Selasa, 23 Agustus 2011

BABAD ARUNGBINANG Versi Gancaran Berhuruf Latin.


Ki Mangoensoeparto, Bale Pustaka, Batavia-C, 1937.


I.       LELAMPAHAN PANGERAN BUMIDIRJA.

Purwakaning cariyos sasurudipun Kangjeng Sultan Agung Anyakrakusuma ing Mataram, putra Pangeran Adipati Anom sumilih jumeneng nata jujuluk Sinuhun Mangkurat.

Kacariyos pangastaning paprentahan (praja) kirang jejeg, dhawahing ukuman kirang adil. Kathah kemawon para kawula tampi pidana ingkang boten timbang kaliyan dosanipun.

Ingkang paman Pangeran Bumidirja kerep atur pepenget dhumateng ingkang Sinuhun, nanging boten kagalih babar pisan, malah nuwuhaken duduka. Ing sarehing Pangeran Bumidirja punika : sapisan ngeman sudaning kaluhuran dalem nata, kaping kalih welas dhateng para kawula alit mila kekencenganing penggalih ingkang sae linggar saking praja ing pangangkah sampun ngantos ngawuningani lelampahan ingkang boten cocog kaliyan panggalihipun. Panguneg-uneging panggalih ingkang makaten wau laje kawiyos dumateng ingkang garwa.

Sarehning kresanipun Kangjeng Pangeran wau menggah tosan sampun boten kenging dipunluk, pramila ingang garwa wontenipun namung ndherek punapa ingkang dados kresanipun Kangjeng Pangeran. Ing satunggaling dalu Kangjeng Pangeran estu lolos  saking praja nilar kaluhuran tuwin kawibawan, anamur kawula hamung kadherekaken ingkang garwa. Tindakipun saking kraton Mataram mangilen terus, boten ngetang bebayaning margi.

Enggaling cariyos tindakipun priyagung wau sampun dumugi ing tlatahipun tanah Bagelen. Ing ngriku kapethuk tiyang awon nama Jasamudra lan Trunasamudra, sedyanipun badhe begal. Sarehning penggalipun kangjeng Pangeran punika ber, pramila begal pinaringan arta kathahipun kalih semat (ringgit). Nanging pun begal boten narimah nedya nuwun sadaya ingkang kaasta ing kangjeg Pangeran engga rame sanget. Wusananipun begal kalih sami kasoran ngantos nyuwun pangaksama lan prasetya boten badhe begal malih-maih.

Sareng sampun aso sawatawis Pangeran lan garwa nerusaken tindakipun dumugi ing dhusun Panjer. Pasiten ing sakiwa tengenipun ngriku punika sae toyanipun tumumpang. Karsanipun sagn Pangeran nedya tutruka ing ngriku. Saking sakedhik tinlatosan, wana grumbulan bikukak kacithak kadadosaken tegil lan pasabinan. Kathah tiyang-tiyang secelakipun ngriku sami dherek babad mila boten ngantos tataunan papan ngriku sampun dados reja.

Karsanipun sang pangeran, nedya ngicalaken sesebutan tuwin asmanipun, supados sampun ngantos pakewed sasrawunganipun kaliyan kanca alit. Kaleksanan lajeng ngagem asma kiyai Bumi. Ewasemanten tiyang-tiyang alit meksa taksih nggadhahi ajrih saha rikuh, boten purun linggih celakan, wiraosipun sami ajrih. Sarehne kyai Bumi kuwatos kawiyak wawadosanipun, mila ing satungging dalu lolos malih sakaliyan nyai Bumi boten wonten ingkang dipunjujug. Sareng dumugi ing dhusun Lerep kyai Bumi sumerep tanah ing ngriku punika sae, imbang-imbangan kemawon kaliyan Panjer. Sakala kagungan karsa dudunung ing papan ngriku. Sakedhap kemawon dados reja, tiyang saking padhusunan ingkang tebih-tebih sami mrelokaken boyong mriku, awit kapiluyu ing wartos yen ing Lerep wonten tiyang neneka sugih kasagedan. Ingkang makaten punika malah boten dados cocoging penggalihipun kyai Bumi jalaran kuwatos kawentar dumugi ing praja Mataram boten sande amumurung lampah. Pramila ing satunggaling dalu lajeng oncat saking ngriku, karsaning panggalih badhe pados papan ingkang tiyang-tiyangipun sami kirang menggahing tatakrama, kadukwani, remen sesembranan. Prelunipun supados kyai Bumi terntram panggalihipun. Awit panggalihipun kyai Bumi, tiyang-tiyang ingkang watak gadhah makaten punika botne badhe madruli tuwin maelu dhateng piyambakipun jalaran katungkul nuruti ingkang kados wawatakipun.

Danguning dangu saged manggih padununganipun titiyang ingkang makaten wawatakipun. Dene dhusun wau namanipun Karang. Kyai Bumi terus manggen ing griku Yektos titiyang ing Karang boten gadhah ajrih tuwin ering dhateng Kyai Bumi, katandha saking sesebutan dhi, kang, lan sapiturutipun. Ing ngriku pangalihipun Kyai Bumi saweg saged tentrem. Sapunika lajeg gesang sacara tiyang tani, ing wanci siang nyambut damel ing tegil tuwin sabin, ing wanci dalu nungkul ing ngasepi nenuwun dhateng ingkang murbeng gesang supados pinaringana wewengan ingkang dados lalampahipun.

II.         KYAI BUMI DHEDHEKAN ING KARANGKEBUMEN NGANTOS APUTRA
WAYAH.

Gentos kacariyos ing praja Mataram sajengkaripun Pangeran Bumidirja, katingalan surem. Para kawula geng alit sami bingung, yen ta menggaha baita kecalan jurumudi. Ingkang makaten punika lajeng kauningan ing sang Prabu, sakala punika karsa dalem lajeng utusan gandhek nama : Wirasari lan Wirayuda kadhawuhan nglarah tindakipun ingkang paman. Samangsa sampun kapanggih tumunten kaaturana kondur.  Dhawuh timbalan dalem gandhek boten kapareng wagsul dhateng praja yen boten sareng-sareng kaliyan ingkang paman.

Lampahing gandhek kalunta-lunta babasan anjajah desa milang kori. Pundi kapireng wonten nujum dipunsuwuni priksa, ananging meksa boten wonten ingkang saged nglegakaken manahipun.

Danguning dangu lampahipun dumugi ing tanah Bagelen. Sarehne sampun wuwulanan madosi, kang mangka dereng kapanggih, sedyanipun badeh lerem sakedhap kangge ngasokaken badan tuwin pikiran. Ing ngriku sumerep tiyang saweg sami linggih udud-ududan, mentas dhangir pakebonanipun. Gandhek kakalih lajeg nyelaki, sangadi nedha latu. Sadanguning lilinggihan sami gineman, wicantenipun gandhek : “Dhi, ngriki niki namine dhusun pundi?”

Wangsulanipun tiyang dhusun : “O, nek sampeyan dereng sumerep, nggih ngriki sing namine Karang Kebumen”.

Gandhek saya neseg : “La sing truka sinten?”

“Sing truka tiyang saking tebihan, jaler setrine omongane bandhek, kira kula bangsa wong Mentaram’.

Gandhek saya ngangseg pitakenanipun : “Napa si adhi empun wawuh kalih tiyang sing mang critakaken niku?”.

“Wawuh mawon. Tiyang-tiyangane jaler setrine sami sae-sae. Umur-umurane wayah gumapa”.

Plong, manahipun gandhek kakalih wau, awit  ing batos inggih punika ingkang dipun padosi. Tumunten nedha tulung dhateng tiyang wau puruna ndugekaken dhateng griyanipun. Tiyang dhangir  inggih nglegani. Sareng dumugi ing latar gandhek maspadosaken, mila inggih yektos yen punika gustipun. Kala samanten Kyai Bumi saweg rinubung ing tangga tepalihipun. Saking boten srantosipun, gandhek miyak tiyang ingkang saweg sami rubungan wau, boten manah punapa-punapa ing sampeyaning gustinipun kaliyan tawan-tawan tangis. Tiyang ingkang sami rubungan sami pating plongo asemu ajrih, temahan sami kesah saking satunggal boten mawi pamit. Sareng sampun sawatawis aso, gandhek kakalih kadhawuhan linggih. Ing ngriku lajeng munjuk sarehning dinuta miwiti ngantos mekasi. Pangeran Bumidirja (kyai Bumi) meksa boten karsa kondur, awadipun sampun kraos dadalem ing dhusun. Rehne lampahipun gandhek boten angsal damel, upami wangsul dhateng praja sande dipun pidana, mila narimah sabaya pejah dherek tutruka wonten ing ngriku. Wiwit saderengipun gandhek, titiyang ing Karang Kebumen tuwin sakiwa tengenipun ngajeni dhateng kyai Bumi, malah dipun yasakaken dalem ageng. Kathah ingkang sami nyaosi wuluwedaling padhusunan, nanging Kyai Bumi boten karsa nampi, terus anggenipun rialat. Malah dhawuh ing tembe menawi seda mundhut kasarekaken wonten ing dhusun Lundhong, semanten ugi gandhek kalih inggih nyuwun kempal wonten ing ngriku Kala samanten Kyai Bumi sampun apuputra sakawan inggih punika Kyai Gusti, Kyai Bagus, Nyai Ageng saha Kyai Bekel. Nanging sadaya sampun nilar kawibawan gesang sacaraning tiyang dhusun. Dhawuhipun kyai Bumi putra-putra wau boten kapareng kasebut asma ing sajatosipun : Raden Mas utawi Raden. Prayogi kasebut kyai kemawon, prelunipun boten ngeget-egeti.

Kacariyos ingkang Sinuhun ing Mataram sampun midhanget wartos bilih ingkang paman saha gandhek ingkang kautus sami dudunung dhusun Karang Kebumen, nglugas raga among tani. Nunten utusan abdi sinelir nama Udakara lan Surakarti ngaturaken pethukan dipangga asrati nem. Nanging Pangeran Bumidirja meksa boten karsa. Udakara tuwin Surakarti boten sami purun wangsul dhateng Mataram malih, namung liman sasratinipun ingkang wangsul.

Kyai Bumi lestantun dedalem ing dhusun Kebumen ngantos dumugi ing seda, kasarekaken ing dhusun Lundhong. Sasedanipun Kyai Bumi ingkang gumantos dados sesepuh ing dhusun ngriki putra ingkang asma Kyai Bekel. Panggenanipun tiyang ngriku boten ewah kados kala sugengipun Kyai Bumi.  Sasedanipun Kyai Bekel ingkang asma Kyai Ragil gumantos ingkang rama. Inggih Kyai Ragil punika ingkang  mungkasi sesepuh ing Karang Kebumen. Jalaran putranipun ing Kuthawinangun ngasta demang.

III.       LELAMPAHANIPUN JAKA SANGKRIB.

Ing nginggil sampun kacariyosaken bilih kyai Hanggayuda ngasta demang ing Kuthawinangun. Sepuhipun kagungan putra 7 patutan saking garwa asal anakipun demang ing Wawar. Wonten putra satunggal anama jaka Sangkrib, wancinipun jaka kumala-kala nandhang sakit katrapen, saengga wradin ing badan sakojur, boten wonten tiyang ingkang sudi nyelak, kabekta saking gandanipun. Sampun ingkang tiyang sanes, sadherek tuwin rama ibunipun kemawon sampun boten karsa ngopeni. Patilemanipun ing ngandhap pisang, tritisan, kandhang, manawi nedha wonten ing buritan, sanget sisahipun sampun badanipun sakit, wewah-wewah manahipun inggih sakit, amargi raosaning para sadherek tuwin tiyang sepuhipun sampun boten sotah ningali, badhea kesaah utawi pejah sampun boten getun : “ilang-ilanga endhok siji”.

Kala-kala Jaka Sangkrib medal gagasanipun ingkang awon, nedya nganyut tuwuh, sanajan gesanga tiyang boten saged kawor sanak kadang, rak namung mamajang wirang kemawon. Ubaling gagasan ingkang makaten wau saged kaendhih dening weninging budi, nganyut tuwuh punika satunggaling lampah ingakang nistha, mratandhani yen tiyaag cupet ing budi, awatak angucira, pejahipun boten angsal margi padhang.

Sarehne boten saged nahan sakiting manah, piyambakipun lajeng kesah saking panggenaning tiyang sepuhipun, mlebet ing wana nusup ing gegrumbulan. Ing ngriku manggih beji ingkang toyanipun saklangkung bening, papan sakiwa tengenipun sakeca, sedyanipun Jaka Sangkrib badhe manggen ing ngriku. Yen dalu kungkum, siang kakaring, ingkang dados tedhanipun namung wowohan tuwin ron-ronan ing wana ngriku.

Sareng sampun  angsal 40 dalu, badanipun kraos enteng, boten wonten raosing sakit sakedhik-sakedhika. Grayangipun alus, sakedhik kemawon boten wonten belangipun. Jaka Sangkrib bingahipun boten kenging winiraos. Upami sacelakipun ngriku wonten manungsa, temtu badhe dipunluberi ing kabingahanipun. Sarehne boten wonten jalma manungsa wekasanipun namung ngedalaken luh ingkang boten kenging binendung. Ing batos suka sukur dhateng ingkang murbeng gesang dene sampun pinaring luar saking cintraka, satemah saget kawor kaliyan sasaminipun manungsa.

“Mulih apa terus lunga”, makaten ing klebet batosipun Jaka Sangkrib. Nanging sareng anggenipun nglimbang-nglimbang sampun dangu, kekenthelaning manah badhe nerusaken anggenipun kesah. Sarenhe rumiyin nalika wonten ing dhusunipun sampun nate mireng bilih ing dhusun  Bojong Sari wonten satunggaling kyai nama Ahmad Yusup kawentar sidik, kakencenganipun manah badhe puruita. Murih boten kapireng dhateng tiyang sepuh saha sadherekipun, damel nama sepuh Surawijaya.

