dewi Nawangsasi matek pangabaranipun tumanduk angganing Ki Surawijaya, temah kabadharan kuwur ciptanipun, wudhar samadinipun, linggih apungun-pungun. Dewi Nawangsasi ngatingal wonten ing ngajengipun Ki Surawijaya. Ki Surawijaya mambet gandaning ratus, wida jebat kasturi sanget arum angambar, ingkang ing alaming manungsa temtu dereng wonten. Ki Surawijaya ndengegek noleh ngiwa nengen kaliyan ngambakaken mripatipun, wuninga wanudya ayu tanpa sangkan. Ki Surawijaya cengeng mulat kaendahahaning kusumaningayu ingkang minda ratih, temah kenyut kuwur manahipun, tambuh paraning sedya, tan liya kang cinipta muhung kusumaning ayu kang anjar katon. Ki Surawijaya kasabet ing turidasmara.

Dewi Nawangsasi boten kasamaran bilih warastra lungitipun sampun tumama cumencem ing telenging jajantungipun Ki Surawijaya, hewadene taksih badhe jinajagan sapinten pantoging kadibyan kasasantosaning manahipun Ki Surawijaya, mila Sang Dewi arsa ngical saking pandulunipun Ki Surawijaya. Sanalika KI Surawijaya boten sumerep malih dhateng Sang Dewi, temah nyat ngadeg lumampah ngupadosi, gandrung-gandrung kapirangu kaliyan rerepen kinanthi laras driya makaten :

1.      Sinten Paduka kang rawuh, mung sakedhap angoncati, apa duduka maring wang, kasuwen tan sun tanggapi, baliya pupujaning wang, pan ingsun arsa ndadasih.

2.       nDadasih Sang retnaningrum, dhuh aywa kasusu runtik, tak sengguh
tresna maring wang, mara arsa nggemateni, maringi sepahing kinang,
den lolohken mara lati.

3.       Dhuh-adhuh kang maweh gandrung, ngatingala sun ngengeri, sapa
baya kang tan rimang, andulu Sang minda ratih, weweg gemuh kang
sarira, lumer kuning mbengle keris.

4.       Netra mblalak grana masung, ngrungih lati dhemes manis, asumeh
pasemonira, wadana anawang sasi, lir kilat tatit liringnya, cahya wenes
milangoni.

5.      Tinon amaweh rarasrum, jaja wijang bayu wilis, kawawang pating
karentang wonga-wonga ngaluwengi, ardi kembar munggeng jaja,
menter-menter asung branti.

6.       Asta nggadhewa binubut, pipinya nduren sajuring, kang imba nanggal
sapisan, rema memak landhung langking, dariji ngrajung angraras,
dhuh mati sun Jaka Sangkirp.


Kacariyos Jaka Sangkrip inggih Ki Surawijaya, gandrung-gandrung kapirangu, tan enget purwaning sedya, karungrungan rumaos isining jagad boten wonten barang ingkang adi, sanadyan namung saglintir kemawon, sadaya wau sami tanpa aji. Inggih makaten punika wataking tiyang ingkang saweg kataman jemparingipun Sang Hyang Kama. Cacak tiyang pinunjul kados dene Ki Surawijaya meksa kados makaten punika.  Ki Surawijaya anggenipun madosi Sang Putri babasan ron mangkurep kalumahaken, ron malumah kakurepaken. Sareng anggenipun ngubres umadosi sampun angsal tigang dinten meksa tanpa angsal damel, Ki Surawijaya sumpeg amulat surya candra,estining manah luwung binacuta saking marcapada.

Temah amuntu cipta, asikep saluki tunggal mandeng pucuking grana, amepet ingkang ponca-driya, sampun tinarimah, bumi oreg prakempa, kasumuban dayaprabawanipun Sang muntu cipta, Sang Dewi katampeg daya prabawa boten kuwawa, benter raosing sarira, kados ingububan urubing mawa bathok, enggal-enggal amurugi Sang mati raga, angayang pan ngadining busana, sampun ngatingal murugi Ki Surawijaya, Ki Surawijaya mudhar samadinipun, sampun papanggihan lan Sang Dewi, tempuking tingal kumepyur lir panjang putra dhumawah ing sela. Cekaking cariyos Dewi Nawangsasi sampun kagarwa Ki Surawijaya. Dewi Nawangsasi angengakaken korining Datulaya, ical sipating wana, byar kawuryan Karaton kancana ingkang sakalangkung adi ing donya boten wonten ingkang amiriba. Ki Surawijaya manggih kamulyan mukti wibawa wonten karatoning kajiman, tansah papasihan kaliyan ingkang garwa. Dewi Nawangsasi tansah ruruntungan kados mimi lan mintuna.

