Senin, 05 September 2011

SELAMAT DATANG

Situs ini dibuat sebagai sarana untuk lebih mencintai seni, budaya dan sastra warisan dari  leluhur kita. Juga diperuntukan untuk para siswa agar lebih mengenal dan mencintai bahasa Jawa yang memiliki makna filosofis tinggi sebagai sarana berkomunikasi dan bergaul dalam tatanan masyarakat Jawa.

Kritik dan saran dari para pengunjung situs ini kami tunggu dan sangat berterimaksih apabila berkontribusi demi sempurnanya materi dalam situs ini.


CANTING


Minggu, 04 September 2011

DUMADINE DESA CLAPAR, KEC. KARANGGAYAM

Carita dumadine Desa Clapar, wewengkon Kecamatan Karanggayam, Kab. Kebumen miturut wong-wong tuwa ana kana kaya mangkene :

Diwiwiti nalika taun 1647 ana ing Krajan Mataram (Nalika samana kang mrentah ana ing Kartasura yaiku Kangjeng Susuhunan Amangkurat I) ana perang rebut nagara, salah siji Pangeran kang melu ambalela yaiku Pangeran Alit rayine Kangjeng Susuhunan Amangkurat I, sadurunge ana ontran-ontran Trunajayan. Nalika samana pangamuke Pangeran Alit nggegirisi andadekake akeh padhusunan kang rusak bosah baseh, kalebu 12 dhusun kang salah sijine disesepuhi dening Kyai Lurah Wanaita. Akeh para patinggi desa kang nalika samana kamiweden amarga saka pangamuke Pangeran Alit mau banjur lunga ngoncati babaya golek slamet dhewe-dhewe.

Nalika kuwi Kyai Lurah Wanaita uga oncat lan mlayu golek slamet, nganti tekan sawijining alas kang banjur dibabat didadekake padhusunan. Suwe-suwe papan mau dadi rame, akeh wong-wong saka desa liya kang manggon ana kana. Awit para warga padhusunan mau racake/akeh-akehe nyambut gawe olah tetanen lan nyebar winih sawernaning tetanduran, mula desa anyar mau banjur katelah nama desa PAWINIHAN.

Desa  Pawinihan kalakon dadi desa kang reja, kabeh tetuwuhan bisa thukul ana kana. Nuju sawijining dina Desa Pawinihan ketaman sawijining penyakit kang mbebayani kang disebabake dening para lalembut utawa siluman. Wong-wong nalika samana ngarani prastawa mau PAGEBLUG. Esuk nandang lara, banjur sore utawa wengi wis tumeka ing pati. Sore utawa wengi ketaman lara, isuk banjur mati. Nganti warga ana kana meh entek ketaman penyakit mau utawa dipangan dening para danyang utawa lalembut kang ngreridhu desa Pawinihan.

Nusantara nalika samana pancen lagi akeh prakara, awit saka panjajahan Walanda. Ana sawijining paraga kang nduweni kekendelan ambalela marang Walanda yakuwi Untung Surapati kang mengkone ana sesmbungane karo dumadine Desa Clapar. Miturut carita wiwitane Untung Surapati ambalela menyang Walanda kaya mangkene :

Nalika jaman samana ana ing Batawiyah utawi Betawi ana bocah umur 7 taun kang ora dimangerteni sapa jeneng asline, bocah mau minangka budak belian kang asale saka Bali lan ditemukake dening Kapiten Van Beber (prawira VOC) nalika ngayahi tugas ana Makassar, Sulawesi Selatan. Kapiten mau banjur ngedol bocal mau menyang Prawira VOC liyane yaiku Kapiten Mur amarga kakurangan beaya. Wiwit nalika bocah mau dadi andhahane, karir utawa pangkat lan kasugihane prawira Walanda mau saya mudhak cepet banget. Dheweke nganggep manawa bocah kang ditemokake mau kang menehi ‘kauntungan’ tumrap uripe, sahingga bocah mau banjur dijenengi Untung.
Kapiten Mur duda putri siji kang umur-umurane padha karo Untung. Jenenge bocah wadon mau Suzanne. Kapiten Mur nenuku Untung supaya anake wadon mau kang wis piatu ditinggal ibune ana sing ngancani kanggo dolanan lan guyon saben dinane. Untung bocah kang pinter srawung, sahingga ora nganti suwe bisa tepung rumaket banget karo Suzanne. Wiwit saka dina iku, bocah sakloron tansah runtang-runtung bebarengan, nalika swasana seneng apadene susah. Sesambungan kang cedhak mau pungkasane nuwuhake winih tresna antarane untung karo Suzanne, nganti bocah loro mau bener-bener ana sesambungan tresna tanpa dimangerteni dening wong tuwane Suzanne utawa kapiten Mur.
Nalika ngancik umur 20 taun, Untung nggarwa Suzanne kanthi cara sesidheman. Nanging sesambungan tresna mau ora antara suwe banjur kadenangan dening wong tuwane Suzanne. Prastawa mau ndadekake Kapiten Mur murina utawa murka, sabanjure Suzanne dibuwang ana sawijing pulo sacedhake Batawiyah dene Untung dilebokake ana ing kunjara. Ya wiwit wektu kuwi gethinge Untung marang Walanda saya ndadra. Nalika ana ing sajerone kunjara dheweke mbudidaya narik kawigatene para tawanan liya.

Wektu iku Untung duwe gagasan kepiye carane bisa lolos saka papan kunjara mau. Gagasan mau banjur dikandhakake marang tawanan liya.
“Kabeh sedulur-sedulurku sanusa sabongsa! Kompeni Walanda wis ora bisa dijorake bae anggone terus anjajah kita. Mula kita kudu metu saka papan pakunjara iki lan kumudu kudu bisa ngungsir Walanda saka tanah wutah nagara kang banget kita tresnani iki” mangkana pangajake Untung.
Para tawanan banjur cingak nalika krungu gagasan lan pangajake Untung mau. Wong-wong mau rumangsa menawa gagasane Untung kuwi ngayawara utawa impen kang tangeh lamon kelakone.
“Eee, Kisanak! Apa ya bisa klakon awake dhewe bisa metu saka papan kunjara kene? Dene papan iki dijaga rapet dening para serdadhu kompeni kang pepak sanjatane, kayata bedhil lan sapanuggalane?” kadhane salah siji tawanan.
“Aja was sumelang sedulurku kabeh,” sumaure Untung, “aku kang arep njangkepi utawa menehi kowe kabeh sanjata bedhil. Aku nduweni simpenan/tabungan kang cukup kepara malah luwih menawa amung kanggo tuku sawernaning sanjata kayata bedhil.”
Krungu katrangan mau, para tawanan liya banjur sarujuk. Kanthi maneka cara, wong-wong mau pungkasane banjur bisa nyekel bedhil kumplit samimise. Pungkasaning carita, wiwit dina iku uga pambalelaning Untung lan para tawanan diwiwiti saka pakunjara. Kanthi sikep gegaman arupa bedhil, Untung bebarengan karo para tawanan liya ngamuk lan kasil njebol lawang kunjara. Sipir utawa kang karya njaga kunjara ora kuwawa nyidhem pangamuke wong-wong mau, banjur njaluk binanton saka sardhadhu Walanda. Amarga kalah cacah utawa jumlah, pungkasane Untung lan para tawanan kadhesek banjur ngungsi ana sajroning alas. Ana ing alas mau dheweke ngimpun kakuwatan kanggo ngreridhu Kompeni Walanda.

Untung bebarengan karo wadyabalane tansah goragodha/ gawe onar ing saben wengine, wiwit saka dhaerah siji menyang dhaerah liya sahingga teka laladan Kasultanan Banten. Untung sigra sowan ana ngarsane Sultan Banten yakuwi Sultan Ageng Tirtayasa lan nyaritakake lelakone anggone ambalela marang Kompeni Walanda. Sultan Ageng Tirtayasa banjur menehi panjurung lan mrayogakake supaya Untung sowan menyang Kasultanan Cirebon.
“Sowana menyang Cirebon banjur nyuwun pengayoman marang Sultan Cirebon!” mangkana pangandikane Sultan Banten.
Pungkasane, Untung lan prajurit andhahane tumuju menyang Cirebon. Ing satengahing dalan, kapethuk karo Raden Surapati, putra angkate Sultan Cirebon.
“Eee, kabeh padha mandhega!” ature Raden Surapati. “Ngakuwa sapa lan duwe karep apa kowe kabeh teka mrene” pitakone Raden Surapati.
Untung sabanjure nyaritakake kakarepane sowan ana ngarsane Sultan Cirebon. Raden Surapati bebarengan karo prajurit pangiringe sumadya arep nglantarake sowane Untung ana sangarepe kang rama.
 “Ya tak keparengake sowan, aku dhewe karo prajuritku kang bakal  ngeterake, nanging ana sarate. Kowe kabeh kudu masrahake sanjata menyang prajuritku”, mangkana ature Raden Surapati.

Untung sedya nampa sarat mau, kajaba menawa sanjata kagungane dhewe kang awujud patrem. Untung ora gelem masrahake sanjata mau menyang Raden Surapati. Nanging Raden Surapati ora narimakake, dheweke kepengin sanjata kang diagem Untung uga dipsrahake menyang Raden Surapati. Amarga Untung tetep bakuh ora gelem masrahake sanjatane, pungkasane kelakon dadi perang gedhe antarane prajurite Untung karo prajurite Raden Surapati. Paprangan mau dimenangake prajurite Untung, dene Raden Surapati tumeka tiwas ketaman sanjata kagungane Untung kang awujud patrem.
Sawise iku Untung lan saprajurite budhal, mlaku nerusake tumuju menyang Keraton Kasultanan Cirebon. Nalika tekan ana ing keraton, Untung banjur nyaritakake kabeh prastawa sing nembe dialami kalebu lalakone nalika kapethuk karo Raden Surapati lan andadekake prang gedhe nganti tumeka tiwase Raden Surapati. Midhanget kabar saka Untung mau Sultan Cirebon ora banjur murina lan malah nrima Untung kanthi becik. Panarimane Sultan Cirebon ora mung cukup samana, malah Sultan uga kepareng menehi jeneng “Surapati” kanggo dheweke. Ya wiwit nalika kuwi Untung banjur duwe jeneng jangkep Untung Surapati.
Cukup suwe Untung manggon ana ing Cirebon, Sultan uga menehi pamrayoga supaya tumuju menyang Mataram saprelu angabdi ana ngarsane Kangjeng Sunan Mangkurat II ing Kartasura. Sawise tekan ana ing Kartasura, Untung ngaturake panyuwunane anggone arep ngabdi ana ngarsane Kangjeng Sunan Mangkurat II.