Surawijaya lampahipun boten pados margi ingkang sakeca, malah minggah redi tumurun jurang. Ing wanci bedhuk dumugi ing lepen Sruni, kendel ngaso ngiras nggirahi panganggenipun ingkang nalika sadangunipun sakit boten nate kagirah. Purihipun sanajan sampun gombal, sok uger resik, dados samangsa kempal tiyang kathah boten ngganda awon. Sareng pangangge sampun garing nunten kaangge malih, lajeng nerusaken lampahipun. Dumugi ing griyanipun kyai guru, saweg dumugi ing latar sampun mendhak-mendhak sarwi uluk salam. Sarehne kyai guru saweg kaleres mulang, dipun acarani linggih rumiyin. Bakda mulang dipun takeni nami, dhusun tuwin perlunipun. Wangsulanipun beres kemawon yen dhatengipun mriku badhe puruita. Kyai guru mireng wangsulan saha panembung ingkang jangkep tata kramanipun, tindak-tandukipun ngresepaken, kepranan ing galih, pasuwitanipun dipun tampi, kanthi dipun papanaken miyambak. Dangu-dangu kasok tresnanipun ngantos karengkuh kados dene putra. Sadaya kasagedan kyai guru prasasat boten wanten ingkang mrojol. Sapunika kajengipun kyai, Surawijaya kapurih mantuk dhateng Kuthowinangun sageda suwita ing sang nata. Ing batos Surawijaya dereng kadugi yen suwita ing nata mung sangu kasagedan samanten. Dhawuhing guru namung dipun ecani kemawon. Surawijaya nunten pamitan dhateng gurunipun. Sadumugining margi nyimpang boten datheng Kuthowinangun nanging dhateng dhusun Selang badhe manggihi kyai Jahiman. Sadumuginipun ing ngriku kaleres kyai saweg wonten kebon, piyambakipun tumunten nembung badhe puruita ing ngriku, nanging katolak, jalaran katitik saking ing pasemon, kedhep liring netra, ngatawisi yen piyambakipun tiyang sampun isi. Surawijaya nerusaken lampahipun dumugi dhusun Prajuritan. Ing ngriku piyambakipun sumerep wit bendha ageng miwah inggil, sangandhapipun peteng tur singup. Nyut, manahipun kados dipun gigah, kados-kados wonten ingkang aken supados piyambakipun ngluwat ing ngriku. Krenteging manah wau dipun lampahi.

Nalagati inggih punika tiyang ingkang gadhah pakawisan ngriku, sabrayat saweg sami nandhang sakit, siang dalu namung lumah-lumah ing amben, lebet anggenipun sakit dangu dereng mantun. Saking sangeting prihatos, yen dalu awis-awis tilem, nyunyuwun dhateng ingakang maha kuwasa sageda mberat ingkang dados memalanipun. Nuju satunggaling dalu piyambakipun layap-layap badhe tilem, wonten ngrikanipun kados-kadois dipun panggihi satunggaling tiyang sepuh, suka sumerep, yen sakitipun sagedipun mantun kedah kajampakaken dhateng tiyang ingkang saweg nguwat ing sangandhaping bendha. Byar, piyambakipun saweg ngertos yen supena, sanget ing ngungunipun. Piweling ingkang mentas kapireng dados taksih gawang-gawang. Enjingipun boten saranta papan ingkang kaceta ing pasupenan wau dipun jujug, yektos wonten tiyangipun saweg ngluwat, nunten kengkenan tangga-tepalih dhudhuk.

Sadumugining nginggil ceta yen tiyang wau taksih gesang, lajeng kaupakara engga saged gineman, kaetang dangunipun ngluwat wonten salapan dinten. Sasampunipun Surawijaya katingal kiyat, Nalagati lajeng malehaken ingkang dados pasupenanipun.

“Kula boten bisa napa-napa, namung Gusti Allah kang bakal marekaken teng sampeyan”.

“Enggih, sanajan kados pundi kula inggih mbudeni teng sampeyan”.

Sarehne dipun pepek-pepekaken, panedhanipun Nalagati kajeng dipun legani. Kaleksanan sakitipun tiyang sagriya ngriku saged mantun. Saking sangeting bingahipun, Surawijaya dipun endheg kapurih manggen ing ngriku badhe dipun yasakaken griya nanging panedhanipun dipun tolak. Surawijaya nunten pamit badhe nerusaken lampah. Pancenipun Surawijaya badhe dipun sangoni ing sapantesipun,nanging inggih boten purun, namung nedha karag, manis jangan lan kajeng legi.

Saking dhusun Prajuritan lumampah ngidul ngilen, namung ngenut dhawahing suku. Dangu-dangu dumugi laladan Karangbolong, lajeng mlebet ing guwa Menganti, nedya nenepi. Wonten ngriku katarimah semadinipun, kaparingan wasiyat wujud cemethi. Samedalipun saking guwa lampahipun mangetan dumugi ing wana Moros. Kacariyos wana wau saklangkung angker, janma mara mati sato mara keplayu. Ewasemanten Surawijaya meksa lumebet. Ing satengahing wana wonten papanipun ingkang sanget asrinipun, nanging hawanipun beda kaliyan papan sanesipun. Gagasanipun Surawijaya : genah yen ing papan ngriku dados kedhatoning dhadhemit. Rehne dumugi ing ngriku sampun sonten ancasipun badhe sipeng kemawon ngiras ngasokaken badan. Sareng ing wanci dalu kathah ungel-ungelan tuwin rurupen ingkang adamel girising manah. Bawanipun tiyang sampun sugih ngelmu, kasembuh santosa ing budi, kawontenan ingkang makaten wau kaanggep dede barang-barang. Pungkasanipun wonten swara geter, bumi kados ginejot, jleg arupi cemeng , untu pethak. Dedeg ageng inggil, dhapur ngajrihi dhateng ing ngriku. Pitaken dhateng Surawijaya : punapa sedyanipun dene ngantos dipun rencangi toh pejah. Surawijaya lajeng medharaken lelampahanipun miwiti dumugi mekasi. Sang anjar katon waleh yen piyambakipun punika nujumipun Kangjeng Ratu Kidul nama Kumbang Ali-Ali. Piyambakipun lajeng meca dhateng Surawijaya yen ing tembe badhe dados prajurit linangkung kacelak dhateng ratu. Samangsa manggih pakewed ing saenggen-enggen kinen ngundang piyambakipun badhe dhateng arupi kethek pethak ageng, ancik-ancik ing pucukinbg tumbak. Nunten aji pametik dipunmulangaken. Sasampunipun kacakup pamejangipun, Kumbang Ali-Ali pamit wangsul ing kayanganipun. Surawijaya kantun anggana, sanget suka bingahing manah.

Enjingipun medal saking wana Moros nurut gisik mangetan dereng nedya wangsul dhateng Kuthowinangun. Ciptaning manah sampun ngantos yen wonten ing pasamuaning ngajurit anguciwani. Mila sanget manting jiwa mesu sarira, esthining manah sageda kasembadan sedyanipun, dados tepa palupi lan murwani karaharjan ing sawuri wuri. Raos makaten punika terus kagagas-gagas panjang. Boten dipun kinten babarpisan yen lampahipun sampun dumugi ing redi Brecong. Wonten ing ngriku kendel, yen enjing mlampah ngetan, yen sonten ngilen angen lampahing Surya, sadangunipun nglampahi makaten punika ingkang katedha namung karag. Sareng sampun angsal 15 dinten, gentos tapa mendhem ing pasir pinggir seganten, ingkang katingal namung jangga manginggil. Saweg angsal 20 dinten kadenangan tiyang nama Nayadipa ing dhusun Gunaman. Nayadipa enggal wangsul ngundang anakipun kalih, sarwi mbekta lincak, perlu kangge nulungi tiyang ingkang mendhem, sarta badhe kaupakara bilih taksih gesang. Enggalipun sampun kadhudhuk kabekta ing griyanipun, dipun upakara ngantos saged kiyat malih badanipun. Nayadipa nedha pangapunten, rehne lumancang adamel wurunging karsa. Anggenipun ngentas punika ketang saking welasipun.

Saking panedhanipun ki Nayadipa, Surawijaya kapurih kendel sawatawis dinten murih puliha kakiyatanipun. Wonten ngriku piyambakipun dipun walehi yen Nayadipa asal saking Wawar, sadherek misanipun demang Warganaya. Ing batos Surawijaya bingah, nanging sinamun sampun ngantos murungaken sedyanipun. Sareng sampun angsal sawulan, piyambakipun pamit badhe nerusaken lampahipun. Saking Gunaman mengaler dumugi Kebumen lajeng menggok mangetan. Dumugi Kalisalam kesengsem ningali endahing redi Bulupitu. Enget ujaring sepuh-sepuh yen ing ngriku punika kadhatoning dyan ayu dewi Nawangwulan, inggih punika rayinipun dewi Nawangingrat ingkang ngratoni para lelembut ing saganten kidul. Wondene asalipun putri ing redi Kombang. Bakda tapa badhe sami mantuk dhateng nagarinipun, nanging boten saged, jalaran sampun santun sipat wujud jim. Satemah sami mupus ing papasthen.

Surawijaya terus minggah ing redi Bulupitu, ngetog kikiyataning batos badhe kapanggih kaliyan dyah Nawangwulan. Wondene rubedaning sarira boten badhe karosaken babarpisan. Sareng dumugi satengahing redi milang-miling pados papan ingkang prayogi. Ing ngriku manggih beji ingkang wening toyanipun, karsanipun sacelakipun ngriku badhe kangge nungku semedi. Sareng sampun angsal sawatawis dinten, katarimah penuwunipun. Sumuking redi benter, adamel geger ingkang mbaureksa redi. Sang dewi Nawangwulan boten kasamaran yen ingkang damel gara-gara punika satunggaling titah ingkang saweg kapati brata ing sapinggiring beji. Nunten pinarepekan. Surawijaya sareng mambet ganda arum angambar, panglocitaning manah : “Baya iki kusumaning arga.” Sanalika tapakur, pasang panulaking panca baya. Ing ngriku kusumaning ayu dyah Nawangwulan ngatingal nyelaki. Sasampuning bage-binage, enggaling cariyos lajeng dados garwa. Tumunten sang dyah ngengakaken korining kajiman, ical sipating redi Bulupitu, byar wujud kadhaton ingkang sakalangkung adi.

IV.     ING KADEMANGAN KUTHAWINANGUN DIPUN JARAH DEMANG KYAI
         PRAWIRAWIGATI.

Wonten gempalaning cariyos, ing dhusun Pakacangan demangipun nama Prawirawigati, kineringan ing manca dhusun. Dedeg ageng inggil, gagah prakosa sugih kuwanen, sugih bandha. Ingkang dados andel-andelanipun kyai demang pethut sekawan pun Surapremati, Surapakewuh, Surabinarong, lan Surantaka. Sabarang kakajenganipun inguja. Dasar tiyang sakawan wau wasis mbegal tuwin ngecu.

Kyai Prawirawigati mireng kabar bilih ngabei ing Bocor gadhah pusaka wujud dhuwung, dhapur sinom nama kyai Pandu, sepuh tur wetah. Surantaka kapurih mangkat dhateng Bocor perlu mandungi. Enggaling criyos dhuwung sampun kenging kabekta. Wangsulipun Surantaka mampir ing griyanipun tiyang nama Suradiwirya ing dhusun Kuwarisan. Wataking tiyang remen umuk, wonten ing ngriku Surantaka pamer anggenipun mentas mandung boten kadenangan, sarta nedahaken wujudipun dhuwungipun. Suradiwirya sareng sumerep lajeng melik, tumunten migunakaken trekahipun. Surantaka dipun segah wedang kopi kacampuran bubuk kecubung. Sareng sampun mendem lajeng dipun tandangi. Surantaka kapulasara satengah pejah, lajeng kabucal ing pategilan. Ing wanci tengah dalu saweg enget graya-grayah badan dipun grayangi sami abuh, kangge ebah sakit. Udheng, rasukan lan sinjangipun sampun boten wonten, ingkang tememplek ing badan kantun sruwal kemawon. Ing ngriku saweg ngretos bilih mentas kenging ing guna desthi, paekaning mengsahipun. Kinten-kinten badan sampun radi sekeca raosipun, lajeng mlampah mantuk manggihi kyai demang wadul punapa ingkang mentas kalampahan. Demang Prawirawigati sareng mireng wadulan makaten, sanalika medal kanepsonipun nginten bilih ingkang maeka wau kengkenanipun kyai Hanggayuda ing Kuthawinangun. Sanalika lajeng mepak bala. Sareng sampun tata sadadameling perang, prajurit lajeng kabudhalaken, dipun tindhihi piyambak. Kyai demang numpak kapal ules napas, dhasar ageng inggil kasembuhing busana, dhangah-dhangah amantesi. Urut margi sami ambabahari pundi dhusun ingkang kaambah sami kagegeran, tambuh-tambuh polahipun. Raja kaya sami telas karampas. Griya kathah ingkang suwung katilar ngungsi, nunten sami kabesmi kadamel karangabang.

Kacariyos kyai demang ing Kuthowinangun dereng saged mepak wadyabalanipun, sampun kadhatengan mengsah, satemah namung kabingungan boten ngretos punapa ingkang kedah dipun lampahi. Pepuntoning tekad nedya sumingkir kemawon, awit sanajan mapagna ing mengsah mesthi boten kuwagang, menggaha toya banjir sampun boten kenging katambak.

Kyai demang saestu nilar Kuthawinangun ngungsi dhateng ing jurang Ngabean dhusun Bebuka.
Demang  kyai Prawirawigati mlebetipun ing dhusun Kuthawinangun boten wonten ingkang ngalang-alangi. Sampun tentu kemawon sadaya isining kademangan kaobrak-abrik, para prajuritipun sami ngglandhangi maesa kangge ropyan-ropyan.

V.     JAKA SANGKRIB MRINANI TIYANG SEPUH.

Gentos ingkang dipun cariyosaken, pun Surawijaya, sadangunipun wonten ing Bulupitu tansah rerembagan bab glagating praja ing tembe wingking. Piyambakipun ngudi sanget sageda ing benjing kadrajatan terah-tumerah dhateng anak putunipun. Ingkang rayi sagah njangkung, saha mratikelaken samangsa wonten damel.

Nyarengi gegering Kuthowinangun nyai Bulupitu matur ingkang raka, saha ngaturaken katiwasanipun ingkang rama ngantos kengser dhateng jurang Ngabean. Mila Surawijaya dipunprayogakaken wangsul dhateng Kuthawinangun pupulih dhateng ingkang rama. Nanging dipun jujug kedah pasingidanipun ingkang rama. Surawijaya nglampahi punapa ingkang dados pakenipun ingkang estri. Piyambakipun lajeng dipun sukani pusaka nama Naraca Bala, lan nalika badhe pangkat nilar weling dhateng ingkang estri, beji ingkang kangge nungku semedi kanamakna Soma Gedhe. Surawijaya nunten dipun anggen-anggeni dhateng ingkang estri, pinatut lan dedeg piadegipun. Sasampunipun  cekap lajeng mangkat. Sadumuginipun ing kori asta kakipataken, kadhaton ical, jleg wujud redi malih.

Enggalipun sampun kapanggih kaliyan ingkang rama kyai Hanggayuda. Sasampunipun bage-binage Surawijaya nedha supados dipun aben demang Pakacangan ingkang ambeg purun. Kyai Hanggayuda sanget bingahing manahipun, saha sanget suka sukur dene angsal pitulungan. Surawijaya dipun endheg sawatawis dinten badhe binoja rumiyin, nanging boten purun, wangsulanipun : Prakawis pamboja gampil pinanggih wingking, sauger mengsah sampun kapracondhangi. Wangsulanipun Surawijaya ingkang makaten wau dipun condhongi ing kathah.