Anuju ing satunggaling dinten, Dewi Nawangsasi wuninga, bilih ingkang raka Ki Surawijaya kawistara suntrut nawung prihatos, Sang Dewi pitaken punapa darunaning duhkita, ingkang raka mangsuli, ingatasing sliranipun punika taksih dharahing Nata , mangka sapriki-sapriki dereng wonten ingkang ngaruhaken, mila kadospundi rekadayanipun, sagedipun kawuningan ing panjenengan Nata. Ingkang rayi Sang Dewi matur, sampun sumelang ing nggalih, ing samangke sampun meh dumugi wawangening mangsakala. Dene murih angenggalaken kadumugening sedya sarana angendheg lampahipun para Mantri Pamajegan, ingkang sami miyang anyaosaken arta pajeg dhateng Nagari. Ingkang raka angrujuki saking pamrayoginipun ingkang rayi Sang Dewi, sarta tumunten badhe linampahan. Mila Ki Surawijaya lajeng pamit dipun lilani, sarta Sang Dewi mangsit ing samangsa badhe tutuwi dhateng Bulupitu utawi yen wonten damel-paridamel ingkang langkung pakewed badhe andhatengaken Sang Dewi. Sasampunipun kacakup sadaya, Sang Putri nyaosaken dadamel pusakaning Karaton Pajajaran ing kina, nama Naracabala sanget ampuhipun, sampun tinampen. Ki Surawijaya pradandanan, sasampunipun sumekta, tumunten pangkat kadherekaken ingkang rayi Dewi Nawangsasi kalayan kakanthen asta. Sareng lampahipun dumugi korining Datulaya watesing Bangsal Sripenganti, astanipun Ki Surawijaya kakipataken, Karaton kancana tan kadulu, jleg wujud redi Bulupitu ingkang katingal. Ki Surawijaya lajeng murugi papaning tapabrata ing sangandhaping wit Bulu tuwin Bendho ing sacelaking beji, kangge pangenget-enget, margi ing ngriku punika mulabukanipun pinanggih kaliyan Sang Dewi Nawangsasi, sarta lajeng kataman gandrung asmara angalamong dhateng Sang Putri. Mila beji wau dening Ki Surawijaya lajeng kanamakaken Somagedhe. Mengku pikajeng : tegesipun soma : hyang soma : hyang wulan : hyang sasi : hyang nawang sasi : hyang sitaresmi : hyang candra purnama : hyang asmara, den tembung gedhe, sampun jarwa, ingkang ugi tembung gedhe wau inggih saged anggadhahi teges : banget (sanget). Dados Soma-gedhe wau mengku teges : ing beji ngriku jalaraning Ki Surawijaya anandang branta asmara ingkang sakalangkung sanget (ageng), margi ginodha dening Dewi Nawangsasi.

Kacariyos ing jaman samanten ingkang jumeneng Nata Ingkang Sinuhun Kangjeng Susuhunan Pakubuwana kaping II, akadhaton ing Kartasura. Kala samanten tataning praja pamundhuting paos, lumadosipun dhateng Nagari Kartasura, katemtokaken saben wulan Mulud tuwin Pasa. Ingkang ngladosaken para Mantri Pamajegan, sarta dipun sepuhi dening abdi Dalem Bupati satunggal ing saben-saben ladosan paos 8 kabupaten. Mantri tuwin Bupati ingkang ngladosaken paos wau gegentosan. Wondene lampahipun dharat, margi dereng wonten tutumpakan. ambektanipun arta paos karebat dening kawula Dalem arahan. Ing kala samanten ingkang kathah arta tembagi. Tansah ndalidir lampahing para Mantri Bupati ingiring wadyabala Prajurit pepak sadadamelipun, sami sowan dhateng Nagari Kartasura, angladosaken paos lilintuning wulu wedaling siti . Anggenipun sami amandi dadamel, kangge panjagi samangsa wonten tiyang angganggu damel sarana mbebegal angrodapeksa.