 “Ingsun bakal nampa pasuwitanmu marang aku, nanging ana sarat kang kudu kok leksanakake yakuwi kudu kasil nyidhem kraman/pamberontakan kang lagi lumaku ana ing laladan Banyumas,” mangkana pangandikane Kangjeng Sunan Mangkurat.
Tanpa andedawa anggone mikir, Untung Surapati nampa sarat mau. Dheweke karo prajurite sigra budhal menyang laladan Banyumas. Sawise kasil nyidhem kraman mau, Untung bali menyang Kartasura banjur nampa ganjaraning Ratu arupa pangkat senopati prang. Sauntara iku Kompeni Walanda kang ana ing Batawiyah krungu kabar menawa buron Untung Surapati manggon ana ing Kartasura, banjur ngirimake prajurite para sardhadhu kangge nyekel Untung Surapati.
Sawijining dina, ana telik sandhi kanthi gupuh sowan ana ngarsane Kangjeng Sunan.
“Nyuwun pangapunten Dalem Kangjeng Sinuwun! Prajurit Walanda kathah cacahipun saweg budhal mriki. Prajurit kompeni wau sajakipun nganthi gegaman ingkang jangkep.” atur palaporane telik sandhi/mata-mata Mataram mau.
Midhanget kabar saka telik sandhi mau, Kangjeng Sunan Mangkurat II banjur nimbali Untung Surapati saprelu ngadep sowan ana ngrasane.
“Ee, Untung Surapati! Gawaa prajurit sacukupe. Kowe Ingsun dhawuhi supaya methukake Kompeni Walanda saiki uga,” parentahe Kangjeng Sunan.
“Sandika, Kangjeng!” wangsulane Untung Surapati.
Sawise nyiapake prajurite, Untung Surapati banjur budhal menyang watesing laladan Kartasura. Nalika wadyabala kompeni Walanda wiwit lumebu Kartasura, Untung Surapati lan bala prajurite diuntapake andadekake campuh perang kang rame banget, kadadeyan mau kira-kira dumadi wulan Februari taun 1686. Wektu kuwi prajurite Untung Surapati binanton saka Pangeran Puger kang diutus dening Kangjeng Sunan Mangkurat II. Pangeran Puger dikantheni pusaka kraton yakuwi tumbak Kangjeng Kyai Palered lan nggunakake busana kang memper karo Untung Surapati. Sahingga Kapiten Francois Tack kang nyenapatini prajurit Walanda ngira menawa kang diadepi mau Untung Surapati. Kanthi pusaka kraton tumbak Kangjeng Kyai Palered, pangeran Puger kasil mateni Kapiten Francois Tack, nalika Kapitan Francois Tack ora bisa mudhun saka jaran tumpakane, sabanjure kahanan banjur udan deres banget, dene prajurite kang isih ana tumpes dening Untung Surapati lan wadyabala.
Sawise kasil ngalahake kompeni Walanda, Untung Surapati enggal kadhawuhan dening Kangjeng Sunan Mangkurat II supaya ngrebut Pasuruan. Cekaking crita Dheweke lan prajurite kasil ngalahahe Bupati Pasuruan kang asmane Anggajaya. Banjur Untung Surapati sinengkakake minangka Bupati ing Pasuruan kanthi sesebutan Adipati Wiranegara. Sadawane dadi adipati, Untung Surapati tansah nggugah semangate para kawula/rakyate supaya lumawan marang kompeni Walanda. Nganti wola-wali kompeni Walanda ngupaya bisane numpes kridhane Untung Surapati nanging meksa ora kasil.
Sauntara kuwi ana ing kraton Kartasura, Kangjeng Sunan Amangkurat II tumeka ing jangji utawa murud ing kasidan jati/seda, sahinggga nuwuhake perang rebut nagara. Nalika samana Pangeran Puger kianat lan banjur nyuwun biantu saka kompeni Walanda. Kanthi binanton saka prajurit kompeni Walanda, piyambake kasil ngalahake Amangkurat III. Piyambake banjur winisuda dadi Ratu ana ing Kartasura kanthi sesebutan Kangjeng Sri Susuhunan Pakubuwana I, kanthi payengkuyung saka kompeni Walanda. Dene Amangkurat III kang den ungsir dening Pangeran Puger banjur golek pengayoman marang Untung Surapati ing Pasuruan.
Setaun candhake, bebarengan antarane prajurit kompeni Walanda, Kartasura, Madura lan Surabaya kang tinindhihan/disenapateni dening Kumendhan Goovert Knole lumebu Pasuruan lan banjur nuwuhake prang gedhe. Paprangan kang rame banget dumadi ana ing Beteng Bangil. Ya ana ing paprangan iki prajurit Pasuruan banjur kadhesek, dene Untung Surapati dhewe nandang tatu abot. Banjur kandha marang para andhahane supaya nyebarake pawarta menawa piyambake/Untung Surapati gugur. Dene kang gugur satemene Patih Wirapati kang praupane jambe sinigar/memper karo Untung Surapati. Dene Untung dhewe satemene isih sugeng lan sumingkir bareng karo sisaning prajurite.
Untung Surapati terus lumaku mangulon, dene kang dituju yaiku Kartasura, nanging sadurunge kasil mlebu menyang Kartasura piyambake wis diadhang dening prajurit kompeni Walanda, sahingga Untung Surapati ora mbacutake menyang Kartasura nanging banjur nerusake anggone lumaku, arah kang dituju mangulon, kanggo ngendhani pangoyake prajurit kompeni mau. Wiwit saka Ngayogya, Purworejo, nganti tekan laladan Kebumen, sabanjure tumuju menyang desa Pawinihan.
Ana ing desa Pawinihan Untung Surapati ketemu karo sesepuhing desa yaiku Kyai lurah Wanaita. Kyai Lurah Wanaita iki sajane asale uga saka Mataram, yaiku nalika ana prastawa perang rebut nagara antarane Kangjeng Susuhunan Amangkurat I karo rayine kang asmane Pangeran Alit. Akeh para punggawa lan patinggi desa kang lumayu golek slamet dhewe-dhewe, awit saka pangamuke Pangeran Alit mau, kalebu Kyai Lurah Wanaita kang lumayu banjur teka ana ing sawijing panggonan salore Kebumen lan mbabad alas ana kana, dhusun mau banjur katelah nama desa Pawinihan.
Kyai Lurah Wanaita kandha menawa dheweke gelem narima Untung Surapati ana desa Pawinihan kana, nanging ana sarate yakuwi kudu bisa nyidem sawenening lalara utawa PAGEBLUG kang lagi sumebar ana ing desa Pawinihan. Untung Surapati nyaguhi lan cekaking carita, desa Pawinihan banjur sirna saka sakehing babaya/lalara kang miturut wong-wong desa kana disebabake dening sakehing lalembut kang ngreridhu desa.
Sawise klakon manggon ana ing desa Pawinihan, Untung Surapati banjur gawe pesanggrahan/padhepokan lan mengkone katelah nama Panembahan Untung Surapati.
Suwe-suwe telik sandhine Walanda mangerteni menawa Untung Surapati cumondhok ana ing desa Pawinihan, mula banjur nguntapake wadya balane prajurit kompeni saprelu nyekel Untung Surapati/Panembahan Untung Surapati. Nalika prajurit kompeni ngancik ana ing desa Pawinihan, Panembahan Untung Surapati dhewe sing ngadhepi, kanthi busana cara tani. Ana kana dikandhakake menawa ora ana wong neneka saka papan liya. Nanging amung para among tani kang mapan ing desa Pawinihan kana. Kompeni Walanda ora pracaya, nanging sawise Panembahan Untung Surapati mrasajakake lan kanthi daya kasektene nyulap utawa nyirnakake paningale para wadya kumpeni, papan sing maune wujud ALANG-ALANG banjur diganti wewujudan tanduran PARI kang subur amba bawera. Prajurit Walanda banjur pracaya, menawa ana desa kana pancen pakaryane amung olah tetanen lan ora ana wong neneka kaya sing dikarepake dening kompeni Walanda mau. Pungkasane Walanda klakon lunga tanpa asil saka kana.
Ing sawijning dina Panembahan Untung Surapati ngandika menawa ing mbesuk rejaning jaman desa Pawinihan kasalina nama desa CLAPAR, awit saka prastawa nalika Panembahan Untung Surapati kang nyipta ALANG-ALANG dadi tetanduran PARI kang subur amba bawera. CLAPAR saka tembung : SAKECLAPAN katon PARI. Nganti saiki desa mau isih tetep lestari kanthi sebutan Desa Clapar lan ora nggunakake maneh nama Pawinihan.
Sabanjure Panembahan Untung Surapati lestari madhepokan/cumondhok ana desa Clapar nganti tumeka surud ing kasidan jati lan disarekake ana desa Clapar. Panembahan Untung Surapati uga katelah nama Mbah Kepadhangan.
Miturut crita Mbah Kepadhangan/Panembahan Untung Surapati mbukak laladan kang saiki katelah nama desa Clapar taun 1701M. Dadi tekan taun 2011 saiki udakara wus ngancik 310’an taun.
Pesareyan Mbah Kepadhangan manggon ana ing Dhukuh Depok ing sisih paling dhuwur. Ambane pesareyan udakara 350 meter pesagi. Lan ana papan kana (ing sisih ngisor) uga ana sendhange kang katelah nama Sendhang Beji kang miturut crita bisa kanggo marasake wong edan. Mbah Kepadhangn uga nduweni sawernaning pusaka  kayata keris dhapur Jalak kang diarani Kyai Wulung, patrem kanthi dhapur lontop kang uga diarani Kyai Lontop, keris dhapur kebo Lajer kang diarani Kyai Banjor, tumbak dhapur Carang Glagah kang diarani Kyai Blabar, umbul-umbul lan bende pengalab-alab. Kaya umume pusaka liyane, nalika wula-wulan tinamtu kaya wulan Sura barang-barang pusaka mau uga dijamasi.


agustbedhe 2011.