Sasampuning tata-tata lajeng pangkat kaliyan wadyabala sawatawis, nanging sedaya wau namUng kapurih ningali saking katebihan kemawon, piyambakipun badhe prang tandhing sami ijen. Sadhatengipun ing Kuthawinangun kyai Prawirawigati dipun tantang ngaben wuleding kulit atosing balung. Ing ngriku lajeng prang, gentos katindhih. Dangu-dangu kyai katingal karepotan, terus dipun seseg supados boten angsal papan. Kyai demang kwalahan, lajeng kenging cinandhak, tumunten sinendhal, kyai demang dhawah krungkep lajeng kinakahan boten saged polah. Sarehne rumaos boten saged nandhingi malih lajeng tobat pasrah pejah gesang. Perang sampun cekap.. Wadya bala sami kaundhangaken nglempak, sadaya kempal ing kademangan. Kyai Hanggayuda kaaturan kondur dhateng Kuthawinangun. Ing dalunipun sami seneng-seneng tayuban, inum-inuman, wanci byar saweg bibaran. Demang Pakacangan ngaturi pisungsung kapal cemeng mlathi suwung dhateng Surawijaya.

Sareng panggalihipun kyia Hanggayuda sampun tentrem, angkahipun badhe ngluwari ujar, ngedegaken demang dhateng Surawijaya, nanging Surawijaya sanget ing pamoponipun. Lan ing ngriku Surawijaya saweg kemawon manggih margi kangge waleh, bilih piyambakipun putranipun wuragil kyai Hanggayuda ingkang nama Jaka Sangkrib. Rama ibunipun sanget ing bingahipun, lajeng sami tangis-tangisan. Sareng sampun aring sawatawis,  ingkang rama ngetang wiwit ing kesahipun dumugi titi mangsa punika dangunipun 13 taun.

VI.     KRAMAN ING REDI SLAMET NGEBROKI BANYUMAS.

Wonten malih gempalaning dodongengan, ing redi Slamet laladan Banyumas, wonten jajaka kalih trahing wita redya asal saking Madiyun, nama raden Supena lan Raden Suratma, ngasta emban satunggal nama Kertabau. Sang wira kakalih anggenipun mesu sarira brata sampun watawis 3 taun, putus ing aji jaya kawijayan, kanuragan tuwun kasantikan. Dhasar bagus ing rupi, alus ing wicara, berbudi remen tutulung. Sadaya tiyang sacelakipun praptapan sami ajrih asih tuwin kumawula sanget.

Satunggaling dalu tiyang nama Patrabangsa dhusun Siparuk, gadhah cacat wuta, supena supados ajajampi dateng sang atapa. Samangsa saged kapanggih mesthi sakitipun ical sanalika. Saking adrenging manah enggal sageda mantun. Lajeng nempuh byar ngupadosi kaeteraken anakipun jaler. Boten ajrih babayaning margi, sumengka ing pucuking redi Slamet. Saestu sareng kapanggih sang pandhita anem, mripat kausadanan sakala mantun blas boten wonten tilasing sakit.

Wangsulipun Patrabangsa dados gumunan, tiyang ing suwau picak sapunika saged sumerep. Temtu kemawon timbal-tumimbaling cariyos sakedhap sumebar ing pundi-pundi. Wiwit wekdal samanten andulur cacahing tiyang ingkang dhateng prapatapan sami nyuwun sawab saha jajampi. Kathah ingkang kapranan manahipun lajeng boten purun mbantuk dhateng dhusunipun, nrimah manggen ing ngriku, mila sakedhap kemawon dados reja. Sang pandhita anem dipun yasaken dalem dalah papan pamujanipun. Saking agenging kapitadosipun dhateng pandhita wau, anggenipun sumungkem kados dene dhateng ratu sesembahanipun.

Ing antawisipun tiyang samanten wau, wonten satunggaling pinisepuh ahli petangan nama Nurmungalam ing dhusun Pasir. Punika ngojok-ojoki dhateng kanca-kancanipun puruna njumenengaken ratu dhateng pandhita wau, rehne tiyang-tiyang sampun ageng kapitadosipun, pangojok-ojok wau katampi kaliyan bingahipun manah.

Dinten jumenengan ratu wau lajeng dipun estreni ing tiyang sakiwa tengen ngriku saha sadaya sami sagah dados prajuritipun. Sang pandhita lajeng binusanan agem-ageman ratu jangkep saupacaranipun. Nanging saking pamrayoginipun ki Nurmungalam, dereng kenging mawi sesebutan ratu, sapunikanipun kedah namung sesebutan senapati, benjing yen sampun saged mbedah Surakarta (Kartasura? : penyalin)) saweg sesebutan ratu.

Sasampunipun pethuk ing pikir golong rembag, nedya ngradin jagad, kawiwitan saking Banyumas mlampah mangetan.

Pinuju dinten Jumuah tanggal 1 Sura taun Alip, wiwit tata-tata mepak wadya bala. Ngabei demang lan patinggi ingkang saking bawah Brebes sarta Tegal ugi kathah ingkang ngrojongi. Ingkang dados sesepuhipun kyai Nurmungalam. Lampahing prajurit kabagi dados kalih golongan. Ingkang sagolongan ageng medal kilen katindhihan demang Sonyalangu lan Darmaraja. Urut margi ngingirup lan njajah rayah, mila balanipun saya wewah-wewah. Ingkang sagolongan malih medal ler katindhihan sang senapati piyambak, ingkang sampun gantos asma Damarwulan, ingkang nem Menakkoncar. Senapati kakalih sami nitih kapal sinongsongan, kaampingan kyai Nurmungalam saha Kertabau. Barisanipun katojokaken Purwokerta, boten mawi kagebag perang sampun nungkul aris. Dene ingkang boten purun nungkul ngungsi dhateng Makam. Sarehne boten wonten ingkang ngalang-alangi, lampahing baris sakedhap kemawon sampun dumugi laladan Banyumas.

Kocapa bupati ing Banyumas, Tumenggung Yudanagara, sareng midhanget wonten kraman ndhatengi ragi kaweken ing galih, jalaran tinempuh saking ler lan kilen. Tumunten nimbali patih dhawuh ngrakit wadyabala nanging kedah kadamel kalih golongan. Ingkang kiyat kaangsahaken ngilen katindih kyai patih piyambak, sanesipun ngaler katindhihan kliwon.

Kraman ingkang saking kilen sumerep kapapagaken prajurit saking Banyumas terus ngebyuk purun tanpa mawi gelar utawi tengara. Prajurit Banyumas sanget ing kagetipun, anggenipun nanggulangi akanthi nggragap. Bala kraman pandhesekipun rosa sanget, tandangipun resah, kewewahan ingkang wonten wingking surakipun kados ampuhan. Satemah prajurit Banyumas sami kagilan, rumaos asor ing tandhing karoban mengsah,  nunten mundur bibar sar-saran boten ngrewes dhateng titindhihipun.

Kraman ingkang saking ler perangipun ragi rekaos jalaran kala samanten lepen Serayu kaleres banjir, dados namung katindakaken perang sanjata, sakalih-kalihipun sami ngetog kakiyatan, namung boten wonten ingkang nedya ngunduri. Ing sanes dinten sareng lepen sampun boten banjir prajurit kraman ngangseg nyabrang lepen, jinampangan ing prajurit asikep senjata. Prajurit Banyumas binrondong saking katebihan lajeng mundur, ingkang makaten wau nggampilaken panyabrangipun barisan kraman. Sareng ngretos yen mengsah angunduri prjjurit kraman lajeng ngelud adamel kuthetheran mengsah.

Ingkang bupati sareng tampi lapuring patih bilih prajuritipun kaseser, lajeng dhawuh nilar kitha lampahipun mangidul. Dumugi ing Buntu kendel damel pasanggrahan. Ing ngriku wadyabala Banyumas kacacahaken kapanggih kantun 1.800, mila tangeh yen sageda nanggulangi krodhaning mengsahipun. Golonging rembag patih kadhawuhan atur uninga ing ngarsa dalem sang prabu, saha nyenyuwun babantu. Patih nunten bidhal kadherekaken prajurit 40 sami akakapalan.

Kocap prajurit kraman sareng sumerep bilih barisan Banyumas nilar kitha, lajeng dipun broki. Senapati kakalih sampun ngenggeni dalem kabupaten, rinten dalu namung ngegungaken suka-suka pari suka.

VII.    JAKA SANGKRIB ANGSAL MARGI NGATINGALAKEN BADANIPUN
          DHATENG RATU.

Mangkana Surawijya anggenipun ngantu-antu dhumawahing wahyu ingkang lumantar saking sang prabu sampun lami dereng wonten antawisipun.

Ingkang garwa nyai Bulupitu boten kasamaran dhateng karsanipun ingkng raka, nunten sowan ngaturi rembag sagetipun enggal angsal damel, kedah dipun sranani lumebeting arta paos ingkang dhateng Surakarta wontena 10 utawi 15 dhusun kemawon. Ing wiwitan Surawijaya boten nocogi dhateng rembag makaten wau. Nanging sareng dipun sulang-sulangaken bilih pandamel makaten wau namung kangge srana enggaling kadumugen dados boten ateges mbalela. Surawijaya lajeng purun miturut. Wiwit samanten ;lajeng mbobolehi saha mbubujuk dhateng dusun macapatipun, boten prelu caos bulu bekti wujud punapa kemawon dhateng Surakarta, awit boten wonten pigunanipun. Langkung sae dhateng piyambakipun kemawon, dene mangke yen wonten seregan saking Surakarta, bot repotipun badhe katanggel. Ingkang sarehne demang-demang sakiwa-tengenipun wau panci ering dhateng Surawijaya mila panedhanipun dipun turuti.

Danguning-dangu wonten ingkang lapur dhateng Surakarta. Sareng ngarsa dalem midhanget nalar makaten wau lajeng dhawuh papatih dalem tumuntena mbidhalaken duta, nyepeng Surawijaya murih sampun ngantos ndadra.

Kyai patih enggal mbidhalaken utusan sakawan, kadhawuhan nyepeng Surawijaya. Dhatengipun utusan njujug dhusun Ungaran, masanggrahan ing griyanipun demang. Kathah para demang saking macapat dhusun sami manggihi, sadaya ngalem dhateng kadigdayanipun Surawijaya. Duta mireng tembung makaten wau ing batos ajrih, nanging sinamur ing gugujengan.

Para kadang warganipun Surawijaya sareng mireng wonten dutaning nata, lajeng sami kempal ing kademangan Kuthawinangun prelu damel putusan, punapa nedha lawan, punapa nurut, punapa oncat. Surawijaya nedha mupakatan dhateng ingkang rama, nanging dipun borongaken, jalaran piyambakipun sampun sepuh rumaos boten keconggah ngembat prakawis ingkang gawat makaten. Gagasanipun Surawijaya : “Sanajan abot kawat balunga wesi pisan, aku mung awak siji, mangsa bisa mbangkat mungsuh karo wong sanagara. Iya bener aku nduweni kasekten, nanging apa iya kasekten mau ana sing ngungkuli. Karo dene maneh wong wani marang ratu iku gedhe dosane, kalupatane wis ora bisa ingapura, bisane lebur mung tinebus kalawan umur. Ujaring piwulang kuna-kuna, ratu iku wajib sinembah kayadene marang wong tuwa, jer iku wakiling Kang Maha Kuwasa kang cedhak dhewe kadhawuhan mranata marang kabehing titah. Endi kang luput ingukum, kang bener becik ginanjar, kang pinter nununtun marang kang bodho, sugih miskin kabeh ingayoman. Anadene kabeh mau katujokake marang kaslametan. La, saupama aku lumawana marang ratu, harak jeneng wong kang mamak pikirane kawuwuhan nistha budine. Ah yen mengkono luwih becik aku ndhisikane sowan, mbokmenawa bisa dadi lantarane aku kapriksa ing sang prabu.”

Surawijaya lajeng bidhal mangidul sedyanipun badhe manggihi utusan. Sadhatengipun ing Ungaran utusan sami cingak saha sami jagi-jagi mbokbilih Surawijaya ngaturaken pejah gesang. Sareng utusan mireng makaten wau sanget ing bingahipun, lan Surawijaya sedya kairid tumunten dhateng Surakarta.

Mangsuli cariyos, patih ing Banyumas sadumuginipun ing Surakarta njujug ing papatih dalem ngaturaken lalampahanipun, saha nyuwun babantu ing jurit. Dereng cekap anggenipun sami bawa raos kasaru lebetipun duta ingkang kautus nyepeng Surawijaya. Duta kadangu kathah-kathah bab lalampahanipun. Sareng sampun telas paturanipun duta, kyai patih lajeng lumebet ing kadhaton munjuk ing ngarsa dalem sang nata, angunjukaken kawontenanig kraman ing Banyumas, saha wontenipun Surawijaya sampun kairid dhateng Surakarta. Dhawuh dalem sang prabu, Surawijaya supados kaukum kisas. Nanging kyai patih, sanget-sanget anggenipun nyuwun supados kaapuntena dosanipun, jalaran nitik ing wuwujudaning tiyang kados kenging kapendhet damelipun. Ingkang sinuwun ngleksanani panyuwunipun patih saha dhawuh supados Surawijaya kairid mlebet ing kedhaton badhe kadangu piyambak. Sasampunipun kaadhepaken lajeng kadangu bab warni-warni, malah karsa ndangu ngelmi punapa, unjuk wangsulanipun saged teteh, tatag, trampil, boten mantra-mantra yen asli dhusun.

Sampeyan dalem kakenan ing panggalih, Surawijaya lajeng kadhawuhan nyepeng kraman ing Banyumas, dhawuh dalem malih boten kapareng, mbekta prajurit ing Surakarta, namung kaiden mbekta rencangipun piyambak ing Kuthawinangun. Manawi piyambakipun saged mrantasi damel dosanipun badeh kaampunten.

Enjingipun Surawijaya saha patih ing Banyumas bidhal terus dhateng Kuthawinangun. Sadumuginipun ing ngriku Surawijaya namung nganthi tiyang pitu ingkang kaanggep putus dhateng ulah gelaring perang. Sinengku lampahipun, sakedhap sampun dumugi ing Buntu, nunten kapasrahaken ing patih dhateng ingkang bupati. Anggenipun nampi temtu kemawon kaliyan gelaning panggalih, jalaran mengsah kados makaten, piyambakipun namung wolu kang mangka prajurit Banyumas sampun kathah kalongipun.

Enjing tengara perang kaungelaken kempaling madya namung 2000, tumunten kaangsahaken, Surawijaya ndherek ingkang bupati anggenipun nindhihi bala.

Teliking kraman sumerep untabing prajurit Banyumas enggal atur uninga dhateng senapatinipun. Sakala nitir tengara perang, sakedhap prajurit sampun nglempak ing alun-alun. Boten antawis dangu kaangsahaken, lampahipun ngebaki tegal pasabinan. Sareng sampun ajeng-ajengan, kalih-kalipun sami ngebyuk purun sinarengan ing surak mawurahan. Dangu perangipun boten wonten ingkang katingal asor, gedheg sami sudiranipun. Sakedhap prajurit kraman kenging kaseseg, sakedhap malih prajurit Banyumas kateter. Dangu-dangu tandangipun prajurit Banyumas kendho, kraman ngretos wekdal ingkang sae, terus kemawon pasang gelar supit urang, rekanipun badhe katumpes. Kocap Surawijaya sareng sumerep babaya ingkang ndhatengi, trengginas nggebras kapalipun sarwi ngliga dadamel. Pangamukipun prasasat banteng ketaton, ngiwa nengen nyabet mawi pedhangipun, sinten ingkang kacandhak boten ngaping kalih. Prajurit kraman sareng sumerep tandangipun Surawijaya sakancanipun, sami giris, satemah pejah gelaripun mlajeng bibar sar-saran. Perangipun kesaput ing dalu kalih-kalihipun sami ngunduri.