Mangsuli Ki Surawijaya, ing wulan Mulud, mangsanipun ladosan paos sampun meh dhateng. Ki Surawijaya ngrarantam kadospundi prayoginipun ingkang badhe dipun lampahi. Pinanggihing nalar, boten wonten malih kajawi namung angrodapeksa, sarana ngaben wuleding kulit lan atosing babalung. Punika ngiras kangge neter jayakawijayanipun, punapa sampun kenging kangge sangu ngawula ing Panjenengan nDalem Nata.

Ladosan paos saking satunggal-satunggaling Kabupaten, sami katangguhaken ing saderengipun pasamuan grebeg sampuna lumados, amargi sowanipun para Mantri Bupati tuwin sanes-sanesipun, punika ngiras pasowanan grebegan. Ki Surawijaya sampun jagi-jagi anggenipun sumedya nyegat lampahing para Mantri bupati ingkang sami badhe ngladosaken arta paos. Ki Surawijaya ngadhang sapinggiring margi ingkang sakiwa tengenipun kapara jembar, murih omber pamanggihing ngayuda, dados boten gampil kacepeng mengsah. Ki Surawijaya anggiligaken tekadipun, sumedya tinandangan ijen pambegalipun. Sareng sumerep gogrombolaning  para Mantri Bupati tuwin dadamel, lajeng sinepuhan Bupati gangsal, sarta sami mandi dadamel, lajeng tinarajang purun sura tan taha, tandangipun kados bantheng kataton. Ki Surawijaya kinarubut ing kathah, boten pisan giris, tatag tanggon, malah saya wanter tandangipun. Sanadyan otot kawat balung wesi sekti mandraguna, labet namung tiyang satunggal, kinroyok titiyang kathah sarwa pepak dadamelipun, Ki Surawijaya karepotan tandangipun, sarta meh kemawon kapara tiwas. Tujunipun lajeng enget welingipun Dewi Nawangsasi, enggal nyandhak cemeti tuwin matek aji pameling, ing sanalika ngriku kadhatengan prahara sanget anggigirisi, katungka tumuruning jawah deres, kilat tatit dhedhet erawati, peteng lilimengan. Inggih punika dhatengipun Dewi Nawngwulan tutulung ing prang. Para Mantri Bupati lan para prajurit sami kekes sarta miris manahipun kapanduk daya pangaribawanipun Dewi Nawangsasi, temah sami bibar tilar galanggang, sakathahing arta katilar, sampun kapendhet dening Ki Surawijaya, kabekta mantuk dhateng dalem griyaning embahipun Ki Demang Warganaya ing dhsusun Wawar. Dewi Nawangsasi sampun kondur ngayangan dhateng Bulupitu.

Para Mantri bupati tuwin prajurit ingkang kaplajeng sampun sami nglempak rerembagan prayogining lampah. Pinanggihing rembag, Mantri gangsal nganthi prajurit sawatawis, titindhihan Bupati satunggal, nglajengaken lampah dhateng Nagari Kartasura, ngunjuki wuninga dhateng Rekyana Patih sarta konjukipun dhateng Sang Prabu, bab wontenipun kadadosan ingkang mentas kalampahan punika. Dene ingkang wangsul para Mantri sacekapipun, nyaosi priksa dhateng bupatinipun piyambak-piyambak. Sanesipun sami kendel njagi wonten ngriku, sapisan : ngentosi dhawuh timbalan nDalem Sang Prabu, kaping kalih : nengga prentah saking para Bupati, kados pundi ingkang badhe kita lampahi margi saking icaling arta pajeg ingkang karebat dening begal. Kaping tiganipun : suka pepenget dhateng para Mantri Bupati sahandhahanipun ingkang sami badhe ngladosaken pajeg, supados ngatos-atos amargi ing margi wonten begal ingkang ambada kalani, ingatasing tiyang satunggal kinarubut tiyang pinten-pinten, meksa ngentasi karya saged angasoraken sakathahing Mantri Bupati sawadyanipun sadaya, temah arta kenging karebat.

Para Mantri tuwin Bupati ingkang nglajengaken lampah dhateng Nagari Kartasura, sadumuginipun Nagari, lajeng anjujug dhateng Kapatihan, munjuk punapa sawontenipun. Rekyana-Patih tumunten lumebet ing Karaton, ngunjuki wuninga ing Sang Prabu, bilih ladosan arta pajeg (paos) saking para abdi Dalem Bupati mbang kilen, ingkang badhe kaladosaken dhateng Kartasura, sareng lamapahipun dumugi ing Kutawinangun, arta ladosan wau lajeng rinebat dening tiyang nama Surawijaya ing dhusun Wawar, ingkang punika nyumanggakaken ing karsa Dalem Ingkang Sinuwun, abdi dalem kawula muhung cumadhong dhawuh.