(dikutip dari berbagai sumber).

Sabtu, 03 September 2011

BABAD ARUNGBINANG pupuh 1 dumugi 2

Cariyos babad Arungbinang punika kasalin (transliterasi) saking  aksara Jawa dhateng aksara Latin dening Agus Budiono,S.S/agustbedhe, kawiwitan saking kaca 15 dumugi kaca 510'an  amargi kaca 1 dumugi 14 sampun ical/ suwek lan sasampunipun kaca 510'an inggih smpun risak/suwek.  Mekaten ugi menawi anggen kula 'nransliterasi' punika wonten kakiranganipun, nyuwun pambiyantunipun amrih sae lan leresipun kados punapa ingkang sampun kapacak wonten blog punika.
Koleksi Pribadi Penulis Naskah Babad Arungbinang Dalam Kondisi Tidak Lengkap.

Teks Babad Arungbinang.

PUPUH DHANDHANGGULA
(1)

1. sowan kawula paduka gusti, dinuta ing putra jêng Narendra, gusti ngaturan
    kundure, mring  nêgari mêntarum, jêng sinuwun sangêt rudatin, tinilar
    panêmbahan, praja harahuru, dhawuh putra padukendra, sakathahing lêpat
    samar miwah lahir, putra nuwun aksama.

2. wantos - wantos gusti jêng putra ji, ulun kinen andherek sarênga, mênawi
    botên kadherek, sanisdhaya pinugut, cagak kopyah kawula gusti, dhuh gusti
    kuwêlasa, ing kawulanipun, engêta mring putra Nata, tur kawula tumuntên
    kundura gusti, wisuda among putra.

3. paranbaya drêsananing runtik, tilar praja manglena sarira, anampik pan duk
    kamukten, nêpsu têmah kêlurung, tan wun raga katêmpah lalis, prayogi ulatana,
    kanitya …… (sêratan kabusak/rumpang)…… , tama utameng dumadya,
    taralan muhung rukun lan kulit daging, otot bêbalung …… (sêratan kabusak/
    rumpang)……

4. mugya mulya ningalam dunyeki, ing …… (sêratan kabusak/rumpang) ……
    raja Nara Nata, pikantuk  lahir batine, amranani rahayu, putra wayah sawuri wuri, 
    ruwiya malak mandar, kadarmanya wimbuh, bubuka sangking paduka, pintên
    pintên kanugrahaning Suksma di, sirik yen tinolaka.

5. kathah kathah atur duta dwi, manohara amrih liliya, ing pênggalih sang wirage,
    jêng pangran aswa muwus, lah ta uwis mênênga kalih, ing reh aja dinawa, têmah
    murung laku, ywa ngucap kang ngora ora, luput apa sinuwun dhumatêng kami,
    mandraweng wiwilangan.

6. balik dhewe kang angrasa sisip, marang ratu keh kapiutangan, bênêr aturira
    kuwe, wit keringan wak ingsun, ya margane sangking Nrêpati, kang sun sandhang
    sun pangan, pasiyaningratu, durung bisa amalêsa, wong pinanggul enak enak
    mangan goling, gêgolongan
    duraka.


7. leh sun lunga sangking praja iki, nora marga sêrik miwah mrina, mung sêtya malês
    sih rajeng, mumuji ring ywang agung, rahayune gri Narapati, upama sun mujiya,
    neng praja tyas bawur, kaurugan mutya boga, mutyasmara brastha prabawaning
    puji, bonggan gawe linakyan.

8. bêcik ngasowa sireku kalih, yen wis aso lah nuli baliyo, matura maring sang
    rajeng, manira nyuwun bêndu, durung bisa seba wak mami, iya tapi rang bara,
    sawêtawis taun, pinarêng bisa sewaka, ora beda ing kana kene pan sami,
    kagungane Sri Nata.

PUPUH SINOM
(2)


1. angabehi wirayuda, lan ngabehi wirasari, kewêd kaungkungkulan  sabda, tan
    bangkit amarna malih, ciptanya nora bali, jrih pêpacuh sanga Prabu, wau
    sakehing  jalma, sakala ngungun ningali, dene datan nyana yen iku Kusuma.


2. Kusuma têrah mêntaram, amindha mindha wong cilik, samya lumungsur
    linggihnya, nêmbah matur angrêrintih, kang ngabdi sewu sisip, kasamaran
    ing pandulu, gusti angapuntêna, rila sarira ginitik, langkung awon ingkang ngabdi
    tiyang karang.


3. sêmangke sampun pratela, jêng paduka gusti mami, mongsa purun linggih jajar,
    rinêksaha boten wani, yen mêngkaten kang ngabdi, ing karang katiban daru,
    karob samudra kilang, kagunturan wukir sari, …… (sêratan kabusak/
    rumpang) …… tyas.


4. ngandika sang mindha sudra, kang beneh …… (sêratan kabusak/rumpang) 
    dêling,  jêr iradating hyang  Suksma, lalakone wong ngaurip, sira nak putu
    mami, kadang mitra wong tuwaku, …… (sêratan  kabusak/rumpang)
    tatrap, têrusna kaya kang nguwis, ngaraha …… (sêratan kabusak/rumpang) 
    …… dunya.


5. padha asal saking Adam, payo kene prak lan mami, gumrumung matur
    anêmbah, gusti nuwun nuwun ajrih, ya ta jalma sawiji, prênagati wastanipun, 
    matur apundirangan, dhuh mongsa inggiya gusti, kula ingkang angawisi tiyang
    kathah.


6. upami wontên puruna, mêndonong jajari gusti, kawula kang amêlathas, 
    têrtamtu titiyang baring, dhasar tiyang ing ngriki, kathah botên sumrap ngurus, 
    awit rumiyin mila, sampun kawula sanjangi, yen paduka trah Kusuma witarêdya.


7. nanging sami botên gêga, malah sami nyênthulani, nuruti bongsa luhamah,
    plênthing wêtêng lambe klimis, tan uning tata krami, pratingkah clala calulu,
    gya sumaur cumlalak, pun jugil lalinggih wuri, jaka tuwa bêdhigul punuk trajumas. 


8. si biyang ngameki prang, adol tuwa adol bangkit, wong karang kabeh dicacad,
    têsmak bathok tan wruh gusti, mung dheweke pribadi, mangêrti weruh ing
    ngurus, kapan nggone wêwarah, kiprênasa jêge urip, mung angempol amurih
    den mulenana.


9. gumampang arêp mêlathas, jajal pêlathasên mami, mumpung neng ngarsa
    bêndara, kang kathah samya ngojongi, angilonipun jugil, gumrumung anguwus
    uwus, prênagati kewêdan dhalêlêg tan bisa angling, angabehi wirasari lon mêdun.


10. sanak aja kêkêrêngan, wêleh wêlehan pakarti, kang nguwis aja kinocap,
      pan wis karsane jêng gusti, namur mindha wong cilik, rehning samêngko wis
      wêruh, jêng Pangeran Bumidirja, iku kêng paman sang aji, kangjêng Sunan
      kang ngêdhaton ing mentaram.


11. padha den bêcik rumêksa, turutên sakarsaneki, bisuk yen sira kapriksa,
      ing kangjêng Sri Narapati, kaya uga maringi, panarima mring ngawakmu,
      umyang matur kikila, sandika têmtu nglampahi, siyang dalu cumadhong
      reh sang bêndara.


12. tan winarna laminira, wau ta gandhek kêkalih, sabên dina ngela ela, supadi
      jêng pangran lilih, kêrsaha anuruti, kundur dhumatêng mêntarum, ananging
      jêng pangeran, ing tyas lir prabata wêsi, nora kiguh mring atur pamanohara.


13. putêk barubah wêrdaya, nekad datan sêdya mulih, yen wangsula pêsthi lena,
      angur nungku aneng ngriki, ngabehi wirasari, wirayuda tan mamatur, gusti
      inggih kawula, andherek  tumameng ngriki, kalilana mangestu pada paduka.


14. ulun têmah tilar semah, pangran Bumidirja angling, lah iya sakarêpira,
      sêraya nata kitaki, pira lawasing ngurip, mung sêpanguneng dunyeku, sênadyan
      ta muktiya, keringana aneng nagri, nora enak suwita ratu ruhara.


15. akarya sawêning wêning, mateni wong tanpa titi, apa ta nora intuka,
      wawalêsing reh durniti, dumeh dadi Nrêpati, wasesa ngugung sakayun,
      wirasari anêmbah, lêrês jêng paduka gusti, lir angandika agraning ri tistheng praja.


16. gusti sêpangkêr paduka, punggawa kêkês ngranuhi, rumaos tan darbe gêsang,
      ming mêmplak mêmplak ing galih, inggih wêtawis mami, mbok mênawi botên
      dangu, rêngka nagri mêntaram, ningali oyaging jalmi, amyang datan eca nadhah
      eca nendra.


17. angling pangran Bumidirja, kang mêngkana wirasari, lah iya wallahuaklam,
      kawula nora udani, tan lena pamuji mami, rahayune sang ngaprabu, mêngku nagri
      mêntaram, ngaubi kawula wargi, ngêmungêna manira dhewe cintraka.