Ing dalunipun Surawijaya matur ingkang bupati, yen benjing-enjing badhe ngedali perang tandhing. Para prajurit kapurih surak saking katebihan, boten prelu tumut lumawan ing jurit. Ingkang bupati nayogyani.

Surawijaya lajeng susumbar nguwuh-uwuh nedha tandhing. Barisaning kraman mireng makaten wau boten saranta lajeng ngebyuk purun. Surawijaya sakanipun kinepung wakul binaya mangap. Sumerep ingkang makaten manahipun boten ngedhap sakedhik-kedhika, tandhangipun saya gambira, lawung pinuter kados kitiran, ingkang wonten ngajeng tinumbak, wingking sinodor, ngiringan pinenthung, sadaya pejah kapisanan. Nanging bawanipun prajurit kathah, sanajan tandangipun kados sulung slebu geni, dhatenging prajurit ingkang sumusul byuk-byukan tanpa kendhat. Pejah sadasa dhateng kalih dasa, pejah kalih dasa dhateng seket, pinten wawratipun bau satunggal danguning dangu inggih jimpe. Meh kemawon Surawijaya sarencangipun kenging kapikut. Ing ngriku enget dhateng wewelingipun Kombang ali-Ali duk nalikanipun nenepi ing wana Moros, nunten jleg medhak saking kapal nancebaken waosipun, lajeng matak aji pametik sakala prahara ageng ndhatengi kasarengan swara ingkang nggegirisi. Surawijaya sarencangipun boten katingal. Tumunten wonten wanara ageng mere ing sanginggilipun waos, swaranipun ngebaki ing paprangan. Prajuriting mengsah mireng swara makaten sanget anggenipun miris, mlajeng asalang tunjang. Bala Banyumas sumerep mengsah sami kagegeran lajeng tinrambul ing perang kathah angsalipun babandan. Kacariyos senapatinipun sang Damarwulan saha Menakkoncar kesisan bala, nunten pinarepekan dhateng Surawijaya katigas jangganipun boten kaping kalih damel. Sumerep senapatinipun kasambut ing jurit, bala kraman sangsaya ing ajrihipun, sakedhap ing paprangan sampun boten wonten prajuritipun mengsah, resik kados sinapon. Ingkang bupati lajeng dhawuh ngungelaken tengara pratandhaning barisan kenging mundur, wangsul dhateng kitha Banyumas. Sareng sampun lerem sawatwis dinten Surawijaya pamit nyuwun pamit ingkang bupati badhe dhateng Surakarta ngunjukaken sirahing kraman. Sadumuginipun ing nagari sanget ndadosaken renaning penggalih dalem. Sarehne saged ngrampungi damel Surawijaya lajeng kawisuda pangkat mantri gladhag kaparingan nama kyai Hanggawangsa.

VIII.    WONTENIPUN KABUPATEN ING KEBUMEN.

Sadangunipun kyai Hanggawangsa dados mantri gladhag, lajeng kapundhut mantu ing papatih dalem.

Saking setya tuhu saha sucining manah, kyai Hanggawangsa kaanggep ing pasuwitanipun. Asring kemawon yen praja wonten prakawis ingkang ruwet bab lampahing paprentahan tuwin kaprajuritan, piyambakipun kapudhutan rembag ngantos saged maremaken ing panggalih. Ngarsa dalem sang prabu boten kekilapan dhateng kawontenanipun kyai Hanggawangsa, tetela yen tiyang mumpuni saliring kawruh, pramila lajeng sinengkakaken ing ngaluhur kawisuda dados bupati nayaka kapatedhan nama Raden Tumenggung Arungbinang .

Ing sepuhipun boten karsa dadalem ing Surakarta, kondur dhateng Kuthawinangun ngantos ing sedanipun. Dene kalenggahanipun sumilih ing putra asma nunggak semi ingkang rama Raden Tumenggung Arungbinang II.

Sareng kumpeni Walandi mranata siti kaperang dados kabupaten, putra kapenakanipun R.T. Arungbinang II yasa kitha wonten ing Mrinen sawetan Kuthawinangun asma Arungbinang  III. Putra mantunipun R.T Arungbinang II inggih punika kyai Kalapaking yasa kitha wonten Kebumen. Sarehne rebatan kaliyan sadherek kyai Kalapaking nrimah ngawon, kabupaten kapasrahaken kyai Tumenggnung Arungbinang III piyambakipun nrimah dados patihipun.

Kabupaten Mrinen lajeng kabibrah gantos wonten ing Kebumen engga ngantosa sapriki.


(cuthel).

Catetan panulis :


Dumugi ngriki, cariyos Arungbinang ingkang ngginakaken basa gancaran benten kaliyan ingkang kaserat mawi sekar macapat. Wonten ing salebetipun seratan/naskah Babad Arungbinang ingkang mangangge sekar Macapat punika langkung jangkep isining cariyos, utaminipun ingkang nyariyosaken paprangan antawisipun R.T Arungbinang ingkang mbelani Karaton Surakarta kanthi binanton kumpeni Walandi lumawan pangeran Mangkubumi utawi Sunan Kabanaran wonten ing Bagelan. Saking seratan/naskah ingkang kandelipun langkung saking 500 kaca ukuran Folio, meh 2/3 nipun isinipun nyariyosaken paprangan. Dene benteng ingkang bakuh santosa lan miturut wirayat punika boten saged kabedhah inggih punika wonten ing desa Ungaran. Wonten ugi wirayat ingkang nyariyosaken bilih perang ageng antawisipun Karaton Surakarta ingkang dipun Senapateni R.T Arungbinang lumawan Pangeran Mangkubumi/Sunan Kabanaran dumugi wancinipun Perjanjen Giyanti manggen wonten ing Bagelen. Sadaya wau inggih kacakup wonten ing Babad Arungbinang ingkang mawi sekar utawi tembang. 

Emanipun bilih Naskah utawi seratan Babad Arungbinang ingkang wonten ing panulis boten jangkep utawi rumpang (wiwit kaca 1-14 ical, lan wiwit kaca 530’an ugi sampun suwek/ical), sahingga pungkasaning cariyos boten saged kasumurupan, wonten ngriki cariyos namung dumugi nalika R.T. Arungbinang kabucal wonten ing alas Lodhaya awit saking trekahing salah satunggaling abdi dalem wonten ing praja Surakarta. Salajengipun boten kasumerepan awit naskah sampun ical utawi suwek.

Minggu, 21 Agustus 2011

LEGENDA WATU CEGER , WEWENGKON DESA KAJORAN KEC. KARANGGAYAM.


Wewengkon kecamatan Karanggayam mujudake wewengkon kang saperangan wujud pagununungan/pareden, kalebu ing tlatah Kabupaten Kebumen sisih lor.

Ana ing Desa Kajoran ana sawijing carita kang gawe eram, yaiku dumadine watu kang diarani WATU CEGER’.

Caritane mangkene :

Nalika jaman samana ana ing dhusun Kewao, Desa Karanggayam durung ana gunung sing gedhe. Sahingga andadekake para dewa duwe krenteg kepiye carane bisane ana gunung gedhe bisa manggon ana padhukuhan kana. Suwening suwe para dewa nganakake parepatan, ngrembug bab anggone arep gawe gunung gedhe ana desa kana. Mupakating para dewa banjur sarujuk menawa dina iku uga arep dileksanakake anggone arep gawe gunung.

Wiwit saka watu-watu kang gedhe banget diangkut/ digawa dening para dewa mau. Kang gawe eram anggone nggawa watu-watu mau ora nggunakake piranti kang samestine nanging nggunakake kayu sing diarani kayu tepus. Kayu tepus iki wujude kayadene wit laos nanging kayu tepus kang digunakake dening para dewa mau kayu tepus kang ukurane gedhe.

Nalika para dewa lagi sengkut anggone nyambut gawe nggawa watu-watu gedhe mau, dumadakan padha sanalika kaget amarga ngepasi meh wektune gagatrahina kira-kira jam 3 isuk wis ana salah siji warga desa kang tangi lan makarya kaya biasane yakuwi nenun lawe/benang sing digawe saka kapas. Amarga para dewa mau wedi kadenangan warga sing wis tangi mau, mula anggone nyambut gawe ngangkuti watu-watu gedhe mau ora dibacutake maneh. Banjur ngumpulake piranti sing dianggo kanggo nyambut gawe mau dadi siji, lan bali menyang kahyangan dene watu gedhe sing lagi digawa lan mapan ana ing satengahnig kali di tinggal semprung ngono bae.

Lahan Tembakau di Kec. Karanggayam
Piranti utawa alat-alat sing bubar dianggo gawe gunung sadurunge para dewa lunga menyang kahyangan maneh dikumpulake lan disimpen ana ing sajroning watu kang mengkone diarani watu GEDHONG GEDHE lan watu gedhe kang ngetengger ana ing satengahing kali mau banjur diarani WATU CEGER/CENGGER.

Wong-wong desa ana kana ngarani watu ceger/cengger amarga watu mau, dumunung ana ing satengahing kali lan disangga watu cilik kang wujude memper kodhok sing lagi ndodhog. Erame maneh nalika katerajang banjir gedhe, watu cilik kang nyangga watu gedhe mau ora kegawa ilining banyu lan watu gedhe mau panggah NGECENGGER ana ing satengahing kali mau. NGECENGGER tegese bisa ngadeg sanajan mung disangga nganggo watu cilik. Suwening suwe wong-wong desa ana kana banjur ngarani watu mau WATU CEGER/CENGGER saka anggone panggah ngadeg mau..


agustbedhe. 2011.

Sabtu, 20 Agustus 2011

LEGENDA DESA KARANGGADHUNG, KEC. PETANAHAN LAN WEWENGKON SAKUPENGE



Crita diwiwiti nalika sing ngasta pamarentahan kraton Mataram Kanjeng Susuhunan Sayidin Panatagama, kang mrentah nalika taun 1601M. Kraton Mataram nalika kuwi nguwasani laladan brang wetan lan brang kulon, kayata Kadipaten Pucang Kembar kang disesepuhi dening Adipati Cipta Kusuma, Kadipaten Bulupitu kang disesepuhi dening Raden Jaka Puring, lan Kadipaten Karang Gumelem. Ana ing crita iki kang dadi underaning lakon yaiku saperangan laladan brang kulon.

Ilustrasi Pantai Karanggadung, Kec. Petanahan
Nalika semana Adipati Pucang Kembar nduweni putri kang sulistya ing warna arane Dewi Sulastri. Adipati Bulupitu kang  asmane Raden Jaka Puring    dikenal   minangka  pawongan    kang   nduweni kasekten kang sekti mandraguna ananging durung duwe sisihan lan dheweke uga nduweni ciri/cacad yaiku ing lambene kandel sesisih utawa mengrot, krungu menawa ing Kadipaten Pucang Kembar ana putri kang ayu rupane putri saka Adipati Citra Kusuma, ndadekake Raden Jaka Puring nduwe krenteg kepengin mbuktekake lan nglamar dadi garwane.

Sakwise Raden Jaka Puring weruh kasulistyane Dewi Sulastri, dheweke banjur nglamar putri mau, nanging durung ditampa utawa isih ditangguhake awit Raden Jaka Puring sawijining pemuda kang nduweni ciri utawa cacad, mula saka iku dheweke dikon  supaya nunggu lan diprayogakake supaya manggon sauntara ing Pucang Kembar. Ora antara suwe dumadakan ketekan pemuda kang bagus rupane saka Kadipaten Karang Gumelem yang arane Raden Jono kang duwe karep kepengin nglamar/golek pegaweyan ing Kadipaten Pucang Kembar, sinambi golek sisik melik bab dununge kadang sedulure kang arane Raden Wira Kusuma. Ananging Sang Adipati Citra Kusuma bingung awit ora ana pegaweyan kanggo Raden Jono mau, nalika kuwi bebarengan karo metune putri Sang Adipati Citra Kusuma yaiku Dewi Sulastri, weruh pemuda kang bagus rupane mau atine kumepyur banjur ketarik lan matur marang kanjeng rama supaya Raden Jono ditampa nyambut gawe ana ing Kadipaten Pucang Kembar.

Sidane Sang Adipati nampa panglamare Raden Jono minangka juru taman ing kaputren Dewi Sulastri. Awit saka asring sapatemon antarane Raden Jono kalawan Dewi Sulastri ndadekake thukul rasa tresna kekarone kaya unen-unen “witing tresna jalaran saka kulina”. Sauntara kuwi saka panggonan anggone ngenteni, Raden Jaka Puring wis bosen anggone ngenteni wangsulan saka  Dewi Sulastri. Dheweke banjur nduwe panyakrabawa marang sesambungane Dewi Sulastri karo Raden Jono, mula Raden Jaka Puring banjur kongkonan Pangeran Usmono Usmani (rayi saka Dewi Sulastri) supaya ngawasi tindak-tanduke Dewi Sulastri lan Raden Jono. Miturut panyawange, Pangeran Usmono Usmani banjur menehi palapuran marang Raden Jaka Puring menawa saktemene Dewi Sulastri wis duwe sesambungan tresna kalawan Raden Jono. Krungu palapuran kang kaya mangkana Raden Jaka Puring banjur rumangsa kagepok atine (tersinggung) lan nduweni panduga menawa dheweke ditolak awit Dewi Sulastri ana sesambungan tresna kalawan Raden Jono. Raden Jaka Puring banjur nesu sabanjure kedadeyan perang tandhing antara Raden Jono lan Raden Jaka Puring. Cekaking crita perang tandhing kang ora setimbang kuwi mau andadekake Raden Jono kalah lan mlayu ndhelik ana ing pesanggrahan Pring Ori (kang sabanjure dadi desa jenenge desa Ori ing tlatah Kecamatan Kuwarasan). Raden Jono njaluk pengayoman marang Kyai Karyadi lan dikon ndhelik ana sajrone lumbung banjur ditutupi nganggo kapuk. Ora antara suwe ketekan Raden Jaka Puring sowan Kyai Karyadi saperlu nggoleki dununge Raden Jono mau, ananging Sang Kyai ngapusi lan ngandhakake menawa Raden Jaka Puring ora ana ing Pesanggrahan Pring Ori kono. Sabanjure Raden Jaka Puring mulih menyang Kadipaten Bulu Pitu.