Sang Prabu sakalangkung bendu, Kyana Patih ndikakaken ,mbidhalaken wadyabala ingkang pipilihan sasenapatinipun, Surawijaya kacepenga gesang-gesangan, sasampunipun wonten Kartasura karampoga wonten ing alun-alun. Kyana Patih munjuk sandika, sampun lengser saking ngarsa Nata. Sadumuginipun ing njawi sampun andhawuhaken timbalan nDalem Ingkang Sinuwun. Para wadyabala tinidhihan Senapati ingkang pipilihan sampun bidhal pangkat dhateng Kutawinangun sarta sampun pinanggih kaliyan Ki Surawijaya. Ki Surawijaya kaetog ingkang dados pikajenganipun, nungkul punapa nglawan.

Ki Surawijaya matur : O, ila-ila punapa ingkang badhe kula panggih, yen ta kula kamipurun anglawan paduka, utawi lampah boten leres, langkung-langkung ambangkang agengipun wani ing panjenengan Ratu, punika boten pisan-pisan. Kawuningan, arta ladosan taksih wetah, sumangga kapriksanana lan kapundhuta. Wondene anggen kula tumindak sajak boten leres, sedyaning manah kula namung ndamel dadakan, kadospundi supados badan kula saged kawuningan ing Panjenengan Ratu, amargi saking dene delap-delap kula badhe amakathik. Wondene manawi sedya kula wau boten pinarengaken ing Pangeran, kula apunagi boten badhe tumuwuh wonten ing marcapada ngriki, mugi enggala kauntapaken nyawa kula dening Sang Prabu, kula saestu lega rila, mila kula namung nyumanggakaken badan kula.

Titindhihing wadyabala mireng aturipun Ki Surawijaya sakalangkung ngungun anawung welas, sarta sanget bingahing manah,, wasana amangsuli sagah nyuwunaken pangapunten dhateng Sang Prabu. KI Surawijaya lajeng nyaosaken arta-arta laladosan paos, sampun katampen, katiti priksa leres boten wonten ingkang cicir. Arta wau lajeng katampekaken dhateng ingkang anggadhahi kuwajiban ngladosaken arta paos wau, ingkang suwau bibar margi kinawonaken dening Ki Surawijaya. Sapunika lampahipun badhe anyarengi kaliyan wadya Kartasura ingkang badhe sami mantuk, angladosaken babandanipun Ki Surawijaya.

Lampahira boten kacariyos ing margi, sampun dumugi ing Kartasura njujug ing Kapatihan ing ngarsanipun Rekyana Patih, ngaturaken babandan Ki Surawijaya ingkang kacariyos mbebegal ladosan paos. Nanging menggah sanyatanipun anggenipun Ki Surawijaya tumindak makaten punika, boten pisan melik rajabrana, punika namung prelu supados awakipun saged kawuningan ing Panjenengan nDalem Ratu, margi saking delap-delapipun Ki Surawijaya wau anggenipun badhe suwita ing Panjenengan Nata. Ki Surawijaaya aturipun prasaja, nanging micara, dedeg piadeging sembada, kendel, tatag, ngatawisi manawi sugih kagunan, kacihna kinarubut ing tiyang pinten-pinten, boten pisan miris mundur satapak, wekasan para Mantri Bupati tuwin prajurit ingkang angerubut sami kasoran lumajar pating salebar temah Ki Surawijaya saged angrebat arta ladosan paos. Dene arta wau kawangsulaken, ugi sampun kawula tampi wetah ayam. Saking pamanggih kawula saupami dosanipun dipun ngapunten, sarta lajeng kasuwitakaken, Ki Surawijaya kathah damelipun, saged anambahi karaharjaning Nagari, atur kawula sumangga, saking panuwun kula dadosa panggalihipun Kyai Patih.