18. winursita jêng pangran, Bumidirja lalu lami, dêdalêm Kêbumen karang, tarak
      brongta among tani, kasub tinuwi tuwi, wangsul asmanireng dangu, pangran
      Bumidirja, akathah tiyang babêkti, angyaksakên dalêm sawêtawis gora.


19. rinênggo ing dutya boga, anging jêng pangeran maksih, karêm titi kariya lat,
      cinipta tumêkeng ngakir, umahyakên wawêling, yen têmbe praptaning surud,
      mundhut kinubur desa, ing lundhong lan dhatan apti, cinungkuba sêtya nutugkên
      riyalat.


20. angabehi wirayuda, sakaliyan wirasari, anuwun mêthal tarukah, jêng pangeran
      anglilani, wêragad den paringi, karya sangu yasa dhukuh, ngidul genirta kentar,
      ngupaya kang den sênêngi, ri sampuning manggih nulya linêksanan.


21. yasa dhukuh tuwin pêcal, lami dados rêngkêd keksi, kathah lumiring tarukah,
      tan kirang sandhang bukti, barang tinanêm dadi, wang wang katêlah ran dhusun,
      nênggih ing pêgandhekan, ewa mangkana gandheki, sabên ratri sowan marang
      desa karang.


22. ubayanireng wardaya, mênawi ing têmbe lalis, nuwun kinubur ywa têbah,
      lawan pasareyan gusti, data tita ginupit, jêng pangeran têdhakipun, kang winarna
      sajuga, jalu tistheng lundhong, desi anguyuni wong desa lundhong mandhala.


23. wit parentahing sudarma, pangran Bumidirja nenggih, kang putra datan kalilan,
      pasêbatan lir priyayi, raden tuwin mas aming, kiyahi sêbatanipun, kyai bêkêl
      namanya, murih ywa ngêgêt ngêgêti, mung ngesthiya tata pakarti wong desa.


24. saprandene nora kêna, tinolak anggêping jalmi, pangabêktinya wisuda,
      mring kyai bêkêl langkung jrih, angluri linêstari, kadya mring kang rama wau,
      kuneng gênti winarna, kanjêng susunan mêntawis, sampun mirêng, pawartaning
      sambewara.


25. yen kang paman tistheng tanah, bêgêlen pasti madesi, karang kêbumen
      tinêngran, nglugas raga among tani, nulya utusan dasih, kapêdhak kalih lumaku,
      ngaturi ingkang paman, kundur mring nagri mêntawis, kang ing ngagya kapêdhak
      ran udakara.


26. surakarti kalihira, sarta pinaringan esthi, nêm sêrati lumaksana, kanang
      matêngga kinardi, titihanya lumaris, kang paman ing badhenipun, kapêdhak
      pinitungkas, angrapusa enggal lilih, wanti wanti dhawuh wêlinge jêng Sunan.


27. sanggya duta lumaksana, dadya tontonan samargi, tigas umiyat mirada,
      ing ngênut datan winarni, meh prapta gyaning desi, dhukuh alit wetanipun,
      esthi ngêntu neng dhakah, dêmang desa den dhawuhi, karya pathok kayu
      kang kangge wantilan.


28. dêmang desa gurawalan, nulya ngêrigakên kuli, akarya pêpathok kêkah,
      sinung wis makaduk inggil, rampung esthi winantil, tan kapintên panganipun,
      wong wong desa kagawokan, asêlur  sami ningali, ingkang cakêt têbih warta
      winartanan.


29. sêrati karya pacakan, sarupane wong ningali, tinamtu ambêkta klapa,
      kalih satunggil ing jalmi, artane tigang dhuwit, linarangan yen tan angsun,
      sangking kadrêng umiyat, diradatipun lakoni, yayah pasar wong ningali yêl
      uyêlan.


30. dêmang desa saprabotnya, kinêmpale jagi esthi, sarta sudhiya sugata,
      buktine para sêrati, sêkul mêgana tuwin, wedang saka puranteku, sêrati
      sênênging tyas, anyêret sarya mêmacit, mêrêm mêlek nglêgeweh liyangan
      bantal.


31. kapêdhak kalih lumampah, sowan mring karang wus prapti, pinanggihan
      ing jêng pangran, Bumidirja neng pêndhapi, sugata sawêtawis, pinapantês
      traping dhusun, wedang lan palawija, kêtela uwi kêmbili, sawusira palastha
      liring samirana.


32. udangkara matur nêmbah, gusti kawula tinuding, putra paduka jêng Sunan,
      paduka dipun aturi, kundur dhatêng mêntawis, langkung satistis sinuwun,
      lan ngaturi titihan, dirada karya lumaris, jêng paduka kering ngalampah kawula.


33. angling pangran Bumidirja, têka susah nganggo esthi, yen tu wis pinarêng seba,
      pira suwene lumaris, lah baliya wong kalih, manira anuwun bêndu, Allah
      durung marêngna, gampang masalah ing benjing, namung kita nuwun pangestu
      Narendra.


34. kangnek tyas lalih caraka, puguh pangran Bumidirja, pasthi tan arsa lumiring,
      gandhek kalih lalu jrih, wangsula dhatêng mêntarum, têrtamtu pinatenan,
      adat siyasat Nrêpati, kanang duta nekad tan purun wangsula.


35. ri sampunya tigang dina, arêmbag lawan sêrati, sadaya kinen wangsula,
      mring mêntaram sang ta esthi, ing pangran Bumidirja, samongsa mongsa wus
      lilih, …… (sêratan kabusak/rumpang) …… kapêdhak andherekena.


36. sêrati nulya budhalan, wangsul mring nagri mêntawis, kapêdhak wangsul
      mring karang, angadhêp ngarsaning gusti, winarya kang lumaris, kaunjuk
      Sri Pamaca, purwa madya amêksi, duk miyarsa jêng Susunan arda klana.


37. rumaos tiwas ing kirtya, mênggah panjênêngan aji, binudi budi tan dadya,
      rinasa saya ngrinuhi, mupus karsanira ji, têmbe sawetara taun, den arsa
      ngutusana, ngaturi kang paman malih, mangke kendêl pinêrih mênêb wardaya.


38. kocapa kalih kapêdhak, udangkara surakarti, anjêpeh ngarsa jêng pangran,
      sêtya ndherek wakitaki, ing donya prapta akir, jêng pangran ngastuti kayun,
      among pun udangkara nuwun tarukah pribadi, surakarti sêdya angadhêp
      tan pisah.


39. udangkara ngulat ulat, ngetan ngidul tan têbih, wus manggih papan kinarya,
      anulya dipun yasani, laminya tan ginupit, ri sampune nadyan dhusun, kathah
      dhusun kapêdhak, de tilas mantilan esthi, amyanging wong katlah dhukuh
      kêpathokan.


40. wau ta kang winursita, antara lami alami, pangeran Bumidirja, anggung
      mrêdi ênir, muhung puwareng tumuwuh, cinêkak caritanya, kundur ing
      rahmatullahi, cinarekan desa lundhong ing ngastana.


41. nora cinungkub sumarma, duk jumênêng wus wêwaling, apan namung
      piniyara, pinacakan juru kunci, dening putra kiyai, bêkêl kang anyêpêng dhusun,
      rukun tiyang sadaya, pêpundhen tineki teki, sumawana gandhek kapêdhak
      mêntaram.


42. ajale kinubur uga, neng desa lundhong lêstari, tumus susêtyane kala,
      gêsange mene sampun apuputra, anama kyai wuragil, kyai ragil putra kyai
      honggayuda. 


43. sayasa ing desa kutho, sudarma eyang wus lalis, wau kyai Honggayuda,
      linulut tinuwi tuwi, marang sakehing jalmi, tan kirang niskaranipun, wit
      panjurunging kathah, nging kaetang bangsa alit, ing bangsaning kapriyayen
      sampun sirna.


44. sinigêg gênti winarna, kangjêng susunan mêntawis, sayarda angambra ngambra,
      dera mangugung tyas runtik, worsuh traping widyasthi, sagung punggawa rahuru,
      wadya lit kasêrakat, wimbuh darajating bumi, pra satriya bupatya reh
      adhêdhangkan.


45. pangran dipati taruna, sudibya putra mêntawis, siyang latri binabana, mring
      sagung mantri bupati, pinintaha murwani, karya prang ngrêbat kaprabon,
      lênggahireng sudarma, ywa tanggêl margining pati, lalu rindhu pangran
      dipati taruna.


46. rumaos pragyaning kirtya, putra mêngsah lan sudarmi, mangu mangoneng
      nistuda, tandya minta tuduh maring, kang eyang mahamuni, pangran kajoran
      dupi wus, rêmbag saeka praya, ing pênêd ngangge kêkêlir, pangrat buta murih
      ywa kawistara.


47. manggih kêlir prang santosa, pan duk pirasat nêtêpi, binatang ngêntosi karya,
      sarta jangkaning nêgari, rusak nagri mêntawis, tarsiwah etanging taun, sang
      pangeran kajoran, putra mantunya pribadi, Trunajaya sutane dêmang malaya.


48. yeka pinangka bêbuka, kinen ambêdhah mêntawis, anging cinêkak kewala,
      mung gancare kang ginupit, pangrat buta andadi, gêmpuran praja mêntarum,
      jêng pangran purubaya, gula agul gri Bupati, prapteng janji kasambut asmareng
      laga.


49. liya punika akathah, para prawira mêntawis, kang pralena madyaning
      prang, Trunajaya jayeng jurit, sampan kêdhiri bali, mêkasar prajuritipun, pan
      wus karsaning suksma, bêdhah kêraton mêntawis, kangjêng Sunan mangkurat
      tilar prasada.