Sawise Raden Jaka Puring lunga, banjur Raden Jono ditokake saka sajrone lumbung lan dtakoni apa sebabe Raden Jono dioyak-oyak dening Raden Jaka Puring. Raden Jono nyritakake lelakone marang sang Kyai  menawa lungane menyang Pucang Kembar sekawit arep nglamar pegaweyan sinambi nggoleki papan dununge sedulure kang arane Pangeran Wira Kusuma. Satekane Pucang Kembar banjur ditampa minangka juru taman ing keputren lan ditresnani dening Dewi Sulastri. Sauntara kuwi Raden Jaka Puring kang nalika kuwi lagi ngenteni wangsulan panglamare, saka Dewi Sulastri ora ditanggapi lan sakjane ditolak awit nandang cacad. Ananging rumangsa ora tega menawa kandha apa anane menawa nolak awit saka cacade Raden Jaka Puring mula panglamare ditangguhake lan suapaya nunggu jawaban kanthi cara diprayogakake manggon sauntara ana ing Kadipaten  Pucang Kembar sinambi nunggu wangsulan saka Dewi Sulastri. Ananging awit saka Dewi sulastri wis kebacut tresna marang Raden Jono, mula andadekake atine Raden Jaka Puring cemburu/kebrongot atine lan dadi perang tandhing antarane Raden Jono lan Raden Jaka Puring nganti sidane Raden Jono kalah lan mlayu tekan Pesanggrahan Ori kanggo nenimba ngelmu ana ing pesanggrahan, sahingga bisa kanggo ngalahake Raden Jaka Puring lan mboyong Dewi Sulastri minangka garwane.

Midhanget wangsulan sing kaya mangkana saka Raden Jono sang kyai mrayogakake, kanggo nggayuh tujuwane mau Raden Jono supaya lelaku semedi (tapa) ana ing sangisore wit benda lan wit mau dumunung ana ing laladan kang angker, nanging uga anggone ngalakoni semedi kudu kanthi ati kang tulus, wening, suci lan sabar. Raden Jono miturut apa kang dadi dhawuhi sang kyai, dheweke banjur semedi kanthi sabar lan ati kang tulus, sahingga anggone mertapa ngetokake asile saka Sang Maha Kuwasa, yaiku entuk pusaka awujud keris arane Bungkul Kencana. Sabanjure Raden Jono bali menyang Pucang Kembar sapatemon karo Dewi Sulastri. Nalika kuwi Raden Jaka Puring wis ana ing Pucang Kembar saperlu nakokake wangsulan saka Dewi Sulastri saka panglamare mau.  Dewi Sulastri menehi wangsulan menawa dheweke gelem dipek bojo saka sapa wae, ananging dheweke nduwe panjaluk/bebana awujud adon-adon/giri patembaya (sayembara berupa pertarungan) antarane Raden Jono kalawan Raden Jaka Puring. Mula dadi perang tandhing kang gawe eram saka kekarone, lan dimenanake dening Raden Jono,  Sabanjure Raden Jono didhaupake karo Dewi Sulastri lan Raden Jaka Puring mlayu lan bali menyang bulu Pitu.

Bebarengan karo dhaupe Raden Jono kalawan Dewi Sulastri, Adipati Pucang Kembar nampa nawala (surat mandhat) saka Susuhunan Sayidin Panatagama saka Mataram supaya mbrastha kraman (berandhal) ing Gunung Tidar. Pungkasane Adipati Pucang Kembar Citra Kusuma mrentahake putra mantune yaiku Raden Jono minangka bukti lelabuhane kanggo mbrastha kraman ing Gunung Tidar mau utawa minangka duta pamungkas. Mula sanajan abot sanggane awit kudu ninggalake sisihane, Raden Jono sida mangkat ngayahi jejibahan minangka Duta Pamungkas saka Panjenengane Susuhunan Sayidin Panatagama (Raja Mataram) menyang gunung Tidar lan uga minangka bukti lelabuhane marang maratuwa lan negara.

Krungu crita menawa Raden Jono diwenehi mandhat minangka Duta Pamungkas, Raden Jaka Puring percaya menawa Raden Jono mesti tumeka ing tiwas lumawan gerombolan kraman saka gunung Tidar, mula Raden Jaka Puring tumuju menyang Pucang Kembar kanggo nemoni lan ngrebut kanthi peksa Dewi Sulastri. Ana ing kahanan Dewi Sulastri dhewekan tanpa sisihane diruda paripeksa dening Raden Jaka Puring supaya nglanggati penjaluke Raden Jaka Puring supaya dadi bojone. Nanging minangka putri kang setya marang sisihane dewi Sulastri ora gelem ngladheni penjaluke Raden Jaka Puring, lan banjur digawa mlayu kanthi peksan metu saka keputren.

Sauntara kuwi Raden Jono tekan ing gunung tidar nalika tengah wengi lan nunggu jumedhule gerombolan kraman mau. Ora antara suwe gerombolan kraman kang ditunggu kuwi teka ana papan kono lan banjur nuwuhake paprangan antarane Raden Jono lumawan gerombolan kraman kang terkenal wengis lan sekti mandraguna kuwi. Ananging awit saka kasektene lan niat suci lelabuhane marang negara lan wong tuwane sarta pusaka piandel saka asile semedi Bungkul Kencana sidane Raden Jono bisa ngalahake gerombolan kraman lan merjaya pimpinane nganggo keris Bungkul Kencana. Sajrone kahanan keris tumama ana ing wetenge, pimpinan kraman mau nyebut-nyebut sedulure. “Aduh, Dhimas Jono ana ngendi sejatine kowe saiki, sawangen iki kangmasmu lagi sekarat lan adoh saka kadang sedulur”. Krungu pesambate kraman mau Raden Jono kaget lan banjur wangsulan. “Aduh Kakangmas Wiro Kusuma, paringana pangapura rayimu iki sing ora mangerteni menawa sing dakpateni kuwi Kakangmas Wira Kusuma”. Raden Jono ngrangkul Raden Wira Kusuma sing nandang sekarat banjur kekarone padha tetangisan sinambi padha nyuwun pangapura, sidane Raden Wira Kusuma mati ana ing pangkone Raden Jono. Banget sedhihe atine Raden Jono mikirake lelakon uripe kang kudu ngayahi jejibahan negara  lan ninggalake sisihane kang banget ditresnani lan malah kanyatane kudu mateni kangmase, kadange pribadhi kang sasuwenene iki tansah digoleki ana ngendi dununge.

Raden Jono banjur mulih menyang Pucang Kembar nggawa kemenangan nanging uga kasedhihan awit kudu ngorbanake sedulure sing tansah ditresnani lan digoleki. Ananging awit saka lelabuhane marang  maratuwa lan negara. Satekane ing Pucang Kembar atine judheg awit mangerteni menawa Dewi Sulastri wis digawa lunga dening Raden Jaka Puring. Sajrone kahanan kang kaya mangkana Raden Jono banjur ngumbara nggoleki dununge Dewi Sulastri, nganti tekan laladan pesisir/kisik sisih kidul. Sauntara kuwi playune Raden Jaka Puring nggawa Dewi Sulastri uga tekan pesisir/kisik sisih kidul. Sadawane dalan Raden Jaka Puring tansah mbujuki Dewi Sulastri supaya gelem ngladheni ananging awit saka tresnane marang Raden Jono tetep mbeguguk ora gelem, nganti Raden Jaka Puring kentekan kesabarane lan banjur dewi Sulastri ditaleni/kaiket ana ing sawijining wit  pandhan. Prastawa iku bebarengan nalika Raden Jono teka ana papan kono, ananging sadurunge Raden Jono weruh  lan sapatemon kalawan Dewi sulastri, dumadakan Raden Jaka Puring nyerang luwih dhisik sahingga dumadi paprangan utawa perang tandhing antara Raden Jono lumawan Raden Jaka Puring. Nalika kuwi Raden Jaka Puring kedhesek lan kalah banjur mlayu tumuju arah sisih lor. Raden Jono banjur nemoni Dewi Sulastri kang isih kaiket ana ing wit pandhan. Ana kededeyan kang gawe eram/ ajaib awit wit pandhan papan kanggo ngiket utawa naleni Dewi Sulastri banjur owah warnane dadi kuning. Sedhenge wit pandhan liyane isih tetep ajeg wernane ijo. Mula dening Raden Jono papan mau kanggo tetenger dijenengi Pandhan Kuning (sabanjure papan kono katelah Pesanggrahan Pandhan Kuning). Prastawa pangeram-eram dumadi maneh nalika Raden Jono ngluwari iketane Dewi Sulastri, awit kekarone banjur ditemoni dening Nyai Rara Kidul lan widadari saka kayangan kang arane Dewi Nawang Wulan. Dening Nyai Rara Kidul Dewi Sulastri dikon supaya mulih menyang Pucang Kembar kanthi pengayoman saka Nyai Rara Kidul lan Dewi Nawang Wulan, dene Raden Jono dikon supaya ngoyak playune Raden Jaka Puring nanti tekan laladan sisih lor.
Ilustrasi Suasana Mistis di Pesanggrahan Pandan Kuning
Lakune Raden Jono ngoyak  playune Raden Jaka Puring tumeka laladan sisih lor banjur mlebu sajrone alas ketel kang isine akeh wite gadhung kang akeh erine, minangka papan pandhelikane Raden Jaka Puring. Ana ing saben jangkahe Raden Jono tansah kesrimpet-srimpet wi gadhung, sahengga meh kabeh awake utawa pori-porine tumancep eri saka wit gadhung, sahengga andedekake getihe metu dleweran saka awake. Mula dening Raden Jono alas kang isine kebak wit gadhung iku diwenehi tenger Karanggadhung (sabanjure dadi desa Karanggadhung).

Playune Raden Jaka Puring terus mangalor, nanging Raden Jono banjur kelangan lacak, ora ngerti menyang ngendi arah kan dituju Raden Jaka Puring mau. Mula saka iku nalika jumangkah/mlaku ing saben jangkahe tansah mangu-mangu (ragu-ragu). Mula saka iku ing saben  wiwit lumaku sajangkah banjur  mandeg, mlaku maneh sajangkah lan kandeg maneh mangkana wola-wali sinambi menga-mengo arep terus mlaku mangalor apa mangidul apa mangulon apa mangetan. Anggone ndindakake mlaku banjur kandeg lan mlaku maneh mau ndadekake  Raden Jono menehi tenger kanggo papan iku kanthi sebutan Mangu Mangu kang tegese swasana ati kang lagi bingung tansah mangu-mangu (ragu-ragu). Nanging pungkasane Raden Jono mutusake  anggone ngoyak playune  Raden Jaka Puring mau mangalor, sahingga pawongan loro mau ketemu maneh lan banjur nuwuhake perang tandhing kang rame banget. Wong loro mau padha-padha kuwate lan malah kalorone nduweni papan kanggo ngimpun kakuwatan utawa benteng pertahanan kang mengkone papan mau katelah Beteng lan Petanahan. Ing wektu saiki jeneng Petanahan iku isih lestari lan tilas panggonan Beteng mau uga disebut Beteng.

Kalorone terus bae nindakake perang tandhing  sinambi oyak-oyakan sahingga ana ing sawijining panggonan wong loro mau banjur krasa kesel lan krasa ngelak banget, nalika arep ngombe banyu ana papan kana banyune ngganda banger utawa bacin kang disebabake saka wangke/raganing manungsa kang wus mati nanging ora dikubur, lan duwe daya kang gawe eram amarga bisa nguripake manungsa kang wus mati mau. Mula papan kana katelah Grumbul Banger Desa Padaurip kang mengkone disebut Desa Padhaurip. Anggone oyak-oyakan iku dibacutke maneh mangalor nganti tekan papan kang akeh wite jati lan kahanan para warga desa ing papan kana katon reja utawa mulya, sahingga papan kana mengkone katelah Desa Jatimulya.

Oyak-oyakan lan paprangan kalorone isih terus dumadi malah kepara saya adoh mangalor. Nuju sawijing dina paprangan mau tekan panggonan kang akeh wite gedhang, mula saka iku mengkone papan kana disebut Desa Karanggedhang. Saka Desa Karanggedhang wong loro mau mlayu tumuju mangulon nganti ngliwati kali, kang nalika iku akeh wong-wong kang lagi ngguyang ingon-ingone raja kaya sahingga papan kana disebut Guyangan. Pangoyake Raden Jono lan uga perang tandhing kalorone antara Raden Jono karo Raden Jaka Puring terus bae lumaku nganti ngancik papan ing sakulone kang awujud alas utawa grumbul kang arupa suket alang-alang kang amba bawera, mula papan kana banjur katelah Alang Alang Amba utawa Desa Alang Alang Amba.

Nalika pangoyake Raden Jono tumuju mangidul ing papan kana kalorone sajak krasa kesel lan lemes banget nanging kepeksa isih bisa slamet lan waras mula papan kana banjur diwenehi tenger Kuwarasan. Kalorone isih bae nganakake perang tandhing tumuju mangidul, nganti nesu-nesu dhewe utawa muring-muring dhewe, sinambi ngaso amarga saka kesele sawise nganakake perang tandhing kang ora ana pedhote mau, kanggo pangeling-eling Raden Jono banjur menehi tetenger papan kana kanthi sebutan Puring, papan kanggo ngaso mau mengkone dadi Pasar Puring. Sanajan kahanane Raden Jaka Puring wis banget kesele nanging isih meksa mlayu golek slamet  ngoncati pangoyake Raden Jono tumuju mangidul nganti tekan kisik/pasisir segara kidul, nalika kuwi dalan kang diliwati arupa wedhi kang nalika diidak dening Raden Jaka Puring wedhi mau banjur gugur/longsor, saben jumangkah wedhi kang kancik mau mesti gugur mula papan kana mengkone disebut Wedhi Gugur utawa Pesanggrahan Wedhi Gugur.

Raden Jaka Puring terus bae mbudidaya ngoncati/mlayu saka pangoyake Raden Jono. Saiki kang dituju mangulon nganti tekan sawijining papan utawa panggonan kalorone ketemu maneh banjur campuh perang tandhing olah yuda rame maneh kaya biasane, ngetokake kasekten lan kasudibyane dhewe-dhewe. Nalika kuwi Raden Jaka Puring kelakon tiba sahingga tangan kang maune arep ditujokake menyang Raden Jono ndandak luput banjur ngenani watu atos/karang nganti bolong, sahingga papan kana mengkone katelah Karangbolong.
Ilustrasi Pantai Karangbolong. Sumber interne
Nanging Raden Jaka Puring isih bisa mlayu maneh arah kang dituju yaiku mangalor nganti kentekan tenaga lan nalika mlayu ana ing sapinggiring kali dheweke kurang prayitna sahingga tiba kepleset banjur mlebu menyang sajroning kali. Kalodhangan kuwi digunakake Raden Jono kanggo mungkasi kridhane Raden Jaka Puring kanthi nyudukake pusaka Bungkul Kencono lan nancepake ana ing awake Raden Jaka Puring. Kadadeyan sabanjure gawe eram amarga Raden Jaka Puring banjur owah dadi Bajul Seta utawa Baya Putih lan ngetokake sumpah sepata marang Raden Jono yaiku dheweke wis nrima kalah wurung ora bisa kasembadan anggone arep ngepek bojo Dewi Sulastri lan nampa paukuman owah wujude dadi Baju Seta/Baya Putih nanging dheweke ngetokake sepata menawa saben keturunan Raden Jono kang manganggo klambi kang padha karo kang dienggo Dewi sulastri arep didadekake mangsa/dipangan dening baya putih. Klambi kang dikarepake yaiku mbayak ijo, jarit/tapih amba lurik, lan stagen/benting tritik. Awit saka kededayan kuwi banjur Raden Jono menehi tenger papan kana kanthi sebutan Buayan utawa kecamatan Buayan mengkone.