Ki Surawijaya katimbalan ing ngarsanipun Kyai Patih, ugi sampun umarek ing ngarsanipun, dinangu aturipun panggah kados ingkang sampun, estining manah muhung sumedya amakathik ing Panjenengan nDalem Nata. Manawi boten kasembadan, nyuwun kapidana, dadosa tatawuring praja, karampoga wonten ing Nagari Kartasura, minongka panebusing dosa margi saking angrodaparipeksa ngrebat lumadosing arta Nagari.

Sang Anidyamantri mireng aturipun Ki Surawijaya ingkang sanget patitis, sarta tatag boten pisan wawang lan ajrih dumugining pejah pisan, sanget kapranan ing manah, dhasar rupinipun dhegus sembada amitadosi, mila sasolah bawanipun tansah liniring, Kyai Patih nginten, temtu Surawijaya punika ngemu wawados ingkang taksih tinutupan dereng kabikak. Ki Patih sampun anggraihita, bilih Ki Surawijaya dede sabaenipun, katitik pasemoning wadana, jangkep wiramaning tatakramai, mokal sanget yen ta Ki Surawijaya punika kawijilan dhusun. Mila Kyai Patih sakalangkung paniti priksanipun, Ki Surawijaya tansah tineter ing patanyan, saking sageding panulusuripun Kyai Patih ingkang boten ngatawisi, temah saged mbikak wawados, margi saking Ki Surawijaya kadhesek ing pandangon ingkang boten saged ingendhanan. Temah mrasajakaken bilih piyambakipun sanadyan leres yen ta saking dhusun kawijilanipun, nanging ingkang ngukir piyambakipun, miturut omonging biyung tuwin kaki, boten wonten malih kajawi Kangjeng Pangeran Puger, inggih Ingkang Sinuwun Kangjeng Susuhunan Pakubuwana I ing Nagari Kartasura. Menggah larahipun, sampun kaaturaken sadaya. ingkang dados cihnanipun Ki Surawijaya nyaosaken serta tapak asta Dalem Kangjeng Pangeran Puger, ingkang mratelakaken ; bilih temen anakipun estri Demang Warganaya ing Wawar sampun kapundhut kalangenan (ampeyan).

Kyai Patih sanget bingahing manah, boten lidok panyananing manah, tumunten enggal-enggal lumebet Karaton ngabyantara ing ngarsa Dalem ingkang sinuwun. Kyana Patih munjuk wontening lalampahanipun Ki Surawijaya anggenipun ambebegal lumadosing paos Nagari, lan sanes-sanesipun sadaya boten wonten ingkang kalangkungan. Punapadene angunjukaken serat ingkang sinimpen dening Ki Surawijaya, inggih punika serat tapak asta Dalem Kangjeng Pangeran Puger, inggih Ingkang Sinuwun Kangjeng Susuhunan Pakubuwana I. Nawala sampun kawuningan ing Sang Prabu, sanget kampitaning panggalih asemu kasok sukaning panggalih Dalem. Dhawuh timbalan nDalem Sang Prabu, Surawijaya ingapunten dosanipun, sasampunipun lajeng kapundhut ing Sang Prabu, sarta lajeng kawisuda Ngabei pangkat Mantri Gladhag, patedan nDalem nama Ngabei Honggawongsa.

Ngabei Honggawongsa tansah kinanthi dening Kyai Patih, lampah inger jantraning praja Kyai Patih boten tilar rembagipun Honggawongsa, punapa malih manawi wonten nalar ingkang ruwet, Ngabei Honggawongsa gampil kemawon anggenipun ngudhari, tumrapipun Ngabei Honggawongsa boten wonten samubarang ingkang angel. Rekyana Patih sanget sihipun dhateng Honggawongsa, temah Ngebei Honggawongsa kapundhut mantu, kadhaupaken kaliyan putranipun estri, sami sih-sinisihan palakraminipun.

Gentos kacariyos, ing saimbaning redi Slamet, wonten sadherek kakalih kakang adhi nunggil yayah rena, sami araraton. Ingkang sepuh nama Damarmaya, ingkang anem Mayadarma. Ing saben dintenipun ngingirup nggelar guna kasantikan, kanuragan, aji jaya kawijayan, kaelokan, padhukunan lan sasaminipun. Saged ngawontenaken barang ingkang suwanipun boten wonten, lajeng wonten. Memethek kawontenan  ingkang dereng kalampahan inggih boten mleset, mila pancen waskita, anjampeni saliring sasakit, saged saras sanalika lan sanes-sanesipun, sanget kondhang namanipun titiyang sanalika sabawah Banyumas sami anggusti.