50. sinêngkalan lolosira, sirna ilang rasa jalmi, mangilen arêreyongan,
      garwa atmaja lumiring, jêng pangeran Dipati, anom lan sakadang jalu, pangran
      arya Singasari, atanapi pangran arya Martasana. 


51. wus têbih sangking mêntaram, jêng Sunan ngagya kêng siwi, pangran
      Dipati taruna, kinen wangsul ngrêbat nagri, mopo kêdah lumiring, sudarma
      satindakipun, wang wang Sri Nata ngatag, pangran pugêr lan kang rayi, pangran
      Singasari pangran martasana.


52. wangsula ngrêbat nêgara, titiga sandika sami, pangeran pugêr sêksana,
      pinaringan wasiyat adi, curiga kang satunggil, maesa nular ranipun, waos
      ingkang satunggal, kyai palered nami, putra katri nêmbah budhal saha bala.


53. pangran Dipati taruna, taksih andherek sudarmi, rawuh tanah Ajibarang,
      jêng Sunan grih prapteng jangji, kundur Rahmatullahi, sinare bumi ganda rum,
      pratistha tanah têgal, mila katêlah sawuri, Sri Mangkurat têgal arum ingkang
      têngran. 


54. sasedanipun jêng Sunan, wang wang jêng pangran Dipati, madêg Narendra
      neng têgal, martalaya mugareni, mundhut bantu kumpêni, ing eyang tuwan
      gurnadur, jendral ing Batawiyah, mangun prang ngrêbat nêgari, mêngsah
      Trunajaya cidra ing ngubaya.


55. estu panyiptaning driya, pangran Bumidirja nguni, mila pinelaur linggar,
      tilar wibaweng praja di, yêkti sampun kaling ling, lulungid praja ruhara,
      rahayuning kraton ênir, nêrak walêr sangker lawiyeng Narendra.


56. wusanane pêsthi ana, nahan dharita mangsuli, nênggih kyai Honggayuda,
      Kuthowinangun winarni, sapta putra winilis, ingkang nênêm somah sampun,
      ranya iwiranana, wismeng jrakah kang pangarsi, nuntên jalu ran kyai
      Honggadiwongsa.


57. ing bundêr sayasanira, malih arine pawestri, ranya linalamijaya, wismeng
      kutha nuntên malih, pawestri nama nyai, wirawongsa kang dinunung, desa
      ing blimbing nulya, ari jalu nama kyai, sutayuda malih pawestri anama.

58. Nyai Surajaya ngambal, sadaya ulah among tani, pangulate tan kirang bukti,
      rukun ing tyas tar sêling, amung putra kang waruju, jalu jaka tumala, pun
      Sangkrib namanireki, nandhang papa cintraka umagêng brangta.

 

Jumat, 02 September 2011

BABAD ARUNGBINANG pupuh 3 dumugi 4

Naskah Babad Arungbinang Hal 18-19.

PUPUH ASMARADANA
(3)
1. wauta ki jaka sangkrib, kyai Honggayuda putra, nênggih ingkang wuragile,
    pinanjangk
ên dharitanya, sanggya lalakonira, purwa wasana dhinapur,
    myang nistha madya utama.

2. cinatur sabilik bilik, kang kêlair miwah samar, sanadyan ing sausike,
    k
ewala suksa winêwar, susatya ring pandriya, mongka darsana tumuwuh,
    tumuwuh ing dunya.
3. dening anak putu sami, buyut canggah wareng miwah, dhêg udhêg gantung
    siwur, lan sapiturutnya pisan, yogya nguninganana, salir lalakon lulhur,
    cinath
êta kaprayitnan.
4. pêndah ywa lingsêm nglakoni, kodrat iradating Suksma, ingkang murciteng
   dhirine, tum
êrap papa cintraka, lan a
ywa girang girang, yen anggonira
   kadunung, kaharjan singgih astama.
5. jêr lagi winayar dening, Allah kang murba misesa, mung ywa lali panrimane,
    êning tyas sabar tawêkal, asih sêsama sama, kawula wênang nênuwun, kang
    murih mulyaning jiwa.
6. krana apsah sangking dalil, subhanahuwatangala, ngudaneni ring titahe,
    titah kang byakta pamudya, sarta lawan agama, wawajid dawajid dau, sapa
   t
êmên tinêmênan.
7. kosok balike sabilik, sapa cidra cinidranan, wus mengkona ubayane, lah iki
    goningsun marna, carita kuna kuna, lab
ête para luluhur, tan kênane idoa.
8. dupeh ngong nora ngalami, duk jaman sêmana iya, pêsthi kinira yen goroh,
    nanging sun ajrih doraa, lan dudu pupulasan, jalaran nggoningsun w
êruh,
    ngambil s
êka têtulisan.
9. wirayat kang swargi swargi, mêdhar lakone pribadya, ya kang sun gawe
    w
êwaton, lamon tan mangkono uga, mangsa kita wêruha, mêngko sun apus
    ing t
êmbung, murih padha mangêrtiya.
10. lakone ki Jaka Sangkrib, liwat nggone kasangsara, sinikang para kadange,
      nadyan kang r
ena sudarma, samatra tan ngopreya, marga anggane
      sakojur, katrap
ên meh tanpa sêla.
11. pating palopor kaeksi, gêtih nanah mara wayan, sing amulut jrih amire,
      linarang malb
eng sayasa,
andhêlik neng kêbonan, sahunggyane lawan turu,
      tr
êkadhang neng ngandhap pisang.
12. miwah emper kandhang sapi, tanapi emper gêdhogan, gumlinting saestha
      layon, tatkala sinungan boga, binukti an
eng britan, jiwa rusak kulu kulu,
      lir
kêkere kawistara.
13. langkung denya kawlasasih, tan jamak sasama sama, kabeh kadang
      pamuwus
e, ngilangkên  andhana juga, dêp idêp gawe wadal, nadyan lunga
      mati sukur, aja c
êdhak mênek tular.
14. yen tular ambilaeni, pêsthi lamon wurung jalma, wong ngurip dadi kêkere,
      cotho tan bangkit ngupaya, sandhang pangan nang dunya, wong siji k
ewala
      amung, nglakoni tan dadi ngapa.
15. datan ta ki jaka sangkrib, siyang dalu monta drasa, tumplêk amblêk prih
      atin
e, limut nora umanon rata, angrasa bosên gêsang, mung ngesthi marganing
      pati, mangunandik wardaya.
16. ya Allah kang maha Suci, kawula nuwun pralena, sampun jêjêmbat wirage,
      ngantak antak wont
ên dunya, angêntosi punapa, tan manggih sênêng sêpangu,
      enggal
mantun sirnakêna.
17. kawula pan botên bangkit, adamêl pêjah pribadya, kados pundi puwarane,
      sanadyan aw
et gêsanga, anggung dados gêgujêngan, sinikang sanak sêdulur,
      yayah r
ena karuh mitra.
18. aluwung dinamêl mati, sawastu kawula rila, tan wuninga akerate, dados
      sadhasar n
êraka, jahanam gih sumongga, mung mangke enggala lampus,
      payah anandhang cintraka.

19. mangkana ki jaka Sangkrib, saya kagagas karantaka, cipta amêlêng têkade,
      pan namung marganing p
êjah, ambirat liring boga, nadyan toya nora
      nginom kinajat nuliya p
êjah.
20. sarta sêdya angoncati, sangking wismaning sudarma, murih ilang kuwatire,
      yayah r
ena para kadang, lêstariya astama, sêtyaning tyas pribadya mung,
      kang angangkat lara l
ena.

21. ngaler ngilen jaka sangkrib, lingsir ndalu wancinira, tan adoh kendêl
      lampah
e, mulat mbeji lir pênimpang, toya wêning kawuryan, ki jaka nungku
      n
eng ngriku, anganyam ayam palastra.
22. trêkadhang kungkum ing warih, bakda kungkum nulya minggah, tapa
      kur mungg
eng pinggire, ngantak antak minta pêjah, lamon ana wong
      liwata, anggiwar nutupi irung, lumayu balok
ekan.
 

23. ki jaka tumungkul nangis, dangu wus tan kambon boga, sariragnya
      sawang layon, lalu angagra usika, nupi lami antara, n
ênggih kawandasa
      dalu, murcita pilal hyang Suksma.
24. ngudaneni kawlasih, wawalês tarak subrongta, karaos sarira entheng,
      p
êrih ngêthok linu sirna, ngungun ing tyas ki jaka, mangkana usiking
      kalbu, iki lah paran sumarma.

25. abêneh rasaning kulit, otot bêbalung kêpenak, apa ta waras wak
      ingong, nanging mokal y
en waras, ki jaka gya anggrayang, jasade sakojur
      alus, katrap wus sirna sadaya.

26. dupi byar baskara mijil, surat pranawa katingal, estu wus purna katrape,
      tilas
e nora kêtara, pra galba soteng jiwa, ki jaka mumudya sukur, pitulung
      hyang kang murb
eng rat.

27. tuwuh nistuda mangesthi, kayatnan sireng dumadya, mangoneng
      ng
êningkên panon, mênggah rih pambudidaya, kang yowana linakyan,
      apa k
entar apa mantuk, yen malih tanpa paedah.

28. mongsa wurung den ngis êngis, sanak kadang kangastama, ujar
      tan ana tinolah, ora bandha ora pakra, nadyan ana ngrop
eya, mung
      angangg
êp ala nganggur, uripe prasasat ewan.
 

29. amur ta lunga angaji, ngaji angajap akerat, kadonyan pira lawase, amung
      sag
êbyaring kilat, tan langgêng ananira, akherat datan paitung, caritane
      santri wignya.
30. jan bêcike ngong angalih, jênênging bocah ngong buwang, salin jênêng
      tuwa m
êngko, ki jaka dangu ngupaya, nama ingkang cinarya, binudi
      tandha wis manggih, p
êparab surawijaya.