Kanthi awak kang krasa kesel lan raga kang kebak tatu Raden Jono banjur mulih menyang Pucang Kembar nggawa rasa kabungahan amarga wis kasil/bisa ngalahake Raden Jaka Puring uga rasa kangen lan tresnane marang garwane Dewi Sulastri sahingga kepengin cepet-cepet mulih. Swasana kang nrenyuhake nanging uga mbungahake dumadi ing Kadipaten Pucang Kembar nalika sapatemon antarane Raden Jono karo sisihane Dewi Sulastri uga kulawarga kadipaten. Pungkasane Raden Jono dikukuhake minangka Adipati ing Kadipaten Pucang Kembar.


Agustbedhe. 2011.

Senin, 15 Agustus 2011

BABAD KEBUMEN #1


  •  Nyariyosaken mulabukanipun ingkang cikalbakal ing Kebumen.
  •  Babon kagunganipun Kangjeng Raden Harya Hadipati Danurejo ingkang kaping VI, Papatih Dalem ing Karaton Ngayogyakarta Hadiningrat Ingkang akiripun asma Kangjeng Pangeran Harya Cakraningrat.
  • Cetakan Kapisan.

Kacariyos ing Nagari Mataram, nalika ingkang jumeneng Nata Ingkang Sinuwun Kangjeng Susuhunan Prabu Mangkuat Agung, (Sinuwun sumare Tegalarum), Ingkang Sinuwun wau pangastaning pangadilan kirang adil, sarta boten pisan sarembag kaliyan Sang Nindyamantri tuwin para Nayaka,, ingkang tinanggenah anginger lampah jantraning praja. Boten kirang para Santana, abdi tuwin kawula Dalem ingkang sami nampi pidana ingkang boten satimbang kaliyan kalepatanipun.

Rekyana Patih tuwin para Nayaka, punapadene ingkang paman Kangjeng pangeran Bumidirja ingkang minangka paranpara, ugi sampun sami ngunjuki pamrayogi dateng Ingkang Sinuwun, ingkang wosipun Nagari badhe manggih reretu bilih kirang adil pangastaning kukum angger-anggering praja. Ananging Ingkang Sinuwun boten karsa manggalih sadaya pamrayogi ingkang sae wau. Ingkang paman Kangjeng Pangeran Bumidirja wola-wali nyaosi pamrayogi, Ingkang Sinuwun kalintu serep, lajeng tuwuh dudukanipun, ngantos kawiyos pangandika Dalem, ingkang nawung suraos anundung ingkang paman Kangjeng Pangeran Bumidirja. Sang Pangeran taksih saged nyabili nyabaraken panggalih, rumaos dados sepuh, ingkang kedah rumeksa kasugenganipun Sang Prabu, kaliyan nyarantosaken bokbilih ing tembe wuri Ingkang Sinuwun enget ing panggalih, bilih jenenging Ratu punika wawakilipun ingkang Maha Kuwasa, ingkang kedah ngayomi kawilujenganing kawula sadaya.

Ananging Ingkang Sinuwun Kangjeng Susuhunan, lestantun boten ngengeti ingkang makaten wau. Malah-malah Pangeran Pekik, ingkang margi saking saking kapeksa nindakaken kuwajiban murih karahayoning samudayanipun, sanadyan panindak makaten wau sakalangkung sae lan mikantuki, hewadene boten andadosaken keparenging karsa Dalem Ingkang Sinuwun, temahan Pangeran Pekik katetepaken dosa ing Panjenengan Ratu, kapatrapan ukum kisas kaketok utamangganipun. Ing mangka Pangeran Pekik wau ageng sanget lalabetanipun, anggenipun ngrebat wangsul tanah Surabaya, sarta amikut Sunan Giri, margi anggenipun ambalela ing Mataram.

Kangjeng Pangeran Bumidirja murinani sanget sedanipun Pangeran Pekik, sirna kasabaraning nggalih, punapadene boten kikilapan bilih Nagari Mataram badhe kadhatengan bebendu. Pupuntoning nggalih Kangjeng Pangeran Bumidirja sumedya lolos saking praja, sarta nglugas raga nilar kaluhuran, kawibawan tuwin kamulyanipun.

Tindakipun Sang Pangeran sakaliyan garwa, kadherekaken abdi titiga ingkang kinasih. Gancaring cariyos tindakipun wau sampun dumugi tanah Panjer ing secelakipun Lepen Lukula. Ing ngriku pasitenipun sae lan waradin, toyanipun tumumpang, nanging taksih wujud wana tarataban.

Wana tarataban sacelaking lepan Lukula wau lajeng kabukak kadadosaken pasabinan lan pategilan, sarta pakawisan ingkang badhe dipun degi padaleman. Pambukaking mbaka sakedhik, margi ing ngriku dereng dipun dunungi tiyang, dados namung katandangan dening Kangjeng Pangeran piyambak kaliyan abdinipun titiga bektan saking Mataram.

Kangjeng Pangeran Bumidirja lajeng dedepok wonten ing ngriku, sarta karsa mbucal asma lan sesebutanipun, lajeng gantos nama Kyai Bumi, prelunipun saged nyekecakaken pasrawunganipun kaliyan titiyang padhusunan ing sakiwa tengenipun ngriku. Punapadene sampun ngantos sisingidanipun wau katupiksan saking Nagari Mataram. Mila Kyai Bumi nglugas sarira gesang miturut satataning tiyang padhusunan. Yen siyang mbukak wana yen ndalu ngagengaken pujabratanipun, tansah samadi ening nunuwun ing Pangeran karahayoning lalampahan.

Dumadakan kathah titiyang saking dhusun sanes sami dhateng mriku sumedya ndherek babad, sasat namung wuwulanan kemawon ing ngriku sampun dados padhusunan. Sarehning ingkang cikal bakal ing ngriku nama Kyai Bumi, mila ing ngriku lajeng kanamakaken dhusun Kabumen, lami lami nama Kabumen mingsed mungel Kebumen.

Dhusun Kebumen tutrukanipun Kyai Bumi wau ujuripun mangidul urut sapinggiring lepen Lukula, udakawis sampun wonten 3 pal, dene alangipun mangetan udakawis wonten ½ pal.

Kyai Bumi dados sesepuhipun ing dhusun ngriku, sanget sinuyudan titiyang kathah, ngantos kawentar ing dusun-ngadhusun, temah kathah tiyang saking sanes dhusun pindah mriku sami ndherek babad malih sesenengipun, mila ing dhusun Kebumen lajeng dados dhusun ingkang sakalangkung reja.

Titiyang dhatengan wau wonten wowolu ingkang kalebet punjul ing damel lan sugih reka, mila lajeng kinanthi dhateng Kyai Bumi, kinen tumut njagi tata tentreming padhusunan sampun ngantos kikirangan sandhang tedha, mila sadaya rembag, Kyai Bumi boten nilar tiyang wowolu wau. Kyai Bumi sanget anggenipun rumeksa dhusunipun, mila titiyangipun sami seneng-seneng ayem tentrem boten kikirangan sandhang tedha.

Kocapa lolosipun Kangjeng Pangeran Bumidirja, ndadosaken rudatosing Ngarsa Dalem Kangjeng Susuhunan, sarta Ingkang Sinuwun ngrumaosi kalentunipun. Ingkang Sinuwun lajeng utusan abdi Dalem gandhek kakalih, ndikakaken madosi sarta amboyong kondur ingkang paman Kangjeng Pangeran Bumidirja. Dhawuh timbalan Dalem, gandhek boten kapareng mantuk, yen boten sareng-sareng kaliyan Kangjeng Pangeran wau.

Gancaring cariyos utusan nDalem gandhek sampun pinanggih kaliyan Kangjeng Pangeran Bumidirja, ingkang ing wektu punika pinuju saweg ngalempakaken tiyang sadhusun, perlu ngrembag kabetahaning dhusun ingkang badhe katindakaken murih prayoginipun.

Sadhatengipun gandhek kakalih wau, boten saranta sami sasarengan anungkemi sampeyanipun Kangjeng Pangeran kaliyan atawang tangis, sanget kararantaning manah, margi boten nyana pisan-pisan, dene gustinipun kados makaten kawontenanipun, tega nilar kamukten lan kawibawan, narimah gesang sacaraning tiyang alit.

Sasampunipun sawatawis aso, gandhek munjuk ing Kangjeng Pangeran, punapa sadhawuh timbalan nDalem Ingkang Sinuwun kados kasebut ing nginggil. Awit sapengkeripun gusti kula angles tilar praja, Nagari Mataram sakalangkung ruwed, paprentahaning praja prasasat sampun boten wonten. Bilih gusti kula boten tumunten kondur, temtu Nagari Mataram badhe kadhatengan babaya ageng.

Kangjeng Pangeran Bumidirja (Kyai Bumi) boten maringi wangsulan pangandika punapa-punapa dhateng abdi Dalem gandhek. Nanging lajeng ngandika paring dhawuh dhateng titiyang kathah ingkang sami ngalempak wonten ing ngriku, pangandikanipun : “sadulur-sadulurku kabeh bae ing kene, andadekna ing kawruhanamu kabeh, aku iki sajatine kang ran Kangjeng Pangeran Bumidirja, iya Bapa pamane Ingkang Sinuwun Kangjeng Susuhunan ing Mataram. Pancene aku wis krasan banget manggon ing desa kene babarengan karo kowe kabeh, saking senenging atiku, aku nganti mbuwang kaluhuran, kawibawan lan kamukten kamulyaning uripku ana ing Nagara Mataram, aku dadi Pangeran gedhe, kalenggahanku sawah 300 karya (300 jung). Kamulyan samono gedhene dak buwang, aku pinilaur urip sacaraning wong cilik babarengan karo kowe kabeh. Ing sarehning Nagara Mataram ing saiki lagi nemu pakewuh, aku ditimbali Sang Prabu, kowe kabeh wis padha krungu dhewe saka ature gandhek loro iki, mula aku kapeksa ninggal kowe kabeh, telung dina maneh aku bakal kondur marang Mataram. Lestarekna anggonmu padha dudunung ing desa kene karo senenging atimu lan rukuna karo kancamu kabeh. Ing mburi yen Nagara Mataram wus tentrem, aku nuli bali mrene maneh.

Kajaba iku kanggo anjaga tata tentrem lan murih mundak-mundhak rejane, samono iku yen kowe kabeh padha sarujuk, sarehning padhukuhan ing Kebumen iki kawilang gedhe, wong wolu kang wus dak kanthi njaga bot-repote ing desa kene, iku kang dak pitaya lestarine dadi tuwa-tuwa minangka dadi susulihku angemong kowe kabeh. Dene kang dak pitaya tunggu manggon ana ing omah patilasanku iki yaiku, si Dipareja, dene Wirareja, Basek, Trama, Tamana, Banar, Mangu lan Ketug, tetepa padha manggon ing umahe dhewe-dhewe lan padha tutuwa, nanging kabeh mau anggone padha nindakake pagaweyan ora kena ninggal Dipareja, dadi saka tutuwa wowolu mau Dipareja kang dadi tuwa dhewe. Dene pambagine pagaweyan becik padha dirembug saprayogane.

Titiyang sadhusun Kebumen sareng mirieg pangandikanipun Sang Pangeran, sami ajrih lan sanget pangungunipun, kasembuh kararantaning manah, margi boten nginten pisan-pisan yen Kyai Bumi wau gustinipun piyambak. Wasana kasusul ing raos kaprihatosan, margi titiyang wau rumaos boten saged tinilar jalaran sampun kasok sih lan sumungkemipun.

Sasampunipun rampung dhawuh-pangandikanipun Sang Pangeran lan sampun dipun saruiuki titiyang kathah, lajeng sami bibaran mantuk dhateng griyanipun piyambak-piyambak kanthi nawung kaprihatosan ingkang tanpa pipindhan.

Sabibaripun titiyang kathah, Kangjeng Pangeran Bumidirja paring dhawuh pangandika dhateng abdi Dalem gandhek kakalih, bilih Kangjeng Pangeran boten badhe kondur dhateng Nagari Mataram. Sarehning panamuripun Sang Pangeran sampun kasumerepan ing tiyang kathah, margi saking sowanipun gandhek kakalih, mila Kangjeng Pangeran sumedya linggar saking padhepokan ing Kebumen, pindhah ngaupados papan malih ingkang mencil, nanging waradin lan sae pasitenipun saemper pasiten ing Kebumen. Dene anggenipun sengadi yen badhe kondur dhateng Mataram, supados titiyang ing Kebumen puruna katilar. Sarehning lampahipun gandhek kakalih boten angsal damel, ajrih umantuka dhateng Mataram, margi mboten wande badhe nampi pidana kisas, mila gandhek kakalih sumedya ndherek Kangjeng Pangeran, ing sapurug-purug boten badhe kantun.

Salebetipun kalih dinten saderengipun Kangjeng Pangeran badhe nilar padhepokan Kebumen, rinten ndalu titiyang sami tuguran wonten ing dalemipun Kangjeng Pangeran gegentosan.

Ing dinten katiganipun, inggih dinten linggaripun Kangjeng Pangeran, titiyang sadhusun Kebumen ageng alit nem sepuh sami tumplek bleg sowan Kangjeng Pangeran, dalasan tiyang saking sanes dhusun ingkang mireng inggih sami sowan, kumedah-kedahipun badhe nyumerepi, margi badhe tiniliar.

Ing wanci jam 8 enjing sasampunipun samekta, Kangjeng Pangeran sakaliyan garwa nilar padalemanipun ing Kebumen. Tindakipun mangetan leres sarwi lon-lonan, ginarubyug titiyang ewon kathahipun, hewadene tanpa wonten sabawanipun, labet titiyang ingkang sami uimiring wau sami trenyuh anawung sungkawa, temah kathah ingkang sami carocosan angedalaken luhipun, margi saking sampun tumanem sih sumungkemipun dhateng Kangjeng Pangeran Bumidirja inggih Kyai Bumi.

Sareng tindakipun Kangjeng Pangeran dumugi ing dhusun Selang, lampahan udakawis 1 pal tebihipun, Sang Pangeran paring dhawuh pangandika dhateng titiyang kathah, bilih sanget panarimanipun, lan mundhut pangapunten klinta-klintuninpun sadangunipun minisepuhi wonten ing dhusun Kebumen. Sarehning sampun kapara tebih, titiyang supados sami wangsula mantuk dhateng griyanipun piyambak-piyambak. Sasampunipun Sang Pangeran maringaken kawilujengan, lajeng anglajengaken tindakipun, kadherekaken abdi titiga bektan saking Mataram tuwin gandhek kakalih.

Mireng dhawuh pangandikanipun Sang Pangeran, titiyang ingkang sami ndherek wau sami kamitenggengen boten saged ngucap, lan titiyang wau taksih sami kendel wonten ing ngriku, dereng purun mantuk, anamung sami ngawasaken kemawon dhateng tindakipun Sang Pangeran. Sareng sampun boten katingal, titiyang saweg sami purun mantuk dhateng griyanipun piyambak-piyambak, kaliyan kararantaning manah. Sang Pangeran laju tindakipun.