Wonten tiyang titiga ingkang sanget dipun eringi dening titiyang ing padhusunan sakiwa tengenipun ngriku, nama Nurmungalam, Nurngalim, tuwin Nuripin. Tiyang titiga wau sami ngalempakaken tiyang kathah , puruna sami ngakena ratu dhateng Sang Darmarmaya, dene papatihipun Sang Mayadarma. Yen sampun mupakat, dene kajumenengna tumunten. Titiyang kathah wau sami saur peksi mupakat, ugi lajeng kajumenengaken. Ingkang jumeneng Ratu Sang Damarmaya, jujuluk Panembahan Damarmaya, dene Patihipun rayinipun, paparab Harya Mayadarma. Tiyang titiga Nurmungalam, Nurngalim tuwin Nuripin sami nyepuhi para wadyabala.
Titiyang bawah Tegal, Pekalongan, Brebes lan Pemalang ingkang sisih kidul, tuwin titiyang bawah Banyumas sisih eler, sampun sami angratu dhateng Panembahan Damarmaya. Karsanipun Panembahan Damarmaya badhe angelar jajahan, anggepuk Kabupaten Wirasaba, Purwakerto tuwin Banyumas. Lampahipun wadyabala kabage tiga, sami majeng sasarengan, inggih punika saking eler katindhihan Harya Mayadarma lan Nurmungalam, saking kilen katindhihan Nurngalim, ingkang saking wetan titindhihan Nuripin. Ingkang sami katrajang boten manggapuliha, lajeng sami teluk, dhasar sampun karumiyinan suwuring wartos, bilih Panembahan Damarmaya lan Mayadarma, langkung waskita sumerep saderengipun winarah, tuwin saking kalacuting ginem saged anggesangaken tiyang pejah, sarta langkung ing kasektenipun, mila titiyang wau lajeng sami asrah bongkokan sarana aris.

Bupati Banyumas Tumenggung Yudanara sampun midhanget saking aturipun absi tampingan, enggal amepekaken wadyabala sakalngkung kathah akerig lampit, margi mangertos bilih dipun rampit saking ler, kilen tuwin wetan. Tempking yuda sakalangkung rame, dangu-dangu wadaybala Banyumas akindhih. Kitha Wirasaba, Purwakerto lan Banyumas sampun bedhah. Tumenggung Yudanagara sawadyanipun sawatawis lumajar mangidul, dumugi ing sumpyu, laejng kendel wonten ngriku, angejum bala kakantunanipun.

Tumenggung Yudanagara rumaos boten kaconggah ngunduraken kraman, lajeng matah punggawa ingkang mitadosi, ngunjuki wuninga ing ngarsa Dalem Ingkang Sinuwun ing Kartasura, bab bedhahing kita Banyumas sawewengkonipun. Cundaka sampun dumugi ing Nagari Kartasura, anjujug ing Kapatihan, ngaturaken kawontenaning lalampahan sadaya. Pun Tumenggung Yudanagara tadhah duduka dene boten saged ngentasi karya, mila amung ngaturaken pejah gesangipun, enjing utawi sonten pinundhuta boten badhe anggrantes sarambut pinara sasra, margi sampun rumaos lami anggenipun kamuktekaken.

Rekyana Patih sakalangkung ngungun, tumunten sowan lumebet ing Kadhaton, ngunjuki wuninga wontenipun kraman, sarta kaplajengipun abdi Dalem pun Tumenggung Yudanagara. Kyai Patih munjuk ing Sang Prabu, kajawi karsa Dalem, sanesipun abdi Dalem pun Honggawongsa, kinten kinten boten wonten ingkang saged ngasoraken ingkang raraton wonten ing Banyumas.