31. nulya kentar sangking beji, ngaler nêkuk ngilen nabrang, pasidhatan
      jog p
êpereng, pereng wukir bulu sapta, ngaler katiwang tiwang,
      nurut sapinggiring gunung, marga lit rungkud sin
êrang.

32. rangu rangu gyan lumaris, de kongsi nêdyeng wardaya, ing bojong
      sari p
êsantren, nguni wus miyarsa warta, guru ngaji kasudra, ran kyai
      Mukhamad Yusup, anj
ênêngkên pariwara.

33. yeka pinêlênging galih, sumuksa ngaji bêbadah, Surawijaya tekade,
      m
engo karameyan dunya, angesthi têpêt loka, dupi wanci lêrês bedug,
      lampahnya tumurun ng
etan.
 

34. umiyat kali wêwêning, kendêl siram ing narmada, sarya masuh
      kawacan
e, sinjang rasukan lan dhestar, wit tilasing ngalara, sêdangune
      tan winasuh, mangkyarsa bin
êrsihan.

 35. busana ka
êpe têgil, tinunggu kungkum narmada, ri sampun aking sinjange,
       m
êntas dandan lumaksana, mêngaler ngilen minggah, wukir candhi jati purus,
       kangsi luk rungkud sin
êrang.

36. ongga kaborang ri bandhil, kasangsang ing tarulata, salir bêbaya
      tan tinon, darpa ring tyas murwa brangta, riyolat manting raga, sangking
      kum
êdah maguru, artine sarak ibadah.
    

37. wus angancik igir wukir, tumurun wimbaning arga, nusup nusup ngaler
      ngil
en, kali sruni 
sinabrangan, wong ngadus tinakenan, sanak pundi
      dal
êmipun, kyai guru bojong sêkar.

38. tinêdahkên gya lumaris, prênahing pêsantren prapta, pinuju linggih
      n
eng suroh, kiyai lagya mumulang, santri angaji kitab, Surawijaya andhêku,
      ing latar ngandhap tritikan.
 

39. cingak keh santri mangeksi, tiyang ndhodhok ing tritikan, kyai guru
      lingnya alon, pundi j
êngandika anak, pun bapa kêkilapan, ingkang tinanya lon
      matur, kawula tiyang ing kitha.

40. pun Surawijaya nam
i, sêdya sowan jêng sampeyan, kiyai guru nulya
      g
e, ngacarani kinen minggah, Surawijaya minggah, kaduk têbih linggihnya,
      ingaw
e kinen majênga.

41. sawusira majêng linggih, neng kering sang muniwara, kyai guru lingnya
      alon, anak ngapunt
ên andika, kula dereng kacêkap, lan andika imbal wuwus,
      saw
êg ewêd amumulang.
 

42. kêtanggêlan kantun kêdhik, anak den sêkeca lênggah, umatur sarya
      ngr
êrepeh, inggih sumongga sakarsa, nuwun kalajêngêna, mangkana kiyai guru,
      nglaj
êngkên denya mumulang.

43. kitab usul nahwu tafsir, takarub mantek jur miyah, lapal maknane tineteh,
      kin
êtrek tumêka murad, santri keh gantya gantya, lulurah kalih ambandhung,
      mangsungka kacaryan kang mulat.

44. denya pratela marnani, niskara têmbaya kitab, ya ta wau sadangune,
      Surawijaya myar saksa, makna murad ing santri, kas
êbut parentah Rasul,
      miwah dalil kang lawiya.
  

45. saya sêngkud jroning galih, gêlêng gumolong panyipta, ngibadah pêndhênging
      batos, salir ing r
eh nora ketang, antara wus palasta, pamulange kyai guru, santri
      mundur pamondhokan.
  

46. kiyai guru manggihi, tatamu Surawijaya, gya mijil pasugatane, wedang
      saka purantinya, nambrama mangun mitra, w
êcana kyai guru, anak ngong
      Surawijaya.
 

47. praptanipun wisma mami, punapa ingkang kinarsan, damêl gupita tyas
      ingong, d
entên têtigas kawuryan, nêdha kajawarnana, Surawijaya umatur,
     pramila kawula sowan.

48. ngarsa sampeyan sang yogi, rehning kawula punika, angraos kêlangkung
      bodho, d
ereng pisan sumêrapa, lampah sarak ngibadah, kang dados wajib
      tumuwuh, s
êtya angaji kawula.
 

49. nungku ing pêsantren ngriki, anuwun barkah piwucal, kiyai manthuk dêlinge,
      lah sukur m
êngkatên anak, inggih sami sarayan, ya ta wau kyai guru,
      sadangunira tumingal.

50. sêrandunireng têtami, pinanduk sangking pirasat, myang piyapati pasale,
      lapli maknawi kawangwang, tuhu manungsa tama, mung during mangsaning
      tuwuh, ing t
êmbe mangsa wurunga.

51. tansah ngunandikeng galih, iki wong gênêp pêtheknya, pintêr tur kêndêl
     dhasar
e, pantês mbêkakas nêgara, dudu murwating desa, dungduman santri
     ya dudu, anulya ris sabdanira.
  

52. gih anak langkung prayogi, sumuksa ngaji babadah, nungku tumamêng
      p
êsantren, napa malih ing ngupaya, ngatase tiyang gêsang, gih amung talabul
      ngilmu, ujar kang sampun mupakat.

53. mupakate tiyang santri, prêlu pinurih ngupaya, ngilmu kang dadi wajibe,
      nanging t
êmah kêkilapan, ngilmune tan pinanggya, mung angaji muluk muluk,
      anjajah k
ehing kitab.

54. lapal makna sehat têrkib, yen sampun sagêd winastan, niku kang wujud
      ngilmun
e, sarta sêmbayange rasa, putus tan malih ngucap, tur niku satêmênipun,
      lan ngilmu d
ereng bênthikan.

55. anak den sabar ring kapti, barang reh aywa kasêsa, sisikune kaupados,
      y
en ugi sampun pratela, mangsa wurung ing karsa, nging mangke kendêl
      rumuwun, angay
êmana sarira.

56. anata nata pênggalih, neng ngriki wis makawula, binjing ngampil gampil
      tiyang ngaos, y
en sampun tawajuh ing tyas, wau Surawijaya, nut kêrsane
      kyai guru, gya sinung pondhok pribadya.

57. dumunung neng kêring panti, ri sampuning tigang dina, sinalinan busanane,
      k
êlangkung denira  trêsna, kyai guru tumingal, wit sangsara sêmunipun,
      mila gung winimbasara.

58. tan winarsa kehing santri, lamon bakdanya mumulang, sêksana lênggah
      karoron, kalawan Surawijaya, s
ênêng imbal wêcana, jalaran kiyai guru,
      Mukhamad Yusup wus wikan.
 

59. surating maya kaeksi, Surawijaya niscaya, bêneh jalma pere pere,
      p
êsthi têrahing ngutama, sarta sampun kawang wang, pan duk têsmanireng
      semu, kend
êl krêtarta antêpan.
60. ki guru sêdyaning kapti, yen pinarêng sarta kodrat, yun angurip urip
      mangke, dhumat
êng Surawijaya, alon wijiling sabda, Surawijaya sutengsun,
      ywa susah kita ngajiya.

61. sinau caraning santri, kaloreyan tanpa wêkas, kasep pêngarêp arêpe,
      umatur Surawijaya, kula sampun miyarsa, kala sampeyan mumuruk,
      pratela ung
êling sastra.

62. kocap prêluning ngaurip,. Inggih pinardi ngupaya, ngelmu Islam pamurihe,
      pramila kula kum
êdah, ngaos ing pêsantrenan, margine talabul ngilmu,
      lan malih sampun kac
êtha.

63. salat gangsal wêktu wajib, sintên kang tilar duraka, ginanjar bilih linakon,
      kiyai guru w
êcana, dhasar mêngkatên uga, kitab tan siwah sêrambut,
      sangking dalil pasthi apsah.

64. nanging wau kang den eji, dening tiyang santri kathah, sawêg pratêgali
      mawon, upama karya wisma, lakar taksih wadungan, lamon tan bangkit
      ang
êlus, lan ngadon adoni lakar.

65. keh bêkakas tanpa dadi, pating jalêmpah kewala, tangeh yen ngadêg
      wismane, lah s
êmantên malih kitab, lapal anjaluk loat, loat minta muradipun,
      murad aminta sarasa.
 

66. sarasa aminta trêtil, trêtil punika tatrapan, yen tan bisa natrapake, ngajiya
      kitab sayuta, amung tibeng gilingan, mub
êng mubêng têmu gathuk, ngibarat
      bali ngibarat.
 

67. pundi kang den ngibarati, dadi anggêp ngayawara, mêngkatên ing
      salakone, nanging ta santri wus kaprah, mr
êdi wigyaning kitab, kranten milik
      asilipun, paitan ngupaya boga.

68. lire kadi kula niki, tinub sakathahing jalma, awit sangking pintêr ngaos,
      par
êntah wong tan kewêdan, gampil praptaning boga, napa jêngandika
      ayun, mad
êg dadi kapruitan.

69. Surawijaya mangsuli, pan inggih kula tan sêdya, kêpengin dados
      paguron, c
êkap kangge piyambak, kyai guru lingira, gih mulane kula tutur,
      tan susah angaji kitab.

70. dika dede calon santri, dede cêcalon sudagar, calon tani inggih dede,
      pinasthi calon satriya, kapriyayen utama, lamon kongsiya k
êbintur,
      pratengkahe santri nistha.

71. pintên kadare wong santri, andum bathi dagang tuna, bêcik tingkah
      kapriyayen, br
êkat mupakat tur babar, mleberi kadang mitra, tumêka
      sat
êdak turun, mênawa dadi jalaran.

72. nanging kangelan sayêkti, wong ngurip urip darajat, lara lapa pitukune,
      sanadyan lara lapaa, yen tumpang sapanyipta, myar pangawruh wowor
      sumbu, lara lapanira muspra.