Sareng sampun sawatawis dinten saking linggaripun Kangjeng Pangeran Bumidirja inggih Kyai Bumi, ngestokaken dhawuhipun. Kangjeng Pangeran, saking sarujukipun titiyang kathah, sarehning tutrukan ing Kebumen wau dhusun ageng lajeng kaperang kadadosaken 8 dhusun. Naminipun dhusun miturut naminipun ingkang dados sesepuh, inggih punika dhusun ingkang dipun sepuhi Dipareja tetep nama dhusun Kebumen. Ingkang dipun sepuhi wirayuda, nama dhusun Kawirayudan. Ingkang dipun sepuhi Basek, nama dhusun Kebasekan. Ingkang dipun sepuhi Trama, nama Ketraman. Ingkang dipun sepuhi Tamana, nama dhusun Ketamanan. Ingkang dipun sepuhi Banar, nama dhusun Kebanaran. Ingkang dipun sepuhi Mangu, nama dhusun Kemangunan. Ingkang dipun sepuhi Ketug, nama dhusun Ketugon. Nanging sadaya wau sami anglurah dhateng Dipareja ing Kebumen. Saking anggenipun anglurahi pinisepuh 7 dhusun wau, Dipareja lajeng katelah nama Glondhong, punika saking cekakan tembung glondhong pengareng-areng, tegesipun bulubekti saking kareh-rehanipun. Dene sesepuhipun ingkang 7 wau lajeng karan lurah. Namanipun dhusun-dhusun wau taksih lestantun dumugi samangke.

Amangsuli tindakipun Kangjeng Pangeran Bumidirja, inggih Kyai Bumi, sareng dumugi ing dhusun Lerep, lajeng ngasokaken sarira, lerep sadalu. Enjingipun anglajengaken tindakipun, temah saged manggih padunungan ingkang pasitenipun sae kadosdene pasiten tutrukan ing Kebumen. Kyai Bumi lajeng dudunung wonten ing ngriku, inggih ing dhusun Karang, gandhek kakalih boten kantun.

Kacariyos Ingkang Sinuwun ing Mataram ndangu dhateng Papatih Dalem, dene utusan abdi gandhek kakalih sampun lami dereng sami dhateng. Rekyana Patih munjuk, saking aturipun cundaka bilih paman Dalem Kangjeng Pangeran Bumidirja, katimbalan kondur boten karsa, sampun kraos sugeng anglugas raga sacaraning titiyang tani. Abdi Dalem gandhek kakalih katrem ndherek Kangjeng Pangeran, margi ajrih yen umantuka.

Ingkang Sinuwun nunten utusan malih utusan abdi kinasih kakalih, nama Udakara lan Surakarti. Nanging Kangjeng Pangeran Bumidirja inggih meksa mogok boten karsa kondur. Udakara tuwin Surakarti ugi lajeng boten wangsul dhateng Mataram malih, amargi inggih saking ajrih, lajeng katrem sami ndherek Kangjeng Pangeran wonten ing dhusun Karang. Kangjeng Pangeran Bumidirja lestantun asma Kyai Bumi, sarta tetep dadalem ing dhusun ngriku, makaten ugi gandhek kakalih tuwin Udakara lan Surakarti, ugi lestantun ndherek nunggil sadhusun, boten saged pisah kaliyan Kyai Bumi.

Kala samanten Kyai Bumi sampun apuputra 4, pambajeng nama Kyai Gusti, panenggak Kyai Bagus, pandada Nyai Ageng, warujunipun Kyai Bekel. Sasedanipun Kyai Bumi, ingkang gumantos dados sesepuh ing dhusun ngriku putra ingkang waruju, inggih punika Kyai Bekel. Sasedanipun Kyai Bekel, ingkang gumantos dados sesepuh, putranipun ingkang nama Kyai Ragil. Dene putranipun Kyai Ragil nama Ki Honggayuda, punika dados Demang wonten ing dhusun Kutawinangun.

Mangsuli cariyos ing nginggil, putranipun Kyai Bumi (Pangeran Bumidirja), ingkang nama Nyai Ageng punika semah angsal Demang Wawar, puputra Ki Warganaya, ugi dados Demang anggentosi sepuhipun. Ki Warganaya putranipun ingkang estri kakalih, ingkang sepuh dados semahipun Ki Honggayuda Demang Kutawinangun, punika pinanggih sadherek misan. Ingkang nem kapundhut ampeyan (klangenan) Kangjeng Pangeran Puger, menggah sajatosipun ingkang kapundut ampeyan wau taksih putra kepenakan misan. Dene mula bukanipun makaten :

Salolosipun Kangjeng Pangeran Bumidirja, Nagari Mataram saya gonjing, lami-lami lajeng wonnten kraman Trunajayan. Ingkang Sinuwun Hamangkurat Agung linggar saking praja, kadherekaken putra Dalem Kangjeng Gusti Pangeran Adipati Anom, tuwin Kangjeng Pangeran Puger. Sareng tindakipun Ingkang Sinuwun dumugi ing Banyumas, Sang Prabu kacandhak gerah santer, dumugi ing sedanipun, kasarekaken wonten ing astana Tegalarum (Tegal). 

Sasampunipun Ingkang Sinuwun sumare, Pangeran Puger kondur dhateng Mataram sumedya ananggulangi kraman Trunajayan. Sareng konduripun dumugi ing Wawar, Kangjeng Pangeran Puger lereh, lerem angasokaken sarira wonten ing griyanipun Ki Demang Warganaya. Sareng Kangjeng Pangeran Puger priksa anakipun estri Ki Demang, ndandak sakala kataman turidasmara, lajeng anakipun Ki Demang wau kapundut ampeyan, ugi kacaosken, medali putra satunggal miyos kakung, nama Jaka Sangkrip. Jaka Sangkrip kapendhet anak dhateng Ki Honggayuda Demang ing Kutawinangun, margi Nyai Honggayuda wau kaleres sadherekipun sepuh ibunipun Jaka Sangkrip. Dados Jaka SAngkrib wau kapendhet anak uwakipun.

Kacariyos Ki Honggayuda Demang Kutawinangun, anakipun 6, dados sadaya wonten 7 kaliyan anak pekpekan pun Jaka Sangkrip wau. Jaka Sangkrip wayahipun jajaka tanggel, sanget kawelarsa margi nandang sakit katrapen waradin ing badan sakojur, boten wonten ingkang kadugi nyelak, margi saking gandanipun bacin balorongan. Patilemanipun saenggen-enggen, ing ngandhap pisang, kandhang, tritisan boten wonten ingkang ngopeni, para sadherek anakipun Ki Demang Honggayuda boten wonten ingkang sapa aruh.

Jaka Sangkrip sanget ing panalangsanipun, pupuntoning manah badhe kesah dhateng salebeting wana pados margining pejah, margi merang dhateng sanak sadherekipun anggenipun sami boten purun ngaken. Lampahipun Jaka Sangkrip sampun dumugi wana secelaking redi Geyong, kalebet ing tanah Panjer. Wonten ing wana ngriku sampun angsal 21 dinten. Jaka Sangkrip boten neda lan boten  ngombe. Jaka Sangkrip lajeng kadhatengan tiyang jaler sampun sepuh, amaringi susupe kapasangaken wonten ing darijinipun panuduh ing tangan tengen, kaliyan paring dhawuh supados tapa wonten salebeting wetenging maesa, sasampunipun mitungkas makaten, tiyang jaler wau lajeng boten katingal malih.

Jaka Sangkrip langkung kewran ing manah, amargi boten pinanggih ing nalar ingatasing tiyang saged lumebet ing wetenging maesa, nanging badhe maiben ajrih. Amila lajeng medal saking wana, lumampah dhateng padhusunan, badhe ngyektosaken kados pundi kadadosaning lalampahan. Sareng lampahipun dumugi sangajengipun griyanipun  Ki Rejatani, mak-greg kados wonten ingkang ngengetaken, mila lampahipun Jaka Sangkrip lajeng kendel wonten ing ngriku. Ki Rejatani wau sabobotipun tiyang dhusun kawical kacekapan, maesanipun wonten 2 rakit, sabinipun 4 bau. Ki Jaka Sangkrip ingkang kendel delog-delog wonten ngriku sumerep wonten kandhang ingkang ing nglebet wonten maesanipun 4, lajeng enget wewelingipun tiyang jaler wau, temah delog-delog amangu-mangu, ing batos mokal temen wewelingipun tiyang jaler wau, gek sarana lampah kadospundi sagedipun kaleksanan tapa wonten salebeting  wetenging maesa. Saweg dumugi samanten gagasanipun, tiyang jaler ingkang mitungkas Jaka Sangkrip, lajeng dhateng jleg tanpa sangkan, lajeng ambopong Jaka Sangkrip, saking rumaosipun Jaka Sangkrip, awakipun kalumahaken wonten gegering maesa. Sareng tiyang jaler  ingkang mbopong sarta nglumahaken wau boten katingal, Jaka Sangkrip mangretos bilih awakipun sampun wonten ing lebet wetenging maesa. Jaka Sangkrip sakalangkung ngungun, dene wonten kaelokan makaten punika. Punapadene sasampunipun wonten ing lebeting weteng maesa, Jaka Sangkrip boten kraos luwe tuwin ngelak, manahipun ayem tentrem, awakipun boten kraos sakit, sanadyan awakipun taksih kebak mamala.

Ki Rejatani ingkang gadhah maesa wau, ing satunggaling ndalu mrimpeni, bilih pasiten ing sangandhaping wit lo ing saler kilening griya sarta celak pategilan, punika karesikana, makaten ugi sakiwa tengenipun ngriku. Sasampunipun siti ing sangandhaping wit lo wau kakeduk. Punapadene kandhangipun maesa kapindhaha wonten ing kidul wetaning griya. Yen dipun lampahi ing wingking badhe manggih kabegjan.

Satanginipun saking tilem, Ki Rejatani anggagas anggenipun mrimpeni dipun panggihi tiyang sepuh jaler, sarta aken mindhah kandhangipun maesa lan andhudhuk siti sangandhaping wit lo, ugi badhe tumunten dipun tandhangi. Nunten ngundang anakipun jaler, supados nedha sambatan dhateng tangga tepalih ing ngriku perlu mindhah kandhang maesa. Boten watawis dangu wonten tiyang 7 dhateng, sasampunipun dipun sukani sumerep pamindhahipun lajeng dipun tandangi. Dene Ki Rejatani kaliyan anakipun jaler kakalih sami ngresiki pasiten sangandhaping wit lo lan sakiwa tengenipun. Sasampunipun resik, pasiten sangandhaping wit lo wau kadhudhuk. Sareng pandhudhukipun sadhengkul lebetipun. Kawistara wonten pambludaging toya, sarta sitinipun ambles, siti ingkang ambles boten kalajengaken pandhudhukipun, lajeng milihi ndhudhuk siti ingkang taksih atos, dene yen sampun katingal mbludag toyanipun lan sitinipun ambles, lajeng ndhudhuk siti ingkang taksih atos, makaten salajengipun. Cekaking cariyos saweg sadhengkul lebeting pandhudhukipun siti, wasana papan wau lajeng dados belik utawi sendhang, wiyaripun udakawis wonten 3M3, toyanipun sakalangkung wening.

Ing ndalunipun KI Rejatani ugi dipun primpeni malih, bilih maesa ingkang bule ulesipun, punika kabeleha kangge wilujengan dhusun, sarta sendhang wau ing saben dinten malem Jumuwah utawi anggara-kasih dipun sajenana sekar boreh lan kukutuga ambesmi dupa. Makaten ugi tiyang boten kenging adus utawi ngungumbah wonten ing ngriku. Dene tiyang ingkang kenging adus wonten ing ngriku, namung tiyang satunggal ingkang nama Jaka Sangkrip.

Rejatani angestokaken kalayan eklasing manah maesanipun ingkang bule kapragad kangge wilujengan dhusun. Sareng pamragadipun badhe ambedhah weteng perlu mendheti jerowan, lajeng kapireng suwantening tiyang wonten salebeting weteng maesa ingkang badhe kapendhet jerowanipun wau. Tiyang punika nyuwanten supados ngatos-atos anggenipun ambedhel weteng, amargi ing salebeting weteng ngriku isi tiyang.

Mireng suwanten makaten punika, tiyang ingkang mragad maesa wau lajeng nyukani sumerep dhateng Ki Rejatani, Rejatani sanget gumun enggal-enggal murugi, sarta lajeng pitaken dhateng ingkang nyuwanten, menggah nama tuwin kawijilanipun, punapadene mulabukanipun, dene wonten lalampahan ingkang sanget aeng utawi elok punika. Ingkang dipun pitakeni mangsuli, sarta mrasajakaken namanipun, yen piyambakipun nama Jaka Sangkrip, anggenipun wonten salebeting wetengipun maesa ingkang kapragad wau, amargi ngupados, pejah, jalaran gadhah sasakit badanipun sakojur boyehen boten mantun-mantun. Sanadyan piyambakipun sampun lumebet ing wetenging maesa meksa dereng saged pejah, mangka linampahan boten nedha lan ngombe.

Rejatani miring wangsulan makaten enget wewelingipun tiyang jaler wonten salebeting pasupenan, temah anggenipun ambedhah wetenging maesa katandangan Ki Rejatani piyambak kalayan sanget angatos-atos. Sareng sampun kabedhah, sanyata wonten tiyangipun, lajeng kabopong kabekta dhateng sendhang sangandhaping wit lo, lajeng kaedusan toya sendhang. Ki Rejatani boten wigih-wigih anggenipun ngosoki badan sakojur, rereged tuwin nanahipun ical, sasakitipun katrap anggegregi sami sakala, ing sapunika sampun sirna mamalanipun, badanipun sakojur alus boten wonten tabeting belang sakedhik-kedhika. Wiwit kesahipun Jaka Sangkrip dumugining dinten punika, kapetang sampun 45 dinten lampahipun boten nedha boten ngombe, mila badanipun tanpa kikiyatan.

Jaka Sangkrip lajeng kabopong kabekta lumebet ing griya dening Ki Rejatani, lajeng katilemaken ing salu wonten ing griya ngajeng. Kangge mulihaken kikiyataning badan sarehning sampun pinten-pinten dinten boten kalebetan punapa-punapa, lajeng dipun lebeti tigan mentah, sarta kasusul ngombe tajin. Jaka Sangkrip sampun radi kuwawi badanipun, sampun saged linggih. Sareng sampun kalebetan sekul, kikiyatanipun pulih kados nalika saderengipun sakit, andadosaken bingahing manahipun Jaka sangkrip ingkang tanpa pipindhan.