Sang Prabu sanget kapadhahing karsa, saking unjukipun Papaptih Dalem, mila ndikakaken nimbali Honggawongsa, ugi sampun ngabyantara ing ngarseng Nata. Ingkang Sinuwun Kangjeng Susuhunan sanget renaning nggalih ngauningani wuwujudanipun Honggawongsa, ngatawisi yen saged ngentasi kardi, Honggawongsa kaebang, dhawuh pangandika Dalem : manawi Hoggawongsa saged ngentasi damel, badhe ageng gaganjaranipun Sang Prabu. Honggawongsa munjuk sandika, punapadene badhe ingayonan piyambak, boten mawi mbekta wadyabala saking Kartasura, sebab murugaken kadangon lampahipun. Sang prabu marengaken, Honggawongsa sampun rinilan lengser saking ngarseng Nata. Bablas lampahipun sampun dumugi ing Sumpyuh pinanggih kaliyan Tumenggung Yudangara. Tumenggung Yudanagara kalentu tampi, rumaos nampi dudukaning Nata, inggih margi saking anggenipun namung kaparingan babantu tiyang satunggal tur namung apangkat Mantri. Mila lajeng ngandika dhateng Hongawongsa, manawi ing Banyumas taksih kathah para Mantri Bupati ingkang pipilihan, ingkang badhe kaaben malih anyepeng kraman, samangsa sampun ngaso sawatawis. Dados Ngabei Honggawongsa prayogi anonton kemawon dhateng tandangipun para wadyabala ing Banyumas.

Ngabei Honggawongsa mangsuli, bilih dhatengipun ing Banyumas namung ijen kemawon, punika dados wakilipun Salira Dalem ingkang Sinuwun, anedhaki dhateng Banyumas badhe amikut tiyang ingkang araraton. Kyai Tumenggung sawadyabala sami anyuraka kemawon, sukur manawi karsa ambiyantu lampah kula, sageding enggal pinanggih ijen kaliyan retuning kraman, supados saged enggal  anggen kula ngrampungi. Tumenggung Yudanagara mireng atur wangsulanipun Honggawongsa, rumaos dipun ina, lajeng duka sarwi angumbar suwara : Honggawongsa tangeh lamun bisane nyekel ratuning kraman, sadrunge bisa ngalahake Yudanagara. Honggawongsa boten mangsuli sakecap, mindhak ndadangu lampah. Nanging lajeng amatak aji pameling, Tumenggung Yudangara kataman aji pameling, cape raosing babayu, temah ambruk tan saged anggulawat, lajeng karorompo ing ngakathah. Tumenggung Yudanagara anggrahita, bilih anggenipun nadhang makaten punika, saking pandamelipun Honggawongsa, mila lajeng nedha pangapunten, sarta sagah badhe ambiyantu angangsahaken wadyabalanipun sadaya anut sapakenipun Honggawongsa. Honggawongsa langkung lega manahipun, Tumenggung Yudanagara gumregah waluyajati sami sakala. Ing batos sakalangkung suka sarta rumaos kaduwung anggenipun angina sasamining dumadi lan anggunggung dhiri pribadhi.

Honggawongsa tumunten badhe amethukaken kraman Tumenggung Yudanagara amepakaken wadyabala, sareng sampun sumekta lajeng pangkat bobodholan kacariyos lampahipun, boten dangu sampun ajeng-ajengan. Honggayuda pitaken dhateng Yudanagara, pundi rupinipun ratuning kraman. Tumenggung Yudanagara mangsuli, sumangga sami nyalingker medal papan ingkang sela. Ratuning kraman yen majeng ing papan paprangan numpak kapal sarwi dipun songsongi langkung sektti boten tedhas ing dadamel. Boten antawis dangu Tumenggung Yudanagara priksa ratuning kraman Panembahan Damarmaya tuwin Mayadarma, enggal-enggal Tumenggung Yudanagara njawil dhateng Honggawongsa. Honggawongsa sanget gambiraning manah, enggal anrajang purun. Honggawongsa kaebat kalih dening Panembahan Damarmaya lan Mayadarma, tandhing sami prawira, gentos unggul gentos kalindhih, sakalangkung rame. Dangu-dangu Honggawongsa karepotan yudanipun, lajeng enget piwelingipun Kombangaliali, tumunten anancepaken tumbakipun ing siti. Sanalika jleg tanpa sangkan wonten wanara seta agengipun saredi anakan dhateng angembuli perang, swaranipun angajrihi, inggih punika Kombangaliali. Panembahan Damarmaya tuwin Mayadarma sareng santun mengsah wanara seta saredi anakan agengipun, lajeng angembari sarwi triwikrama, sarwi nyuwara gumleger kados angoregaken jagad. Para wadyabala ingkang sami campuh ing ngayuda, mireng suwara ingkang sanget anggigirisi, sami kekes manahipun, temah sami ngendeli perangipun, sarta sami ngempal kaliyan kancanipun piyambak-piyambak.