73. wurung mukti sida mati, sida tapa wurung tampa, marmane nak
      ingsung angel, priyayi angulah praja, lan inggih ngulah badan, sami ugi
      pajunipun, m
ênggah tatraping sarasa.

74. anapon sinau santri, puniku reh lalampudan, sangking tan conggah badane,
      karya miranti darajat, murih awya kapiran, wong ngurip kapiranipun,
      kurang sandhang kurang pangan.

75. aluwung dadiya santri, dimen pinêcraya ing lyan, supaya kandêl uripe,
      lan dadi pangulat ulat, mutawatiri praja, m
êngakatên sajatinipun, umatur
      Surawijaya.

76. lamon mêngkatêna aming, kirang prêlu mênggah kula, nungku ngaos
      neng p
êsantren, pintên warsa warsa talab, kanggone ming kinaryo,
      ing ngriki mang
êrtosipun, inggih bangsa ngalam  donya.

77. mangka niyat kula inggih, ngupados amal akherat, mila yun kumêdah
      ngaos, sapint
ên lamining dunya, langgêng wontên akherat, criyosipun
      para kaum, ngupados sangu palastra.

78. kyai guru wêcana ris, carita datan pinanggya, angawur awur kimawon,
      ngaji ngajap ngajap swarga, swarga jaman akherat, akherat bisuk
      nek lampus, sangking pundi pambudinya.

79. lah mbok rinasa pribadi, kêpripun gone amarna, jaman pati luwih elok,
      lagi marna jaman g
êsang, kewala tan kacêkap, srsn wong cebol
      anggayuh, lintang mangsa kal
êksanan.

80. wong lumpuh arsa ngidêri, ing jagat mangsa têlês, lunga sêking kang
      angesod, gumuj
êng Surawijaya, ing galih nora nduga, ring sabda kyai
      guru, nanging ta ana emp
êrnya.

81. kyai guru angling malih, mungguh babagan akherat, botên kenging
      cinariyos, pan aming wallahu aklam, Allah kang langkung wikan, dene
      kang kena rin
êmbug, masalah urip neng dunya.

82. niku kang kula wêruhi, marga bêcik lawan ala, bênêr luput ing
      p
ênggawe, awit tingal tiningalan, rasa risi karasa, sumantan tiru tiniru,
      sami tiyang ngalam dunya.

83. saya kêrasa jro galih, Surawijaya miyarsa, kyai guru wirayate,
      kawula nuwun sumangga, ing sakarsa mr
êdiya, nadyan bêntusna ing gunung,
      j
êgurêna ing samudra.

84. sakit pêjah tan gumingsir, lan inggih sampun prêcaya, ulun lumiring
      sapangreh, kyai guru w
êcana, sukur sêtya ing kula, lah mangke carita ingsun,
      bongsa g
êlar myang ngibarat.

85. milane sun ngibarati, jatining makripatullah, tan kêna kawruh ambêlok,
      sangking ing n
êtra kapala, amung sangking sarasa, sarasa pangawruh
      putus, lan sangking dalil nistura.

86. krana santri sami ngaji, amrêlu makripatullah, ngikêt lan jur pakartine,
      puwara kalunta lunta, kayungyun t
êrkib sakhat, kaliwatan ing pangrungu,
      ruruba gung kang pinanggya.
  

87. Surawijaya tur neki, kang mêngkatên pariwara, punapa tan nêdahake,
      babaku kang ing ngupaya, t
êmah kalingga nata, wêcana kyai guru,
      y
êkti guru wus amawas.
 

88. jêmbar rupêke kang lagi, ngupaya bisaning basa, tan kenisi nami kang
      wong, lamon guru boten nimba, momotaning wawadhah, angg
êr wong
      bae jinuju, arane wong siya siya.

89. pama cindhil den wenehi, pangane padha lan gajah, mangsa kuwata tutuke,
      sumawana kadi d
êsa, cilik kanggonan raja, nora mulya malah ajur, milane
      ngangg
ê timbangan.

90. yen kita yun angawruhi, jêjêre makripatullah, ingkang samya pinipadon,
      dunung wiwitan agama, anak langkung prayoga, nanging d
ên awas ing kalbu,
      s
êsirikaning makripat.

91. ati linyok ati sakit, katrine ati palastra, lan makripatullah adoh, wijang
      wijange sun jarwa, ati linyok adarbya, wong kang munapek s
êdarum,
      munapek bangsaning khewan.

92. dadine manungsa lapli, khewan maknawi têgêsnya, nyata manungsa wujude,
      ananging pamb
êkan khewan, tangeh wruh kira kira, nyêrkutu sumingkir
      ngurus, d
ênê mungguh ati lara.

93. wong pasek ingkang darbeni, pasek bangsa mina setan, manungsa
      lapli larane, setan maknawi kawangwang, nyata wujud manungsa, pamb
êkane
      setan wutuh, kar
êm sasar ambêlasar.

94. anapon ran ati mati, wong kapir ingkang kanggona, khewan lan setan
      bangsane, insane akis kawistara, nyatu wujud manunga, amb
êk khewan
      setan juhut, dr
êngki dakwen panastenan.

95. ana dene ingkang sidi, ati tawajuh nisthaya, wong mukmin salih kang
      duwe, iyeku bongsa mukhamad, ingkang kawawa tampa, sasmitanireng
      Sukmagung, pracihna makripatullah.
 

96. yen bisa bêngkas ing tyas tri, wruh pembabaring kasidan, lêstari trang
      panuggale, dat kang sumorot ing ngalam, sarta dat kang nistura, ywa andika
      salah surup, ing ngriku kalangkung pragya.

97. lamon sisip nyêkuthoni, sotaning dat kang pratistha, yen tan wruh wijang
      wijange, akeh mad
êg kapruitan, wêjange tuna dungkap, siswane nora
      anggayuh, j
êjêring dat kang samep.

98. êdate loatipun urip, tan catinatrap sarasa, yen mêngkana uripa ingong,
      iku sanyatane Allah, lah iya urip kita, anane dumunung wujud, yen
      m
êngkona wujud kita.

99. kanyatahan Maha Suci, mengkotên penganggêp salah, sulaya lan
     pathokane, y
êkti tan pinanggyeng ngakal, kiyammubin napsiha, Allah
     jum
ênênge tamtu, pribadi tan lawan liyan.

100. mummasalah lilkhawadis, prabeda sakeh kang anyar, êh anak
        den ngatos atos, kaliwat pakiwuh gawat, doning makripatullah, yen uga
        kabeh rin
êngkuh, jejer wong kêjaba riyah.
   

101. yen datan ngrasa duweni, niku jêjêr kadariyah, lamon parêngan
        r
êngkuhe, dumadya wong mutajilah, Surawijaya myarsa, jêdhêg
        kew
êdan jro kalbu, umatur paran kang yogya.

102. nuwun pamulang kang pasthi, kamantyan limut nistuda, ambêbana
        anggen anggen, kyai guru lon manabda, keh ngibarat trang
êna,
        kang tumiba ing pandulu, gandheng
ên lan
        budinira.

PUPUH KINANTHI

(4)
1.    mangka panginjêning mahluk, ring kahanan dat sajati, aran dat
patang prakara, kang murciteng wujud wungkim, kang dingin
dat wujudiyah, ngaraliyah kaping kalih.
2.    baimmah dat kaping têlu, rokhayat pingpatireki, pan sangking
dat uluwiyah, yaiku ingkang nyoroti, dat uluwiyah niscaya, ingkang
t
êtêp dat gingsir.
3.    dene kang awarna catur, winêstu araning jirim, jirim iku dating
ngalam, ngaral puniku mamardi, dumunung sipating ngalam, ran
ngalam kang kongan gingsir.
4.    ngadam tanapi maujud, dungdumaning ngalam yêkti, wang wang
sinungsun ing johar, mulane darbe pangr
êti, ran johar alusing ngalam,
kang datan k
êna binagi.
5.    jêjêre kita lan ingsun, dungdumaning wujud mungkim, pêrange
patang prakara, bakda ngadam kang sawiji, bakda wujud ping
kalihnya, sayujan etang ping katri.
6.    kaping pat ngalimallahu, annahulayujad nênggih, têgêse dhingin tan
ana, lan nuli ana s
êmangkin, wangsule mring dat ana, sayujad
mardine ugi.
7.    tinêmune ngadam mojud, kaping ngêpate mungkasi, pan ngalimallahu
ana, ulayujad pinrih maring, ana tin
êmu ing sarak, miwah kang
dat pinanggih.
8.    ing sarak ngalam tan wêruh, mung Allah kang ngudaneni, wajibul
wujud nistura, yeka ingkang asma kadim, langgeng nora owah-owah,
masesa ing sahir kabir.
9.    lan yêgya wruhana khukum, kang rumêrab ari latri, mongka ngukum
miji wanta, gyaning makripatullah, gih khukum tigang prakara,
ngakal sarak ngadam asthi.
10.  ngakal latri kang winêngku, wajib mokal lawan jais, wêwangkone
khukum saraka, prelu sunat makruh tuwin, khalal atanapi kharam,
de khukum ngadat m
êngkoni.
11.  wujud kang dumunung wujud, lan ngadam dumunung ênir, wujud
kak
êmbulan ngadam, myang wujud pratistheng ênir, lungguh tangi
lan lumaksa, awya tilar khukum katri.