Jaka Sangkrip wonten ing griyanipun Rejatani angsal pendak dinten laminipun, badanipun sampun kiyat, lajeng nedha pamit dhateng Ki Rejatani badhe mantuk, kanthi suka panarimah anggenipun Ki Rejatani sampun anambak gesang, Jaka Sangkrip rumaos boten saged males punapa-punapa, namung Pangeran piyambak ingkang badhe anggganjar dhateng Ki Rejatani, ingkang ambeg darma saha welasasih ing sasami ingkang saweg manggih pakewed. Jaka Sangkrip mrayogakaken, sendhang ingkang toyanipun kangge ngedusi Jaka Sangkrib, manawi Rejatani sarujuk, dipun namanana Belik Kawarasan, kapendhet saking sasampunipun Jaka Sangkrib dipun dusi toya saking sendhang ngriku, ndadak sakala sasakitipun waluya jati. Ki Rejatani nayogyani, badhe kaestokaken, saha suka wilujeng salampahipun Jaka Sangkrip, sarta apiweling sampun ngantos lami-lami tutuwia malih margi sampun dados anak, sampun ngantos ewed-pekewed. Rejatani suka wilujeng sarta nguntapaken lampahipun ngantos sawatawis tebih, sampun pepengkeran lampahipun.

Sampun dados kalimrahan, saking wiraosipun bakul sinambi wara, karna binandhung, lidhah sinambung, undhaking titipan, sakedhap kemawon sampun kapireng dhateng titiyang ing dhusun-ngadhusun, sanadyan ingkang tebih-tebih, sarta ugi lajeng kapireng ing salebeting Nagari, bilih pakawisanipun Ki Rejatani wonten sendangipun tiban, toyanipun sakalangkung wening, namanipun Belik Kawarasan. Milanipun dipun wastani makaten amargi sadaya sasakit punapa kemawon, bilih ingkang sakit wau dipun dusi utawi ombeni toyanipun sendhang wau, sasakitipun saged waluya saras sanalika.

Wiwit punika ing griyanipun Ki Rejatani boten kendhat kadhatengan titiyang saking pundi-pundi prelu jajampi, ndadosaken suwuring namanipun Ki Rejatani, lajeng anambahi ing kacekapanipun. Sebab titiyang ingkang sami mriku temtu ambekta angsal-angsal rupi-rupi utawi awujud arta. Punapadene ingkang sampun nate jajampi mriku, sarehning sampun saras sasakitipun, saking bingah-bingahipun wonten ingkang lajeng kaul utawi nadar sarana wilujengan wonten ing griyanipun Ki Rejatani. Mila griyanipun Ki Rejatani lajeng kaagengaken, sarta katambahan pandhapi wujud griya wangun joglo, kacekapa kangge nampeni ingkang tamu, margi ingkang griyanipun tebih, salong wonten ingkang sami nyipeng. Punapadene Belik Kawarasan lajeng kapager banon mawi konten, yen ndalu dipun kunci, margi kuwatos bilih belik wau lajeng kangge adus utawi ngumbahi pangangge dhateng tiyang ingkang boten sumerep. Ki Rejatani namung tumindak pangatos-atos, miturut piwelingipun tiyang jaler sepuh salebeting pasumpenan, bilih Ki Rejatani kawaleran, sendhang wau boten enging pisan-pisan kangge ngumbahi utawi adus, kajaba namung kangge ngedusi Jaka Sangkrip piyambak kados ingkang kasebut ing nginggil. Yen kalampahan tinerak wonten ingkang adus utawi kukumbah wonten ing sendhang ngriku, toyanipun lajeng tawar boten kenging kangge njampeni tiyang sakit. Saking namaning Belik Kawarasan, dangu-dangu tembung Kawarasan wau lajeng mingsed dados namaning dhusun ingkang dipun griyani Ki Rejatani, sabab Ki Rejatani ing wingkingipun lajeng dipun dadoskaken Lurah wonten dhusun ngriku, dados sadaya padunung reh-rehanipun Ki Rejatani wau lajeng nama dhusun Kawarasan. (Nama Kawarasan ngantos sapriki taksih lestantun dados namaning dhusun ing ngriku, makaten ugi belikipun inggih taksih wonten, namung kemawon sampun boten karimat, toyanipun sampun ngabar boten kenging kangge jampi, margi ing papan ngriku utawi toyanipun lajeng dipun angge sapurun-purun dhateng tiyang kathah. Hewadene salong wonten tiyang satunggal kalih ingkang sakit, mrelokaken dhateng mriku, prelu jajampi sarana adus utawi ngombe toyaning belik).

Mangsuli lalampahanipun Jaka Sangkrip, upami wangsul dhateng Kutawinangun, rumaos rikuh sanget, margi sadherekipun sami boten sapa aruh, kekencenganing manah badhe lalana tambuh paraning sedya, namung nuruti salampahing suku. Wiwit kesah nilar saking griyaning tiyang sepuhipun, lajeng lumebet ing wana ngantos lumebetipun wonten ing wetenging maesa margi kapragad, ingga dipun edusi ing sendhang, kapetang sampun wonten 45 dinten laminipun, punika sampun manjing dados tapa-bratanipun, mila sampun wiwit katingal kramatipun. Sareng lampahipun Jaka Sangkrip nglangkungi tiyang badhe damel griya, ingkang saweg kawiwitan babaturaipun, ing ngriku Jaka Sangkrip ka’ampiraken, ugi dipun turuti. Tiyang ingkang gadhah griya tuwuh raosipun nedha pitaken, bab pepetanganipun wiwiting angadekaken griya lan sapanunggalanipun ingkang pinanggih prayogi. Ing ngriku Jaka Sangkrip ndilalah kaparingan wewengan papadhang saged mangsuli pitakenan-pitakenan wau, mangka ing suwaunipun, ngertos yen ngertosa, saweg mireng kemawon dereng. Jaka Sangkrip anglegani ngantos sawatawis dangu wonten ngriku. Sasampunipun cekap Jaka Sangkrip pamitan badhe nglajengaken lampah, kanthi suka sumerep yen dhusun ngriku kasukanana nama Kebaturan, punika murih tiyang sadhusun riku manggih wilujeng lan karejeken, sadaya tatanemanipun saged kamedalan. Tiyang ingkang gadhah griya wau nginggihi sarta badhe suka sumerep kaliyan Lurahipun ing dhusun ngriku.

Jaka Sangkrip nglajengaken lampahipun, sareng dumugi papan ingkang kathah kambanganipun, ingkang saweg dipun engen, lajeng cariyos dhateng tiyang sacelakipun ngriku, bilih dhusun wau kanamakaken Kabebekan, supados kasanjangaken dhateng Lurah ing dhusun ngriku, yen tinurut badhe manggih kawilujengan lan reja dhusunipun. Mrangguli malih papan ingkang kathah mendanipun, lajeng kasukan nama Kawedhusan. Boten tebih ngriku, lajeng saged sasarengan kaliyan tiyang ingkang lumampah, sajakipun kasesa-sesa, lajeng dipun takeni, tiyang ingkang dipun pitakeni amangsuli bilih piyambakipun dhukun badhe mitulungi tiyang sakit mentas gadhah lare kembar. Mireng wangsulan makaten wau, Jaka sangkrip lajeng mendhet ron dhadhap ing pager sapinggiring margi ingkang dipun langkungi, ron dhadhap wau kapusus, toyanipun kangge medhaki wetengipun ingkang sakit, Insa Allah saged mantun sakitipun. Jaka Sangkrip meling, dhusun ngriku kasanantunana nama dhusun Kembaran, lan bayi wau kanamakna Dhadhap lan Waru, ing tembe manggih kreta dhusunipun, lan lare wau manggih wilujeng sugih rejeki. Punapa sapakenipun Jaka Sangkrip dipun tindakaken dening dhukun, sareng ingkang sakit dipun wedhaki pususan ron dhadhap,sakala mantun. Dhukun eram, nginten bilih tiyang wau Wali pinuju langkung, mila punapa sawontening lalampahan ingkang mentas katindakaken sarta piwelingipun Jaka Sangkrip dipun pajaraken dhateng Lurahipun ing ngriku. Jaka Sangkrip lajeng lampahipun mangilen nyabrang lepen Lukula. Boten tebih saking sabrangan ngriku, Jaka Sangkrip sumerep tiyang saweg ngrimat sawungipun ules wiring jene, jengger telon, Jaka Sangkrip nyelaki sarwi maspadakaken, kawistara sawung wau sae sanget katurangganipun. Temah mituturi dhateng tiyang ingkang gadhah sawung wau bilih sawungipun punika sae katurangganipun saged angrejekeni. Dene wateking dhusun  ngriku,murih kertanipun, dhusun wau kasantunan nama Pajagoan. Ingkang gadhah sawung sanget bingah dene angsal paseksen bilih sawungipun pancen sae katurangganipn. Dene anggenipun dhusun ngriku supados kapindhah nama, ugi badhe dipun sanjangaken dhateng Lurahipun. Jaka Sangkrip terus mangidul lampahipun, dumadakan mireng tiyan estri paben saklangkung sora, lajeng sami uleng, kasapih tatangganipun, ingkang paben lajeng kendel. Tiyang ingkang nyapih wau lajeng dipun pitakeni dhateng Jaka Sangkrip, sebabipun sami papabenan, dipun wangsuli menawi pabenipun wau jalaran saking rebat sihipun ingkang jaler. Sabab tiyang jaler wau pancen bojonipun kathah, bojo ingkang kalih kakempalaken, inggih ingkang paben punika, dene bojo ingkang enem griyanipun pisah miyambak. Jaka Sangkrip lajeng cariyos, bilih dhusun ngriku kagantosa naminipun, kantunan nama Kawayuhan, murih boten wonten tiyang wayuh. Ki sanak, sampeyan sanjanga dhateng Lurah sampeyan. Jaka Sangkrip nglajengaken lampahipun mangilen, sareng dumugi padhusunan ingkang dhadhahipun (pager) sami kataneman wit puring, lampahipun Jaka Sangkrip kendel, margi kadalon, lajeng nyipeng wonten griyanipun Lurah dhusun ngriku. Ing wanci gagatrahina Jaka Sangkrip pamitan badhe anglajengaken lampah, sarta suka pamrayogi dhusun ngriku ingkang dipun sipengi wau, murih ing dhusun ngriku  saged tentrem, kasantunana nama Puring, Lurah dhusun wau ugi nyagahi badhe karembag kaliyan tiyang sadhusun.

Kacariyos dhusun-dhusun wau, namanipun ugi sami kasantunan miturut nama-nama pakenipun Jaka Sangkrip. (Namaning dhusun-dhusun wau saingga sapriki taksih tetep boten ewah).

Jaka Sangkrip nglajengaken lamapahipun mangilen dumugi ing Karangbolong. Ing Karangbolong ngriku kacariyos papan panggenaning para dhemit, setan, peri-perayangan. Jaka Sangkrip manggih guwa lajeng dipun lebeti, inggih ing ngriku punika ingkang nama guwa menganti, kahyanganipun ratuning dhedhemit nama Kyai Kreta. Jaka Sangkrip mati raga wonten ing ngriku, sareng sampun angsal 7 dinten 7 ndalu, kagodha para dhemit, Jaka Sangkrip panggah tan mobah mosik, cabaring gogodha Kyai Kreta dhateng kaliyan nyukani cemeti, ageng kasiyatipun, boten kenging kasor yen mengsah kaliyan sasamining manungsa. Kyai Kreta lajeng mangsit sadaya kawontenan ingkang badhe linampahan.Jaka Sangkrip langkung suka, saha atur sanget ing panarimanipun, Kyai Kreta sampun boten katingal saking pandulunipun Jaka Sangkrip.

Jaka Sangkrip tumunten medal saking guwa nedya dhateng wana Moros kados wangsitipun KyaiKreta, lampahipun mangetan, ugi sampun dumugi papan ingkang sinedya. Ing Moros punika wana greng gung liwang-liwung, angkeripun ngudubilahi, jalma mara, jalma mati, nanging Jaka Sangkrip boten gigrig sarambut. Jaka Sangkrip sampun wonten satengahing wana, milang-miling ngupadosi papan ingkang kawangsitaken Kyai Kreta, boten dangu pinanggih, lajeng kendel, ing wektu punika sampun ngajengaken wanci sandyakala suruping Hyang Surya.

Ing wanci ndalu kathah ungel-ungelan suwantening satowana, ingkang sanget ngajrih-ajrihi, nanging tumraping Jaka Sangkrip, makaten punika dede barang-barang. Saya dalu hawanipun saya kekes tumanduk raosing badan, suwantening sato galak sajak nggegirisi. Katungka dhatening prahara sindhung riwut anampeg kakajengan ageng-ageng, suwantenipun gumerot gumrebek kados ambedhah-mbedhahna kendhanganing karna, lajeng geter prakempa, kilat tatit liliweran, bumi gonjing, Jaka Sangkrip muntu cipta ameleng sawiji boten obah mosik asrah pandoning Hyang kang Murbeng Jagad, sasireping gara-gara jleg tanpa sangkan wonten wanara seta sakalangkung ageng ngadeg sangajengipun Jaka Sangkrip,sarwi angisis-siyung, lajeng nyandhak bangkekanipun Jaka Sangkrip, temah pancakara. Jaka Sangkrip karepotan boten angsal papan, enget gadhah cemeti ingkang saking Kyai Kreta, enggal katamaken dhateng wanara ingkang goragodha, kataman cemeti wanara ambruk tan saged anggulawat, babayunipun kados dipun lolosi raosipun, temah tobat nedha pangapunten sarta nyukani pratondha ingkang minongka patobatipun wau, ugi sampun ingapunten.

Wanara wau mrasajakaken bilih dados nayakanipun Kangjeng Ratu Kidul, nama Kombangaliali, dhatengipun ing ngriku pancen dapur ingutus Kangjeng Ratu Kidul kinen anggogodha. Sarehning sampun kapara nyata yen Ki Jaka Sangkrip pinunjul, samangke Ki Jaka Sangkrip kaparingan tumbak dening Kangjeng Ratu Kidul. Punapadene samangsa-mangsa manggihi pakewed, tumbak punika katancepna ing siti, ing ngriku piyambakipun tumunten dhateng sanalika tutulung. Punadene saking dhawuhipun Kangjeng Ratu Kidul Ki Jaka Sangkrip namanipun kapundhut, lajeng kaparingan nama Ki Surawijaya. Makaten ugi dipun jateni, bilih Ki Honggayuda ing Kutawinangun, punika dede tiyang sepuhipun, punika kaprenah bapa uwa, kabekta saking ibunipun Ki Surawijaya punika rayinipun Nyai Honggayuda. Dene sanyatanipun ingkang ngukir Ki Surawijaya punika satriya putranipun Nata ing Mataram, inggih punika Kangjeng Pangeran Puger, ing sapunika anyatriya wonten ing Nagari Kartasura. Ki Surawijaya tumuntena wangsul pinanggih ibunipun ingkang taksih winengku ing tiyang sepuhipun, inggih punika Ki Demang Warganaya ing Wawar. Dhasar ibunipun saweg nandhang prihatos ngajeng-ajeng dhatengipun Ki Surawijaya. Sasampunipun telas piwelingipun, Kombangaliali musna boten katingal, wangsul dhateng saganten kidul.


# wonten candhakipun ….. .

 
Design by Free WordPress Themes | Bloggerized by Lasantha - Premium Blogger Themes | cheap international calls