Kombangaliali perangipun ingebut kalih, sami sektinipun, boten pasah saliring bajra. Dangu-dangu Kombangaliali perangipun semu karepotan. Honggawongsa sandeya ing nggalih, enggal matek aji pameling, sami sanalika ingkang rayi Dewi Nawangsasi dhateng tutulung ing prang. Dhatengipun wau kairing prahara bayu bajra sindhung riwut aliwawar, jawah kilat tatit aliweran, ing pangraos bumi gonjing prakempa, Dewi Nawangsasi misik dhateng ingkang raka kinen majeng ing rana angrencangi bidutamanipun Kombangaliali, sarana mandi dadamel Naracabala, yen sampun ajeng-ajengan kaliyan mengsah, Naracabala kaatungna. Kocapa Panembahan Damarmaya tuwin Mayadarma, sareng sumerep Honggawongsa murugi sarwi mandi Naracabala, lajeng anglarut triwikramanipun, temah sirna dados cahya gumilang anelahi. Sareng punika Dewi Nawangsasi tuwin Kombangaliali ugi lajeng sami wangsul dhateng kahyanganipun piyambak-piyambak, sinarengan tumuruning jawah. Sateranging jawah ing antarariksa sumilak padhang semu surem katawengan ing teja kaluwung, boten antawis dangu sinusul ing Hyang Surya amadhangi jagad, paprangan sirep, tiyang ingkang sami mentas adoh yuda sami mantuk ing griyanipun piyambak-piyambak kalayan bingahing manah.

Ngabei Honggawongsa kendel ngaso wonten ing Banyumas, sasampunipun angsal sawatawis dinten lajeng mantuk dhateng Nagari Kartasura, lampahipun sareng-sareng kaliyan Tumenggung Yudangara, ugi sampun dumugi ing Kartasura, njujug ing Kapatihan, enjingipun kairid ing Kyai Patih lumebet ing Kraton sowan ing ngarsa Dalem Ingkang Sinuwun.

Honggawongsa munjuk ing ngarsa Dalem Sang Prabu, bilih kraman ing Banyumas sampun sirna, pejah mukswa saraganipun. Ingkang Sinuwun Kangjeng Susuhunan sakalangkung rena, angalembana dhateng pun Honggawongsa.

Minongka ganjaranipun, Ngabei Honggawongsa sinengkakaken ing ngaluhur kawisuda Bupati Nayaka, kapatedan nama Raden Tumenggung Arungbinang, 

Tumenggung Arungbinang, sanget kaanggep pasuwitanipun, sugih kabisan, agal lembat boten kewran, sinembuh alus bubudenipun, boten wonten barang ingkang angel, sadaya ruwet rentengipun praja saged kawudharan punapadene ahli ulah jantraning praja, ugi dados nujumipun Sang Prabu.

Sedyanipun Jaka Sangkrip sampun kadumugen, dumugi pangkat Bupati Nayaka sarta kinasihan cinelak ing Ratu. Inggih margi saking kasantosaning lampah, pantes tinulada. Sapa temen tinemenan. Yen boten kadumugen temtu boten temen. 

Kacariyos menggah wontenipun Damarmaya lan Mayadarma, saestunipun punika sadherekipun Jaka Sangkrip piyambak ingkang abadan alus, ingkang medal sareng sadinten, ingkang karawatan, inggih ingkang kasebut kakang Kawah adhi Ariari. Wontenipun kadadosan makaten, saking ciptan pandamelipun Dewi Nawangsasi ing Bulupitu, kangge ngenggalaken dhawahing kadrajatan Jaka Sangkrip inggih Tumengngung Arungbinang.

Tumenggung Arungbinang sareng sampun sepuh, nyuwun kagentosan anakipun jaler, nama Tumenggung Arungbinang II. Tumenggung Arungbinang I sareng sampun lereh boten dadalem wonten ing Solo, nanging wangsul dadalem wonten ing Kutawinangun, perlu nyelaki garwanipun peri Dewi Nawangsasi ing Bulupitu.


(cuthel).

Seratan ing nginggil kados ingkang kawedalaken dening Raden Soemodidjojo Ing Praja Dalem Ngajogjakarta Hadiningrat 1953, kanthi ewah-ewahan ejaan dening agustbedhe’.

0 komentar:

 
Design by Free WordPress Themes | Bloggerized by Lasantha - Premium Blogger Themes | cheap international calls