12.  yen tilar têmah dahuru, pangrat buta jroning ngati, sutengsun
Surawijaya, suwawi dika tinggali, inggih kang sewu j
êmbangan,
kabeh ingsenana warih.
13.  kalêres ing wanci bêdhug, ing ngriku sajroning warih, punapa
wonten s
êdaya, wayangan kula ndaragni, kêlamonta wangamokal,
tur niku ent
ên warih.
14.  dede baskarane wastu, mung wayangane kang eksi, ujwala sisiring
uga, m
êngkatên ngibarat neki, têng swaning dat uluwih, kang sumorot
wujud mungkim.
15.  mungguh dat wajibul wujud, tan ana agnyêmburuhi, nora warna
nora rupa, tan gatra sapmata tanpi, datan
ênggon data rah, ngandika
datan palathi.
16.  ora swara myang tan khurup, tan anetra aningali, pamyarsane tan
pakarna, nanging ta anane p
êsthi, sasmita ngêbêki jagat, lamon dinumuk
tan k
êni.
17.  Surawijaya kayuyun, miyarsa wirayat sidi, kawula nuwun pitêdah,
sajatosing wujud pasthi, kyai guru w
êcana, lah den sareh suta mami.
18.  mênawa sarta lan wahyu, mangsa wandeya mangêrti, nging tan
keni bin
êdhagal, bok bilih kayatnan sêling, jajal jamal kamal kahar,
sangking pangluw
êd pribadi.
19.  tan kêna ngandêlkên wuruk, wuruk mung upama wiji, kang winuruk
pama papan, sanadyan wijiya becik, lamon tan durna ing sela, watune
datan pasiti.
20.  katamana truh lan mepu, mongsa tuwuha pun wiji, yen intuk papan
prayoga, wijine tuwuh andadi, nanging yen pinarag ama, wurung dadi
sida mati.
21.  lah suwawi padha mêtu, palêsiran turut margi, Surawijya sandika, kalih
gya sami lumaris, madya latri wancinira, anuju purnama sidi.
22.  sadangu nira lumaku, kyai guru ngibarati, sagung ingkang kawistara,
myang swara swara kapyarsi, minongka pangimbir cipta, panginj
êning
dat sajati.
23.  jalaran lantip jro kalbu, Surawijaya nampeni, lir pariwara ngibarat, mung
kantun lenge kang pasthi, ri wusnya winawas-awas, sanggya pr
êlambang
tinampi.
24.  nulya nyikêp kyai guru, mêjangakên wujud pêsthi, sanalika trêp nistuda,
byakta ing tyas anampani, lir satutistheng rimbagan, yayah sasongka
dadari.
25.  jajahaning rat kadulu, lukita lumêkêt yêkti, pamejangnya sinampe,
purwa ghaibul ghuyubi, lening ghaibul ghaiwah, martabat sapta
mungkasi.
26.  samandhala wus kacakup, myang sirnaning dat kang munggying, ngarallimah
tinarbuka, antarane bilik-bilik, t
êngran sapta bab kababar, munggyeng
sipat wujud wajib.
27.  nugrahaning ywang Suksmagung, Surawijaya sampuni, rinarabwara
nirmala, kadyanggane b
êdhah nagri, amboyong lalêngka ningrat,
birat salir walangati.
28.  muhung panarima mungguh, gagal agul agul êning, tatag tanggon nrang
wiweka, kukuh abakuh nglingguhi, dungdumaning ngaralliyah, waswatir
kentas wus kentir.
29.  rampung pamêjang gya ucul, panyikêp samana glis, Surawijaya ngrasana,
ling ngira sang maha muni, sutengsun Surawijaya, pam
êjang ngong
mring sireki.
30.  tarêk sêkawan kapungkur, kang tumiba para santri, satariyah khalwatiyah,
bastiyah lan akisbandi, pama den yitna kewala, reh kang bebayani budi.
31.  kibir riya sum ngaujub, dên samar samun pangliring, sabar tawêkal
noraga, wicaraning lyan sakalir, sik
êpên ywa sinulayan, jêr kita
sampun mang
êrti.
32.  samangke manira dhapur, paraboting satriya di, kabudayan mangun
laga, ngilmu jaya wijayanti, tunggal s
êsoroting edat, nging bêneh
karkating kapti.
33.  bantêrane munggeng bantul, jêjêre kita pribadi, êndi kita niyatêna,
bantul obah
êna nuli, rumambat tistheng bantêran, campuh lan
s
êdyaning galih.
34.  nulya kyai guru muruk, sabalad balad ing ngaji, sampun katampen
sadaya, purwita madya mungkasi, tuwin ngilmu manjing jiwa,
myar panolak sanes jinis.
35.  du king wanci bangun esuk, sakaliyan samya mulih, byar kênyar
sami s
êmbayang, subuh dumunung ing masjid, bakda salat gya
mumulang, kyai mring para santri.
36.  wanci tabuh nawa rampung, mundur sakeh para santri, kyai guru
kantun l
ênggah, lan Surawijaya aming, kalih samya pagunêman,
masalah sarasa ngelmi.
37.  wutah wahyaning pangawruh, samya sênêng ngira kalih, kang
mumulang lan kang tampa, tineteh putus patitis, Surawijaya tan
kewran, nimpuna salir pangr
êti.
38.  saenggo puspita kudhup, sêmangke mêkar gon damrit, wangi
jaba ing jro ngambar, wr
êksa cêndahana upami, pantês
pamatining basa, antara lami tri sasi.
39.  Surawijaya neng dhusun, bojong sari mrêdi ngelmi, tan kirang
pamulasara, kiyai guru mag
êng sih, alon denira wêcana, Surawijaya
nak mami.
40.  jêngandika ywa kêtungkul, lah kita wangsula nuli, dhatêng tanah
desa kutha, malah sag
êda angabdi, ing panjênêngan narendra,
ing ngriku bok dadi margi.
41.  drajat kapriyayen timbul, matur sandika ngastuti, mugi angsala pandonga,
pukulun sang maha muni, kyai guru sabdanira, kula
dongak
êna ugi.
42.  Surawijaya mit sampun, salaman nulya ngabêkti, kentar sangking
bojong s
êkar, denira lumaris aris, wirandhungan mangoneng tyas,
ketang tr
êsneng guru nadi.
43.  ngangên angên jro lumaku, kadi dereng nêdya mulih, mring sayasa
tanah kutha, cinipta datan piasil, apadene suwitaa, ing
panj
ênêngan Nrêpati.
44.  sapata kang gêlêm nanggung, entheng wawrate wong ngabdi,
mung kanggo gawe arahan, miliki sandhang sasuwir, lawan pangan
sak
êlêdan, angur nglanguta wak mami.
45.  engêt pawarta ing dangu, ing selang ana ngulami, awas ta kyai
jaiman, sum
êdya badhe dipun panggihi, mula lêjang lampahira,
ngilen gya mangidul prapti.
46.  dhusun selang prênahipun, pitaken wus den têdahi, wismane kyai
jaiman, Surawijaya lumaris, mal
êbêt pêkarangan, ki jaiman nuju linggih.
47.  pribadi nglekor neng lêbu, Surawijaya ngadhêpi, munggeng ngarsa
tinakonan, sampeyan kandha ing pundi, kula dereng nate pirsa,
Surawijaya mangsuli.
48.  kula tiyang kitha dhusun, pun Surawijaya nami, sêdya umarak
sampeyan, inggih badhe niyat ngaji, anuwun wulang sampeyan,
kyai jaiman ling nya ris.
49.  ngaji punapa maring sun, botên bisa êmring êmring, kabeh wus
kadarbe uga, maring manungsa s
êjati, tandhane ngêsat sêgara,
tin
êkan sabarang kapti.
50.  enggal jêngandika wangsul, tan susah ngaji mring mami, jêngandika
sampun k
êbak, angluwihi kawruh mami, kantun pangluluhing
badan, g
ênihara mêndhêm bumi.
51.  kula mumuji jumurung, Surawijaya nulya mit, kadya ginugah
tyasira, duk sinung sasmita d
êling, kêtang tan wangsul mring
kutha, lings
êm ing kadange sami.
52.  cipta mangsana kang ngrêngkuh, mundhak angrêrudah ati, nadyan mulih
mring cukilnya, k
êlamon datan paasil, puwara kabuya buya,
tanggung tanggung luwung mati.
53.  agung rinasa jro kalbu, lajêng denira lumaris, mangidul ngambah
banarja, baskara tambis tumiling, mepu riwe mara wayan, cinipta
j
ênu usadi.
54.  nabrang narmada wus langkung, bumi urut sewu prapti, ngetan
anjok p
êjuritan, kêtrek mulat milang miling, ana pomahan
bawera, samun s
êmune wus lami.
55.  krêna taruna mumbuk mumbuk, pala kitri ragas agring, labêt
datan piniyara, wr
êksa bêndha gêng sauwit, Surawijaya nglon cipta,
ing kono patut den nggoni.
56.  mêrtapa mongsa ma wêruh, yen bisa ngluwat jro bumi, nanging kewuhan
tyasira, sapa kang sun kang akardi, nuju ana bujang liwat, duk sangking
andhudhuk gasir.
57.  pacule juga pinanggul, pan sarwi anyangking kêpis, Surawijaya têtanya,
adhi ngriki desa pundi, lan pomahan kidul nika, samun sint
ên kang duweni.
58.  pun bujang aris sumaur, pêjuritan inggih ngriki, nika kang gadhah pêmahan,
awasta ki Nalagati, gih saw
êg ginanjar lara, tyang sêrayat sampun lami.
59.  Surawijaya lingnya rum, adhi minta praya mami, dika damêlkên
k
êluwat, ajêng kula angge guling, adhi tulunga sêdhela, pun bujang
dumadak gampil.
60.  pundi gone kang adhi nuwuk, Surawijaya ngêcungi, nika sangking
soring bendha, kalih nulya amarani, dam
êl kaluwat wus dadya,
Surawijaya ngl
êbêti.
61.  ngadhi nuli dika tutup, mung ngangge tabag kariyin, nuntên urugan
l
êmah, kang kinen sigra ngulati, antuk tabag wus tinatrap,
laj
êng ingurugan siti.
62.  wus rampung tinilar gupuh, mêlng-mêlang jroning ngati, kocapa
Surawijaya, kang angluwat jroning bumi, y
êkti datan cipta gêsang,
sinangaja megatruhi.

 
Design by Free WordPress Themes | Bloggerized by Lasantha - Premium Blogger Themes | cheap international calls